CakNun.com

Doni Kunthing

Sinau Bareng Mbah Nun, KiaiKanjeng, dan BKKBN, Ponpes Segoro Agung Trowulan Mojokerto 26 Desember 2022
Emha Ainun Nadjib
Waktu baca ± 10 menit
Doni dan Saryanto. Foto: Adin (Dok. Progress)

Pengantar

Sinau Bareng ini digelar dalam rangka ”Doa Akhir Tahun 2022 dan Promosi Kesehatan Reproduksi dan Percepatan Penurunan Stunting (Gizi Buruk Anak) berbasis Pondok Pesantren bersama Mitra Kerja”. Acara diselenggarakan oleh Pondok Pesantren Segoro Agung memfasilitasi program Badan Kependudukan dan Keluarga Berencana (BKKBN) RI.

Merespons tema stunting atau kondisi gagal tumbuh kembang bayi dalam usia 1000 hari pertama kehidupannya di mana program percepatan penurunannya diamanatkan kepada BKKBN, melalui dramatic reading secara sangat serius mengedukasi kita untuk melihat stunting dalam ragam sudut pandang, tidak secara sempit dalam pengertian medis-fisikal belaka. Bahkan anak-anak yang mengalami stunting juga dilihat dalam perspektif kemanusiaan yang lebih luas secara empatik.

Lebih dari itu, dalam caranya yang khas Mbah Nun mengajak kita melihat bagaimana stunting-stunting juga terjadi dalam bidang-bidang yang lain: politik, keagamaan, kebudayaan, sosial, dan lain-lain.

Buyut Irodat
Putu-putuku kabeh. Coba Buyut Irodat tak ngrungokke kowe kabeh nembang, nyanyi opo selawatan sakkarepmu. Wengi iki kok aku kepingin mat-matan…. Tak leyeh-leyeh ngrungokke swarane putu-putuku….

KiaiKanjeng dan Imam Fatawi membuka dengan nomor “musik” lengkap.

Buyut Irodat
Wah wah wah. Jebul ampuh tenan. Swaramu kok koyo penyanyi sing jenenge Rama-Rama kae….

Kurniawati
Rhoma Irama, Yut.

Doni
Oma Irama!

Buyut Irodat
Lho Oma Irama opo Rhoma Irama?

Kurniawati
Nggih leres sedoyo, Yut. Asline Oma Irama. Terus munggah kaji. Lajeng jenenge dados Homa Irama. Lha mergo beliau niku Raden, dadose R Homa Irama, utawi Rhoma Irama

Buyut Irodat
Dadi yo Kaji yo Raden?

Kurniawati
Nggih Yut

Buyut Irodat
Wah ampuh tenan.

Kurniawati
Niku penyanyi pelopor aliran Dangdut.

Doni
Genre Dangdut

Kurniawati
Lha putu njenengan Imam Fatawi niki nate dados Juara Karaoke Dangdut, nglagoaken lagu MUSIK niku wau

Buyut Irodat
Ning dangdut kuwi rak ora asli Jowo. Lha awake dewe kabeh iki rak wong Jowo

Kurniawati
Lho ancene kulo tiyang Jawi. Putu-putu njenengan niki Wong Jowo sing Mboten Kelangan Jawane….

Buyut Irodat
Nek ngono buktekke nek kowe iso nembang Jowo.

Coba tak rungokke….

Kiaikanjeng membunyikan “Ling Eling Siro Menungso” nyambung ke “Fix You”.

Buyut Irodat
Nanging kok ono boso Londo-ne? Putu-putu, Buyutmu iki generasi Jadul. Buyutmu iki kegolong manusia purba, penduduk era proto sejarah. Podo karo Mbahmu Geol kae pancen sesrawungane karo Dinosaurus Mojokertensis, Brontosaurus Ngayogyatensis, nek Buyutmu Irodat iki Kamtosaurus Dipowinotensis.

Kurniawati
Kulo sakdulur sedoyo niki nggih paham menawi Buyut Irodat lan ugi Mbah Geol niku terose termasuk Manusia Pra Sejarah. Tapi lha yoknopo malih, Yut. Kulo sakdulur niki ancene asli lare sakniki.

Doni
Kids zaman now istilahe, Buyut Irodat.

Buyut Irodat
Wis ngene wae. Saiki kabeh sinau seko wiwitan wae. Honocoroko opo Alifbata opo opo wae sakkarepmu

Kurniawati
Saiki Doni sing nyanyi. Jajal awakmu Don, sinau teko kaitan, pelajaran sing paling awal….

Doni
Nyanyi nopo Mbak Nia

Kurniawati
Yo sinau kit kaitan iko. ABCD ta ALIF BATA ta opo sakkarepmu. Cek awakmu gak ketinggalan karo konco-koncomu. Sing sregep sinau, sregep Latihan….

Kiaikanjeng dan Doni membawakan “ABCD” lengkap.

Buyut Irodat
Iki mau swarane putuku Doni?

Kurniawati
Nggih, Yut. Ancene Kulo kengken sinau sing sregep.

Buyut Irodat
Ha yo ora ming Doni. Kowe kabeh putu-putuku kudu tansah sinau sing sregep. Urip iki playune banter. Nek kowe keset sinau, ngko kowe keponthal-ponthal balapan musuh kahanan, ketinggalan jaman….

Doni
Dados kulo kedah sregep jogging, Yut?

Buyut Irodat
Lho yo ora bab mlayu. Sing kudu balapan ki pemahamanmu. Nalar pikiranmu. Mulo apik kowe mau mbaleni sinau ABCD.

Kurniawati
Mboten mbaleni, Yut, ancene Doni niku kait saget ABCD. Rodo lambat adik kulo niki. SD mawon mboten munggah ping bolak-balik. Sampak sakniki, awake mpun SMA, tapi pikirane tasik SD.

Buyut Irodat
Doni, Thole, opo’o kowe kok alot temen lehmu sinau?

Doni
Biasa mawon, Yut.

Buyut Irodat
Lho jare Mbakyumu Kurniawati kowe iki rodo ngengng….

Doni
Mbakyu kulo Nia niki mpun kadung ngarani kulo niki lare bodo.

Buyut Irodat
O ngono. Lha kowe dewe ngroso bodo opo bundhel opo ora?

Doni
Nek prasa kulo niku sawang-sinawang, Yut

Buyut Irodat
Sawang-sinawang piye?

Doni
Mbakyu kulo Nia niku mpun kadung stigmatik ten kulo

Buyut Irodat
Stigmatik kuwi opo?

Lainnya

Jagat Pasinaon dan Sarjana Kehidupan

Jagat Pasinaon dan Sarjana Kehidupan

Manusia diberi kemerdekaan untuk mengikuti kemauannya sendiri. Di sekolahan-sekolahan, itu namanya Free Will. Hanya saja, demi keselamatan masa depannya, manusia jangan semau-maunya nuruti wudelnya sendiri saja. Jangan adigang adigung adiguna.

Emha Ainun Nadjib
Emha Ainun Nadjib
Syukur Aku Manusia (Jepara)

Syukur Aku Manusia (Jepara)

Jepara Sinau Bareng. Belum tentu daerah lain penduduknya nglumpuk Sinau Syukur. Apalagi Jakarta, hampir mustahil bikin Sinau Bareng seperti Jepara.

Emha Ainun Nadjib
Emha Ainun Nadjib