CakNun.com

Sepur(on)e Sing Duwowo

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 4 menit

Sepuroen salahku sing wo-dowo, Man Gondo.”

“Oalah Mo, Sumo. Wong tuwek sing wis mesti kanggonan salah. Aku yo ngunu, sepure sing duwowo-wo, eh sepurone nang awakmu. Aku wis kakehan ngrewuk.”

“Do-podo, Man. Rusmini endi, Man?”

“Nduk mburi, tamune sak mbrek. Nango mburi, mesisan riyayan nang Besut.”

“Gak katene, Man. Rusmini ae celukno.”

“Rusmini munu Bu Lurah, Mo. Repot ndampingi Besut nrimo wargane riyayan. Nango mburi.”

“Tuwek endi aku karo Besut? Kudu Besut sing moro nang aku. Atiku durung nrimakno, Rusmini direbut.”

“Sing biyen-biyen wis talah. Iki dino riyoyo, dino becik.”

“Gak ngunu, Man. Njanget nduk atiku. Dongkol sak pol-pole, Man.”

“Ambakan awakmu lak pamonge Besut, pembantune Lurah yo diarani Kades. Wis trape nek awakmu sing moro.”

“Urusan pemrentah gok nok hubungane, Man. Lha nek ro-sepuroan urusan menungso.”

“Olaopo kok bedak-bedakno. Urusan pribadi, urusan pemerintah pada-pada urusan menunngso Besut karo menungso Sumo Gambar. Nek diurus urusan pemrentah, salahmu mbeler setor karo mangan duwik pajek jelas gak kenek disepuro, Gak usah ta, mbedak-mbedakno urusan. Sopo sing kober yo moro-o. Besut munu nek kober mesti marani awakmu. Iki tamune gak nok lete. Bengi engkuk mesti mijetno.”

“Lapo kathik jet-pijet barang?”

“Olehe salaman gak nok lerene, nganti jimpe tangane. Sing gerang-gerang ae sak munu kehe. Durung arek cilik-cilik, medet, barisane sak sepur Bima.”

“Iku duk alasan, Man.”

“Repot musuh awakmu. Riyoyo ngene iki ojok kakehan kalkulasi harga diri. Ayo royokan ngalah.”

“Kit mulai kapan awak peno mbelani Besut ti-matian ngene, Man Gondo?”

“Gak mbelani, riyoyo ngene iki ayo pada noto ati, mbeningno pikiran. Ojok malah kok burengno.”

***

“Oo… ono tamu ta iki maeng? Wis suwe ta Cak Sumo?”

“Wis, ngantek jamuren, Rus. Iki aku njaluk sepuro nang Man Gondo.”

“Ngertio ngunu aku nemoni kit maeng, Cak. Sepurane sing akeh yo Cak Sumo.”

“Lho tanganmu kok gemeter? Opo atimu nek pethuk aku jik ndhredhek?”

“Kegedhen rumongso koen iki Mo.”

“Anu Cak, kakehan salaman, ngantek koyok keple. Iki maeng saking gak kuwate, aku pamit nang mburi.”

“Oh… tak pikir jik onok neng-seneng nang aku… Tiwasan atiku plong… ndadak saiki buntu maneh.”

“Kit biyen aku lak seneng karo peno se Cak Sumo?”

“Hah…?!”

“Seneng dadi dulur, dadi konco.”

“Oalah, Rus.”

“Ojok nduwe pikiran sing ogak-ogak ta Cak Sumo. Peno ambek aku wis rumah tangga dewe-dewe.”

“Pikirku yo ngunu, tapi atiku iki kok iwuh temen.”

“Yo wis ta Cak. Peno ombe sak onoke. Peno incipi jajane. Gawenanku dewe.”

“Iyo ta Rus? Oleh nggowo mulih ta iki? Kabeh iki gawenanmu?”

“Nek arep monggo ae. Sing gawenanku yo keciput iku. Liyane iku paringan tekok dulur-dulur.”

“Kok gak jajan blek-blekan?”

“Blek-blekan wis mblader, Cak. Nek iki lak jajan gaweane wargane dhewe.”

“Nek aku yo lih-pilih jajan pabrik. Pantes.”

“Peno kuwalik. Kudune peno luwih bangga nyuguhno jajan gaweane wong kene dhewe. Ambekan nek tuku nang warga kene, dhuwike lak mubeng ae nduk kene, mlebu nang kendhite wok cilik-cilik. Ojok mok peno delok sopo pengusahane. Peno delok jajan sak mene kehe, piro wong sing nyithak satru, piro sing nuthuki blinjo, piro sing nandur bahane, durung sing usung-usung, sing mbunteli…”

“Jare gak kabeh produk wong kene?”

“Karepe yo kabeh, tapi gak nutut waktune, soale gak kabeh kebutuhan onok. Paling nggak onok harapan teko kegiatan produktif ngene iki.”

“Tapi nek kabeh nggawe, sing tuku sopo?”

“Ancene, tapi kebutuhan masyarakat luas gae jajan riyoyo kan gak nok sing nglarang. Yo tugase pemerintah mbina produksi ambek pemasarane. Nek perlu iso nglayani daerah liyo, malah pulo njobone Jowo.”

“Yo kalah karo gaenane pabrik.”

“Pasare dhewe-dhewe, saiki akeh wong gak kuat tuku jajan pabrik. Mbarakan lho Cak, jajan pabrik kakehan pengawet. Jik enak jajan gaenane wong biasa; murah, meriah, tur sehat. Sing penting maneh, ekonomi rakyat gak mok digembar-gemborno thok.”

“Lho wis suwe ta Cak Sumo.”

“Sut…”

“Sepurane yo, Cak. Kit maeng durung ngaso salaman.”

“Gak popo, sing penting iso ketemu.”

“Ayo diincipi Cak. Ojok dijak ngomong thok ae, Rus. Ngombene, ngorong Cak Sumo ketoke, iso gobyos ngunue.”

“Lha iyo, iki maeng mbakas jajan.”

“Wis gak usah mbandingno karo jajan pabrik. Engkuk nek sing nggawe jajan krungu, ngersulo, mangkel atine, peno iso diarani alang-alangi rejekine wong cilik.”

“Yo gak ngunu maksudku, Sut.”

“Mangkane, wis talah.”

“Wong saiki sensitif Cak Sumo. Gampang kesinggung. Sandang pangan larang. Nek iso ayo ngenthengno bebane wong cilik, ojok tambah diandhol-andholi. Sikap kritis sampean iso diartekno seje.”

“Tapi…”

“Gak usah tapi-tapian. Kebiasaan peno ngumbar omongan nduk gerdu-gerdu, prapatan-prapatan lerenono. ”

”Tapi saiki jaman bukak-bukakan. Kabeh kudu ruh.”

“Bukak-bukakan yo aku setuju. Tapi nek nyangkut rejekine wong akeh, iso dikrumpyung wong sampean. Wong kate oleh buruhan thithik ae wurung polane omongan peno. Mbarakan tahun ngarep pemrentah melok ngewangi nggarap pasare jajan, utamanae digawekno Sentra Jajan Khas Jombang. Mangkane gak usah dibahas sing nyangkut wong cilik.“

“Omonganmu mesti ngunu.”

“Iki riyoyo Cak Sumo. Nek iso ayo ojok ndawakno omongan. Menungso kabeh mesti kanggonan luput. Koyok aku karo peno mesti pada nyandhang salah. Terus opo perlu awake dhewe nggae Daftar Kesalahan wong liyo?”

“Nek perlu, cek gak dibaleni.”

”Waktune thok ae gak cukup. Kesalahan peno ae nek tak cathet, gak cukup kertas sak rim. Durung kesalahanku. Ojok dadi wong sing kebendheren dhewe. Nek nduding wong, padane peno wong bersih ae.”

“Yo gak ngunu, Sut.”

“Mangkane, wis ta. Sepuro-sepuroan ae. Timbangane mbakas sing mbarakno rame, mendingan mbakas sing nyenengno ati ae.”

“Opo saiki sing nyenengno ati, Sut? Sembarangkalir mundak, biaya urip pat-lipat. Kasile nyambut gawe pancet.”

“Mosok rongsokan yo pancet?”

“Jane yo mundak, tapi jragan rosok tambah akeh.”

“Yo dibagi-bagi.”

“Man Gondo, ayo melok aku.”

“Nang ndi?”

“Nontok ndang dut nduk Tirta Wisata.”

“Tirta Wisata? Moh, kemproh.”

“Lak biyen, saiki…”

“Mosok?”

“Gak ngandel yo wis. Sing penting maneh lak ndelok yang-goyange Inul.”

“Daratista?”

“Duduk, Daradesa.”

“Tutik Prekenut paling…”

“Iki tuwek-tuwek sing diomongno padane arek nom ae.”

“Jare dikon seneng-seneng. Salah maneh.”

“Kebiasaan ramban Lung Ayu. Mari poso pancet ae.”

(26 Oktober 2005)

Lainnya

Sekolah Numpak Udhut

Sekolah Numpak Udhut

“Men-temen kebacut iki, Besut Lurahku.”

“Cak Sumo, isuk-isuk berok-berok nduk latar?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Puli ta Pungli?

Puli ta Pungli?

“Lha yo, ngguk ndi-ndi ngomongno pungli. Iku lho barang kawak.”

“Yo cek onok jladrenane wong cangkrukan, wong ngopi sing mblader sak paran-paran, wong WA-an, wong BBM-an, lan liyane.”

Krupuk puli rasane gurih,
Sopo sing nglarang gak ruh rasane
Duwik pungli rasane gurih
Sopo sing nglarang gak ruh rasane

“Bendher Cak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah