CakNun.com

Ujian Nasional Berbasis Komputer

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 4 menit

Guk Sian kate dodolan es puter,
Yuk Ika ngarani Guk Sian kemiso
Ujian Nasional jare gawe komputer
Nek SMK sumbare Mesti Iso!!!”

“Ojok takabbur. Kadare sekolah SMK ae kemenyek. Aku sing sekolah nduk SMA ae jik ketir-ketir.”

“Jok ngenyek awakmu. Kadare SMK.. lha anggitmu kedukuren SMA ta. Podho nda, saiki.”

“Podhone podho, tapi nek mari SMK langsung kerjo. Nek lulusan SMA akeh-akehe kuliah.”

“Masio lulusan SMK yo akeh sing kuliah, tapi sinambi kerjo. Moh ngrepoti terus wong tuwo. ”

“Tapi mbok nggak usah sumbar “SMK ISO!!!”

“Lha maksudmu iku sumbar sing kemenyek ngunu ta?”

“Iyo.”

“Yo nggawio sumbar dhewe. Tapi ngene ho, konco. SMK ISO!!! Iku sifate negesno tekad, gak niat sumbung. Boso kasare gae nggedhekno ati.”

“Oalah…”

“Awakmu lak ruh dhewe. Jumlah murid SMK saiki tambah mbludak. Golek ketrampilan, cek ndang iso nyambut gae, idhep-idhep ngewangi mak-pak. Kuliah ambek mlaku, nek karep, nek sempat. Lha nek gak disurung tekad SMK MESTI ISO!!!, kurang bumbune.”

“Tapi kate nganggo UNBK, yoopo?”

“Yo gak yok-yok. Ujian Nasional Berbasis Komputer utowo UNBK iku lak ilmu katon, duduk ilmune jin pri prayangan. Kudu isolah…”

“Aku salut tekadmu.”

“Tapi duduk bondo nekat lho.”

“Awakmu jurusan opo, se?”

“TSM. Teknik Sepeda Motor.”

“Duwe laptop?”

“Gak.”

“SMK-mu akeh komputere?”

“Gak. Onok, tapi gak nututi nek digawe UNBK.”

“Lha terus.”

“Mbuh nunut SMK endi… Jane SMP Negeri sebelah iku nduwe.”

“Yo gak oleh diselang. Anggite theke mbahmu, ta?”

“Lha lapo gakoleh? Tulung-tinulung iku lak wajib hukume.”

“Iyo bendher. Tapi mari iku lak digawe SMP yo UNBK. Lha nek rusak utowo kenek virus, yoopo.”

“Anggitmu arek SMK iku penyakit ta?”

“Yo gak ngunu. Iki barang teknologi, rawan rusak. Lha awakmu ae jare durung iso komputeran.”

“Tapi lak iso belajar.”

“Jare gak duwe komputer?”

“Nduk sekolahan lak onok siji loro.”

“Jumlah murite?”

“Suwidak.”

“Lha yoopo carane, murid suwidak, komputere loro. Setahun gak mari.”

“Iku lak jaremu.”

“Lha kok?”

“Guru-guruku masio bayarane thithik tapi dampingi muride ngantek bengi, ngentek nginep sekolahan, gak nok sambate. Atine malah seneng, angger murite iso.”

“Guru ta malaikat?”

“Yo guru, tapi malaikatan. Bengilesu yo ngliwet bareng, nyambel bareng, mangan bareng.”

“Jik tumon iki aku. Nganti mengkorok wulu jithokku. Jik onok yo wong uapik koyok ngunu?”

“Nduk ndeso ngene iki jik tumonlah. Nyatane guruku onok. Jane yo siji loro, Tapi guru liyane isin nek melok ngunu. Saiki dadi budaya sekolahan.”

“Lha awakmu wis iso opo?”

“Yo jik mulai iso mbukak ambek mateni komputer.”

“Lha ujian wis mben.”

“Gak mene, se?”

“Guyon ae koen iki. Anggitmu UNBK karo malaikatan ta?”

“Yo gakngunu. Engko wayahe UNBK lak yo wis iso.”

“Nekat temen awakmu.”

“Isone ngunu. Bismillah, nek Gusti Allah ngersakno, arek SMK MESTI ISO!!!

“Ojok ngunu. Kersane Pengeran iyo, tapi ikhtiar penting.”

“Isone ikhtiar yo ngunu.”

“Terus terang ae aku prihatin, jik onok sekolah sing koyok ngunu. Tapi aku salut tekadmu. Gak wedi blas, percoyo temen nek mesti iso.”

“Lha nek wedi ambek gak yakin, lak cotho.”

“Aku salut temen.”

“Gak ngenyek kenekaten neh?”

“Gak ngunu, aku kepingin belajar soal tekat nang awakmu. ”

“Lha lapo, belajar yoopo?”

“Nek sore ta bengi aku tak melok gabung belajar nang sekolahanmu.”

“Koen iki gendheng mangan tekat.”

“Gak ngunu. Iki temen. Aku nduk sekolahan gak kurang fasilitase. Guruku yo pinter-pinter, mulange enak. Nduk omah, njaluk opo ae dituruti. Tapi ngedepi UNBK kok jik mamang ae.”

“Terus tujuanmu opo?”

“Ngungkal tekad,”

“Nduk pasar akeh ungkal.”

“Ojo guyon.Aku iki temenan.”

“Nek temen yo ayuk.”

“Tapi aku takon. Aku oleh ta sinau bareng? Konco-koncomu ndang gak seneng. Gurumu ndang nolak?”

“Lha lapo gak seneng. Jelas olehe. Tak jamin.”

“Kancamu ancene rukun kabeh ta?”

“Yo rukun, lapo gak rukun.”

“Nek ujian yo rukun?”

“Maksudmu?”

“Yo wuruk-wurukan, turun-turunan?”

“Nduk sekolahanku nek ulangan ta ujian anteng. Gak kepikir jaluk wuruk, gak kepikir nurun. Kabeh mantep madep pikirane dewe-dewe, udhek-udhek memorine utek; ugo njaga tenange ati, gak gupuh, gak grusa-grusu.”

“He?”

“Ujian iku lak nguji pikiran lan atine pribadi murid. Nurun lan njaluk wuruk nggarakno ati rusak, pikiran mbundeli.”

“Yo iki sing nggarai.”

“Nggarai opo?”

“Nggarai awakmu nduwe tekad gedhe, percoyo diri, gak wedi blas.”

“Lha terus?”

“Aku tak melok sinau. Konco plekku tak jak gak popo ta? Kabeh cek nggowo laptope.”

“Sak karep.”

“Engkok laptopku ambek teke kancaku iso digawe latihan bareng-bareng.”

“Tapi sekolahanku gak iso suguh opo-opo.”

“Ga penting. Aku tak nggowo beras karo iwake. Melok masak bareng-bareng.”

“Temen ta?”

“Temen, Rek”

“Wani nekat?”

“Jelas nekate. Lha kok wuruki.”

“Ketemu engkok sore ta bengi nduk sekolahanku?”

“Oke. Sore ae, cekne suwe.”

***

“Reng, reng, reng…”

“Lho sopo nggruduk mrene iki…?”

“Oh, konco kulo sing kulo bejakaken wau, Pak.”

“ Kok akeh gembruduk?”

“Duko, sanjange bade ngajak konco pleke.”

“Trimoen, kon gabung ae ruang mburi.”

“Nggih, Pak.”

***

“Assalamualaikum.”

“Waalaikum salam.”

“Iki kok njanur gunung. Muridku kok tambah akeh. Klemis-klemis pisan.”

“Ya, Pak. Niki rencang-rencang saking SMA kalian SMK, wonten ingang negeri wonten ingkang swasta. Pingin belajar sareng ten ngriki.”

“Alhamdulillah. Murid-murid kene tambah dulur, tambah konco. Tapi opo gak kuwalik, murid sekolah gedhe sinau nang sekolah cilik, kumuh pisan…”

“Kadose mboten tersesat kok, Pak. Kulo pun kathah ngobrol kathah kalian Cak Mardiluhur. Ingkang pingin kulo angsu saking ngriki niku, yok nopo carane manah mboten sumelang, mboten was-was ing saklebete ngadepi UNBK.”

“Oalah. Ngunu ta?”

“Nggih Pak. Kulo pingin angsal kuncine kendhel, mboten ajrih malih.”

“Gak nok Le, sing perlu diwedeni, kejobo Pengeran Kang Murbeng Dumadi, yoiku Gusti Alloh Subhanahu Wataala. Lha tak delok kok podo gowo laptop kabeh, berarti lak wis lihai.”

“Leres, Pak. Saget didamel belajar sareng wonten ngriki.”

“Murid kene iki nembe nyandak, tak tlateni situk-situk. Akhire wis rodok iso kabeh.”

“Menawi ngaten. Matur sembah nuwun.”

***

“Lha yo. Padahal aku tambah mblajari awakmu kabeh. Tapi aku malih kroso tambah pinter. Wediku mulai ilang.”

“Yo iku Le sing diarani barokahe ilmu. Ilmu kok wulangno, gak kalong tapi malah tambah.”

Plandi, 17 Februari 2017

Lainnya

Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah