CakNun.com

SMK Sekolah Mari Kerjo

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 5 menit

Alkamdulillah, aku isok turu.”

“Opo-o Mo, Sumo Gambar? Kepikiran opo, isok turu ae kathik muni alkamdulillah. Biasae oleh rejeki akeh ae gak tahu ngucap ngunu.”

“Aku gak nyongko temen, Man Gondo. Wong thuthul koyok aku dikon mulang rek-arek sekolahan.”

“Temen ta iku?”

Alhkamduliiah, aku dipercoyo dadi guru.”

“Mulangi nggosip ancur-ancur ta?”

“Gak ilok Man.”

“Se poto-o.”

“Ciker, bungker, disamber bledhek temen nek aku mbijuk.”

“Sopo sing kate ngongkon awakmu? Gak dibijuk, wong nggudho awakmu ta?”

“Peno lak ruh se, Man Gondo. Sopo kathik ni-wani mbijuki Sumo Gambar, tak clurit pedhot gulune.”

“Ojo koyok ngunu. Iki jamane mbijuk-canggih. Ojo maneh masyarakat, petugas ae kalah sak tingkat ijazah mbijuke.”

“Lha anggitmu masyarakat karo petugas sekolah mbijuk ta, nganti kalah ijazah.”

“Maksude ijazah yo gak koyok Surat Tanda Tamat Belajar ngunu. Yo mari meguru oleh ilmu. Koen iku dikon sopo mulang? Sekolah opo?.”

“SMK.”

“SMK? Sekolah opo SMK iku, Mo?”

“Peno iku ketinggalan jaman kok Man Gondo. SMK iku yo Sekolah Mari Kerjo. Gak koyok SMA nek mari kuliah.”

“Onok ta jeneng Sekolah Mari Kerjo?.”

“Nyatane ngunu. Iku jeneng saiki. Biyen arane STM.”

“Ngawur koen iku paling…”

“Lapo kok rame Man Gondo karo Cak Sumo Gambar iki?”

“Sumo Gambar iki lho Sut, ngawur. SMK jare Sekolah Mari Kerjo.”

“Yo onok bendhere Cak Sumo, tapi onok klirune.”

“Bendher yoopo? Kliru yoopo?”

“Ancene bendher, SMK iku biyen arane STM, SMEA, lan SMKK. Salah sijine tujuane, tamatan utowo lulusane cek siap kerjo. Tapi kuliah yo kudu siap. Nek dawane aran SMK iku duduk Sekolah Mari Kerjo. SMK iku Sekolah Menengah Kejuruan. Diarep-arep, nek lulus wis siap kerjo.”

“Lha jare Sumo Gambar, deke kate mulang SMK.”

“Iyo ta Cak.”

“Gak mbijuk aku Sut. Aku wingi diparani guru SMK, kate titip muride, lha aku dikon mulangi.”

“Ohh… Iku arane Prakerin, Praktek Kerja Industri. Nek biyen istilahe PSG, Pendidikan Sitem Ganda. Tujuane siswa SMK cekne ruh yoopo rasane nduk dunia kerja dunia industri utowo diarani DUDI.”

“Kok ngerti awakmu Rusmini?”

“Yo moco-moco koran, ngrungokno radio, lan ndelok tivi.”

“Pinter bojumu Lurah Besut.”

“Nek gak pinter, peno biyen lak yo gak seneng.”

“Besut Lurahku, ojok mggugah macan turu. Nek aku kebimbang bojomu maneh, tambah ruwet ndunyo iki.”

“Syukurlah nek peno ngunu. Sepuroen omonganku.”

“Tak sepuro Sut, iki jik mambu riyoyo.”

“Nedhon nrimo Cak Sumo Gambar. Saiki balik nang arek sing Prakerin nduk usaha rongsokan peno. Kate peno wulangi opo?”

“Yo tak wulangi carane usaha rosokan.”

“Kate kok kongkom usung-usung, milah-milah, ambek ngresiki ta? Koyok kuli la-an.”

“Salah sijine ngunu. Wong nyambut gawe yo kudu gelem glutheh. Nek suthik yo tak cuthik. Males yo tak balekno nang sekolahan.”

“Ojok kosro-kosro Cak, engkok mlayu kabeh.”

“Lho iku lak contone sing paling elek. Sak joke anakku lulus kuliah, saiki usaha rongsokanku tambah kegiatan. Barang saiki gak cumak dipak didol maneh. Saiki sing jik kenek digawe opo yo disisihno. Anakku sing mulangi. Aku nganti heran. Iso dadi hiasan tembok, hiasan pot, lan liyane.”

“Apik iku Cak.”

“Regane yo ngunu, biyen tak paki thok, tak dol prasaku wis oleh bathi akeh. Lha anakku dodol, ditawakno mrono-mrene, dipasang nduk komputere; dadak sing pesen sak mbrek. Rodok kuwalahen jane. Tapi nek onok murid SMK ngewangi iki, yo iso nututi penjalukane wong tuku.”

“Lha yo, kemajuan peno cepet Cak Sumo. Aku lurahmu nganti gak ruh.’

“Lha SMK sing moro iku ruhe yo liwat internet jarene.”

“Aku lurahmu njalok sepuro maneh iki. Lha yo nganti gak ruh onok usaha anak peno sing wis maju.”

***

“Pak Guru, leres nggih siswa Njenengan Prakerin wonten Perusahaane Pak Sumo Gambar?”

“Lere Pak Lurah. Kaping setunggal, De Sumo niku lak saking Meduro, ingkang kesuwur ulet-ulet menawi nyambut damel. Kaping kalih, putrane pak De Sumo kreatif sanget, kathah panemune. Saget mawon manfaataken barang-barang bekas. Lha siswa SMK kula supados belajar nyambut damel tur ngangsu kaweruh bab recycling utawi daur ulang. Sampah disulap, dados barokah.”

“Sae, niku prakteke enterprenuer.”

“Terose para ahli, kamulyaane urip tiyang niku 45% ditentokanen kreativitasipun, 25% link utawi jaringan, 20% teknologi, lan 10% sumberdaya alam. Lha putrane Pakde Sumo niku kreatif sanget, mugio saget nular dateng lare-lare.”

“Amin Ya Mujibas Sailin.”

“Asline lare-lare nggih kathah sanget ingkang kreatif, cumak jarang sing angsal kesempatan.”

“Siswa berjiwa enterprenuer, mesthi saget berkreasi.”

“Untunge pemrentah mrioritasaken SMK. Mugi-mugi ditampa sing sae kalian masyarakat lan pemangku pendidikan.”

“Insya Allah saget Pak Guru. Awake dhewe kedah optimis. Sing penting nggih kedah kathah lan sering wonten event sing saget ngrangsang kreativitase guru lan siswane.”

“Leres Pak Lurah. Pun mulai dilampahi. Nek taun kepengker, lomba lan festival dimulai saking tingkat propinsi, mulai taun niki pun dilaksanaaken wonten tingkat kabupaten. Nek wingi-wingi peserta saking kabupaten nggih ditunjuk. Sak niki wonten seleksi ten kabupaten. Cuma nggih sing wantun nderek nggih tasik terbatas. Wonten sing ancene gak karep, Wonten sing ati kepingin, sukmo mboten nututi. Wonten sing wicanten kemepeten, dados persiapane mboten cekap. Wonten sing Kepala Sekolahe semangat, gurune nglokro. Wonten sing sekolahe karep sanget, Yayasane mboten ngijini.”

“Pancen sedaya benten-benten. Nek sing muride kathah kedahe nggih nderek Pak Guru. Biaya mboten masalah. Lha sing muride ngandape 100 lare, damel operasional mawon kirang, yoknopo ajenge nderek ngguyupi.”

“Nggih, mboten pareng maido. Tapi kulo yakin, nggar kedhik mesthi tambah kathah sing nderek partisipasi.”

“Sedaya kedah mikir dowo. Mboten namun maringi simpati dateng sing pun nderek partisipasi. Sing dereng saget nderek nggih kedah diparingi empati. Yoknopo umpami kita ngalami kahanan kados sekolahan sing dereng saget nderek.”

“Leres sanget. Pun namung ngelem lan maido, ugi kedah ngraosaken sedaya kahanan.”

***

“Tapi sing mboten kalah pentinge nggih masalah kurikulum, klebet silabuse.”

“Maksud Njenengan?”

“Mantun diontang-anting Kurikulum 2013 kalian Kurikulum KTSP 2006, sekolahan nggih rodok klenger. Ngelu, linu, sep-sep campur aduk dados setunggal.”

“Kok saget?”

“Kedawan menawi dibahas ten ngriki. Sak niki sing kathah sekolahan mbalik ten Kurikulum KTSP 2006, tapi terus balik kucing dateng Kurikulum 2013 malih. Tapi nggih niku, kathah-kathahe nggih dereng paham dateng kurikulum niku. Kedahe tiap sekolahan mboten sami, soale kondisi tiap sekolahan nggih mboten sami. Prakteke, tasih kathah sing niru plek sekolah lintune, sing kondisine kadang bumi langit. Pokoke ono blegere silabus, wis gugur kewajiban.”

“Benten-benten ta?”

“Nggih benten. Kathah-kathahe sing nolak Kurikulum 2013 cumak polene mboten purun tambah repot, sementara mbalik Kurikulum KTSP 2006 nggih mboten patek paham.”

“Lha yok nopo cara nyiapaken siswa mandiri, berjiwa enterprenuer, ingkang siap kerja?”

“Kulo nggih bingung. Ten lapangan kathah-kathahe ngoten, kecuali sekolah-sekolah sing pun ageng.”

“Kok kedhah mboten sami dos pundi?”

“KTSP niku lak Kurikulum Berbasis Satuan Pendidikan. Dados tiap Satuan Pendidikan utawi sekolah nggih kedah nyocokaken kahanane sekolah. Fasilitas sekolahan, keuangan sekolah, kompetensi guru, kahanan murid, lan lintune kedah dados itungan.”

“Waduh, bingung kulo.”

“Ugi maceme jurusan. Kadang pelajaran IPA, Kimia, Fisika, Kewirausahaan, lan lintune kedah nyesuaiaken dateng jurusane. Jurusan Golongan Teknik, Kepariwisataan, Utawi Bisnis mboten sami butuhe isi pelajaran ten nginggil punika. Sekolah sing nggadah Laboratorium kalian mboten nggih benten. Pokoke kedah nyesuaiaken. Nek mboten akhire nggih kathah nggesahe. Nopo malih ningali keluhan Dunia Usaha Dunia Industri sing didereki Prakerin, alasane siswa mboten siap kerja. Sing nglarakno ati nek diarani kurukulume menclek. Tapi yoknopo dereng singkron sanget antara Dunia Pendidikan SMK kalian Dudi. Kadose sekolah kedah nyesuaiaken piyambak-piyambak.”

“Lha terus dos pundi?”

“Nggih nggar kedhik dibenahi.Kedhah terus berubah nggih.”

“Cek mboten Jumud, mandheg, stagnan. Supados dinamis.”

“Nggih Pak Guru. Menungso mawon awit lethang-lethang, mengkurep, ongkong-ongkong, mbtangkang, ngadek, trantanan, mlaku, mlayu, ngentek thuyuk-thuyuk malih.”

Plandi, 28 Juli 2015

Lainnya

Mbulete Utang

Mbulete Utang

Nduk njero blumbang akeh iwak sepate.
Onok bethik siji, gak tumon ngambang
.”

“Jik yahmene wis bakas iwak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah