CakNun.com

UKG Online

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 5 menit

Isuk-isuk age-age ngelen,
Mudun Badas njukuk palu
.”

“Bade lanopo, Dik Guru? Kon kadungarene nyusu-nyusu mundhut palu ten Badas,”

“Mboten nyusu, Man Gondo. Bade ngopi.”

“Lha kok ngangge ngelen? Sepeda udhut Sampean ten pundi?”

“Kulo wau namung parikan, nggih kidungan. Dereng mantun, Njenengan tanggleti.”

“Oalah, lha teruse yok nopo?”

Isu-isu UKG Online

Mbarakno ndas tambah ngelu.”

“Obat nopo OKG Onlen niku, kok mbarakno malah ngelu?”

“Senes obat, Man.”

“Lha nopo nek ngoten?”

“Uji Kompetensi Guru.”

“Pun dadi guru kok ujian-ujian malih?”

“Duko, Man. Karep kulo ngoten, nek pun kadung dadi guru ngeten niki, mbok pun. Cek nerusno laku ngenteni pensiun. Mbok sing anyar, calon guru mawon dipinterno sak pinter-pintere. Nek pun koyok kulo ngeten niki, diuji ping pinten mawon nggih pancet, mungkin tambah suwe tambah elek bijine. Diwulangi maneh yo wis gak nyaut. Anggite ilo, sing pinter-pinter nduk ndukur kono, termasuk sing nggawe UKG Online, nek mucal nggih koyok awake dhewe ngene iki.”

“Berarti peno wis espayet, Pak Guru.”

“Maksud Njenengan nopo Pak Lurah Besut?”

“Sampean niku guru sing pun kedaluwarso. Nek mie instan ngoten pun mboten oleh didol. Lha sampean kudune pun diparkir.”

“Maksud Pak Besut?””

“Sampean wis wayahe pensiun.”

“Lho dereng Pak Besut. Tasik seket kalih. Kirang wolung tahun.”

“Tasik seket kalih ta pun seket kalih?”

“Tasik seket kalih.”

“Tasik seket kalih, kirang wolung tahun, kok mboten purun dimulyakno pemerentah?”

“Mboten mulyakno niku, tapi mulosoro.”

“Mulosoro yok nopo? UKG ngoten kanggo guru sing ngerti akeh mulyakno guru. U = uakeh, K = kamulyan, lan G = guru. Nek kangge guru sing mboten ngerti, U = uakeh K = Kasangsaraning G = guru.”

“Lha Njenengan sing ngawur Pak Besut.”

“Ngawur yok nopo? Nek dawane istilag UKG niku lak Uji Kompetensi Guru, tapi tujuane nggih Uakeh Kamulyaning Guru.”`

“Mulyo napane?”

“Yo mulyo uripe.”

“Kulo ngeten pun kroso mulyo.”

“Mulyo niku regone awak, dados sing nyawang wong liyan. Koyok sampean niki wong apik ta wong elek, sing iso ngarani tiyang lintu.”

“Tiyang lintu nggih pun ngarani, menawi guru niku Soko Gurune Bangsa. Pemrentah malah njuluki Pahlawan Tanpa Tanda Jasa. Kirang mulyo yoknopo?”

“Leres, kados tuntunane agama menawi Suwarga wonten ngandape Tapak Sukune Ibu. Tapi nggih niku, mboten sedaya ibu mlebet suwargo. Ningali lelampah uripe. Guru nggih ngoten. Sedaya kedah mulyakaken guru, nanging mboten sedaya guru niku mulyo. Nggih manut lelampahe ndhidhik siswane.”

“Bingung kulo Pak Besut.”

“Mboten perlu bingung. Njenengan gocekan mawon paugeran sing wonten.”

“Paugeran agama nopo negara?”

“Nggih karo-karone. Sak niki kulo tanggleti Pak Guru.”

“Bab nopo?”

“Njenengan pun klebet Guru Profesional ta?”

“Pun Pak Besut. Kit riyin, gangsal tahunan.”

“Pun limang tahun angsal tunjangan profesionale.”

“Leres. Mangkane mboten sek blas nek dianaken UKG. Saget-saget ical mangke.”

“Jujur mawon kulo tanggleti. Isi lebete manah Sampean. Nopo Sampean kraos nek sampun profesional saestu dados guru niki?”

“Jane nggih dereng, tapi kathah-kathahe nggih ngoten.”

“Lha segi menopo sing Njenengan tasik kraos kirang?”

“Kuathah. Perangkat Pembelajarane kuathah, gonta-ganti, mbingungaken guru. Nopo malih diken ndamel karya tulis. Sing kedah ndamel komputer tambah mboten ngerti blas. Dadak sak niki ditambahi UKG Online. Jelas guru koyok awake dhewe niki kroso dipulosoro.”

“Lha sedaya niku kedah dilaksanaken?”

“Enggih.”

“Lha cara Sampean nyekapi yok nopo?”

“Njaitaken nggih ndandakaken.”

“Wah niki.”

“Nopoo?”

“Rejeki Sampean.”

“Nopoo?”

“Didamel maeme keluarga barang?”

“Nggih enggihlah. Kulo niki nomer siji keluarga.”

“Lha niku.”

“Nopoo?”

***

“Sampean wau mboten setuju UKG Online nggih, pak Guru?”

“Nggih Bu Lurah.”

“Nek saget nggih mboten usah nderek.”

“Dik Rusmini bendher pak Guru. Mboten perlu nderek UKG Online.”

“Kok ngoten?”

“Jare Sampean gak setuju? Kulo dukung pak Guru.”

“Lha nek kulo mboten angsal tunjangan profesional dos pundi.”

“Nggih mboten nopo-nopo.”

“Lha sing nyicil mobil kulo sinten?”

“Nggih Sampean.”

“Mboten cukup. Bayarane bojo kulo digawe maem pas-pasan. Bayaran kulo didamel nyicil Bank, tumbas karangan wulan wingenane dowo. Tunjangan kulo didamel nyicil mobil.”

“Nek mboten cukup, mobile mawon disade, sepedaan mawon.”

“Wah, Njenengan niki mulangi ajur-ajuran.”

“Mulangi keslametan Pak Guru.”

“Ngeten lho Pak Guru. Nek Njenengan kroso mboten profesional, nggih pun purun nrami tunjangan profesional. Niku rejeki wuto, mboten mbarokahi. Ketoke niku rejeki Sampean, tapi sak jane niku jatahe anak putu Sampean. Sakno anak putu Sampean mene-mene. Angel rejekine.”

“Tapi pemerintah purun maringi.”

“Tapi Sampean lak mbijuki pemerintah. Syarat-syarate njaitno kabeh.”

“Mosok ngoten se Pak Besut, Bu Rusmini?”

“Sampean ngandel ta mboten terserah mawon.”

“Lha yok nopo niki?”

“Ngeten lho pak Guru. Pemrentah niku, utamane ingkang ngayahi Guru Profesional lan kalebet UKG Online, nggadah tenggang rasa ten sedaya guru.”

“Maksud Njenengan?”

“Karepe ngoten, sedaya guru puruno ngowahi pola pikire. Puruno sinau. Soale sing penting niku atine nggrigah purun usaha minterno awak. Sing ditingali niku usahane, prosese kelawan ikhlase, syukur-syukur kelawan seneng. Masalah hasil, urusan mburi. Nek dereng lulus, ditingkataken malih ilmune. Dilakoni ae kelawan seneng lan ikhlas. Nek tetep gak nyaut, gak masalah. Kabeh nek bismillah niat apik golek ilmu, Pengeran Kang Mahaasih, mesthi welas asih nang Sampean.”

“Abote Pak Besut.”

“Abot kawitane, tapi dangu-dangu dados entheng. Pengeran sing kuasa ngubah krenteke ati. Menungso didawuhi, goleh ilmu kit bayi cenger nganti dilebokno kuburan.”

“Oalah… Bismillah, sinau!”

“Lha lak ngoten Pak Guru. Mugo-mugo digampangaken niat lan laku Sampean. Amin.”

***

“Lha yo, aku tambah heran, komputer kok tambah canggih. Gak nutut awak iki. Tapi iso gak iso tak lakoni sinau kelawan ikhlas. Abot-abote golek rejeki barokah.”

“Tantanganane jaman mesti tambah terus, cepete playune iso kaping ewonan dibandingno kesanggupane playune guru sing paling inovatif. Abad Komunikasi iki ketoke mbuktekno, nek teknologi informasi lan komunikasi mlayu karo deret ukur, sementara kapasitas guru mlaku karo deret hitung.”

“Ancene. Teknologi informasi lan komunikasi berubah tiap detik, karo temon-temon anyar sing ngedap-edapi, padahal mampune menungso tambah cumak tiap jangkah. Majune teknologi pesat polane onok akumulasi lan sinergitas menungso-menungso kreatif-inovatif nduk ndukur bumi, padahal ningkate kapasitas guru sifate individual.”

“Tapi ojok ngenyek Pengeran. Awake dhewe kudu yakin, nek gak mungkin uteke menungso gaweane Pengeran iki kalah karo teknologi informasi lan komunikasi sing cumak gaweane manungso. Uteke menungso luwih canggih lan sampurna. Jalaluddin Rahmat nduk buku Belajar Cerdas maparno data Uteke Menungso ngene: kira-kira abote 1,5 kg (kurang teko 2,5% abote awak), arupo 78% banyu, 10% lemak, 8% protein; nganggokno 20% energi awak, arupo 100 milyar neuron, 1 triliun sel glial, 1.000 triliun titik sambungan sinaptik, 280 kuintiliun memori. Potensine ngluwihi jutaan komputer Cor-i7. Pengeran Mahaagung. Ironise, kapasitas utek menungso sing gedhene ngunu, rata-rata cumak digawe kiro-kiro 3 – 5%. Mubadzir, tapi jik onok peluang aktivasi utek 95 – 97%”

“Mosok, se?”

“Temenan iki. Lha yo, jare Albert Einstein, menungso cerdas cumak iso nggawe 15% potensi uteke. Guru lan siswa masio gak iso nututi, pailing gak yo nyidheki. Carane karo maksimalno nggawene sinaps uteke dhewe, yaitu digawe mikir, maca, diskusi; cek gak kempel. Nurun, ngerpek, kopy-paste, ndandakno, njaitno podho karo ngempelno uteke dhewe.”

“Mbok, mbok, mbok… Mari melok PKG, omongane Pak Guru lan kancane malih seje. Nek ngene terus, ndunyane pendidikan Jombang tambah moncer. Gak kalah karo kutho liyane.”

“Niki lak polane Njenengan urek-urek terus, Pak Besut. Sing tak wedeni riyin, nyatane sedaya niku cumak angel kawitane.”

“Dereng semerep dalane. Soalipun sampun kroso kalah sak derenge perang.”

“Barang dilakoni. Biji elek UKG Online yo gak sedih, malah ngguyu. Soale akeh rewange. Nek gak ruh sing nguji awake dewe, operatore, isok ngemong sing tuwek-tuwek iki. Malih semangat belajar terus. Pol-polane yo iso.”

Ilmu katon Pak Guru. Gak nok angel. Nek ngene lak kenek digugu lan ditiru.”

Plandi, 28 September 2015

Lainnya

Biasakno Mbarek Cuntuhono

Biasakno Mbarek Cuntuhono

Wangi peno mesthi gak tau gelem kalah karo brengkesane.”

“Huaaaah… brengkesan kok wangi se, Sut?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Ajar Gak Pormal Ojok Diremehno

Ajar Gak Pormal Ojok Diremehno

Nang kali nggolek iwak wader
Digowo mulih, bojo sing ngolah
Nang kene iki sekolah wis mblader
Tapi jik akeh arek gak sekolah.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah