CakNun.com

Sekolah Numpak Udhut

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 8 menit

“Men-temen kebacut iki, Besut Lurahku.”

“Cak Sumo, isuk-isuk berok-berok nduk latar? Mlebu kene sik. Gak pantes didelok tonggo teparo.”

“Yoopo olehe gak rok-berok. Caturan kalah terus, gae aturan salah terus.”

“Aturane sopo sing salah terus?”

“Sekola-an rang-nglarang anakku sekolah numpak udhut.”

“Anak peno lak jik SMP?”

“Jik SMP tapi dukure ngungkuli arek kuliah sing kurimen.”

“Ha ha ha… lha ancene anak peno durung cukup umur. Mesthia ae dilarang. Lha karepe sekolahan yoopo?”

“Karepe anakku dikon ngonthel.”

“Lha lak bendher se, Cak Sumo. Sing durung wayahe, gak usah sepeda montoran. Lak durung oleh gae SIM.”

“Gengsi, Besut Lurahku. Anake jragan rongsokan sing sugih dhewe sak Jombang, mosok ngonthel.”

“Wis, ikhlasno Cak Sumo. Iku aturan duduk sekolahan sing nggawe, cumak nerapno aturan.”

“Aturane sopo?”

“Yo lalu-lintas. Onok undhang-undhange.”

“Ndang-undhang ngawur iku. Anakku nek sepedaan pintere ngalahno sing tuwek iki. Nek tak gonceng, aku dianggep lah-salah terus.”

“Gak nok undang-undang ngawur. Sing nyusun wong pinter-pinter nduk bidhange. Sing ngesahno yo wakil rakyat sing dipilih sak negoro. Gak mungkin luwih kempel teko awake dhewe iki. Lha nek wis didhok, wajib dilaksanakno. Sing nglanggar dikei sanksi, ditilang lan sak piturute.”

“Ojok ceramah, Lurahku Besut.”

“Sopo sing ceramah.”

“Ngopret ae.”

“Peno mrene isuk-isuk wadul anane aturan.”

“Ancene, tapi dukungen aku.”

“Ojo kuwatir, Cak Sumo. Nek gak gelem sepeda pancal yo diterno ae karo sepeda motor, cek digonceng sing wis duwe SIM.”

“Anake Sumo Gambar diterno sepeda motor. Isin Besut Lurahku. Nek ngeterno yo mobil.”

“Nek jam-jam budal utowo mulih sekolah ngunu iku dalane mampet. Nek nggowo mobil opo maneh, tambah mulek. Dalam Patimura, dr, Sutomo, Diponegoro, ambek liyane sing onok sekolahane jejer-jejer; koyok pasar ngalih.”

“Lha terus?”

“Yo cek sepedaan onthel ae. Nek diterno yo sepedaan montor ae.”

“Percuma takon awakmu, Besut Lurah Crewet.”

“Lho iko anok Pak Guru.”

“Lapo Dik Guru ponakane bojoku mrene?”

“Yo onok urusan.”

“Assalamualaikum, Pak Lurah, Dhe Sumo.”

“Waalaikum salam!”

“Onok perlu opo Dik Guru? Ndoleki aku ta Lurahmu iki?”

“Dateng Pak Lurah, Man Sumo. Mapan kebendheran, panjenengan wonten ngriki, malih diganjar pinanggihan.”

“Monggo pinarak Dik Guru. Nopo sing saget kulo rencangi?”

“Suwun Pak Lurah. Badhe nyuwun tulung, betah serat pengantar. Lha thole kulo pun mancik pitulas tahun. Badhe ngurus SIM. Sak derenge ndamel e-KTP riyin.”

“Leres. Nanging mangke nek saget nderek potrek riyen ten desa utawi kecamatan miturut jaduwal sing nemplek tembok niko, Seminggu kepengker ten ngriki potreke. Nek mpun kantun ngeprint-aken ten Capil.”

“Mboten saget lintang deso kados riyin?”

“Kulo mireng antrine ngalahaken andum sembako.”

“Nggih, namung sak meniko antrine pun teratur, mboten kados mbako susur, pun kados rokok dijentrek-jentrek.”

“Lha nggih, barang gampang kok dingel-ngel.”

“Lurahku Besut, nek ngunu tulungen Cacakmu Sumo Gambar iki. Anakku gaewkno surat pengantar gae ngurus KTP, cek iso gawe SIM.”

“Lho umur piro anak peno?”

“Nembelas kurang sak dumil.”

“Jik SMP kok nembelas se, Cak. Lak jik kelas wolu, se?”

“Kelas loro SMP, kelas wolu mbingungno.”

“Tapi umure kok nembelas?”

“Lha kelas siji wingi gak munggah. Jaman SD yo tau gak munggah.”

“Oalah, Cak.”

“Tibake bendher. Kacang gak ninggalno lanjaran. Pancuran rutuhe yo nang peceren.”

“Opo maksud peno, Man Gondo. Tu-metu ngomong paribasan.”

“Maksudku, anak iku gak adoh teko bapake. Bapakne kempel, anake yoopo kate gak melok kempel.”

“Sopo maksut peno, Man?”

“Yo anakmu, se Mo Sumo. Anakmu kempel fgak munggahan sekolahe, persis awakmu.”

“Jo ngenyek, Man Gondo. Aku gak munggahan polane luru rongsokan ket cilik. Nyatane sugih.”

“Tak lem sugihmu. Tak lem lumanmu nang aku. Aku ae pingin tiron mlebesmu cek sugih gak iso-iso.”

“Gak ngurus peno, Man Gondho. Lurahku Besut, gawekno yo, setahun kas anakku wis pitulas tahun.”

“Gak wani Cak Sumo.”

“Dukure anakku ngluwihi dukure anake Dik Guru iki.”

Gak wani Cak, nek peno kongkon malsu-malsu. Awake dhewe iki Lurah, kudu ngawal aturan. Lha nek aku ngrusak aturan dhewe, tambah rusak ndunyo iki.”

“Dadi lurah ku-kaku ngunu gak disenengi wong. Gak kepilih neh koen kok.”

“Gak kepilih yo gak popo. Kit biyen aku yo gak kepingin. Peno ae cobak melok lurah-lurahan.”

“Awakmu temen ta?”

“Yo se.”

“Aku siap ngganteni.”

“Yo gak popo.”

“Kapan?”

“Nek wayahe.”

“Gak ngomong Sut.”

“Wis Mo, Sumo. Gak usah mbaleni. Rumongsoo. Biyen pilihan iling-ilingen. Besut oleh ewon, liyane oleh atusan, dadak awakmu oleh puluhan.”

“Yo yo yo…”

***

“Iku jane aturane sopo, Dik Guru. Anakku wis sak munu dukure, sepedaane yo teges, ngerti haluan; tapi kok dilarang.”

“Aturan niku, Man. Mboten saget dinyang.”

“Lha lapo, Dik…”

“Data ten kepolisian, rata-ratane korban sing ciloko sepeda-montoran nggih lare umur 9 ngantos 14 tahun.”

“Lha anakku wis 16 tahun.”

“Tapi dereng 17 tahun tur tasik sekolah ten SMP.”

“Lha terus yoopo?”

“Kersane sepedaan mawon.”

“Sepeda pancal?”

“Nggih. Njenengan tumbasaken sing sae mawon.”

“Sak larang-larange sepeda pancal, cumak piro regane…”

“Sepeda pancal sing modern, wonten sing regine 150 juta.”

“Gendheng ngemplok sepeda ta, sepeda pancal regane podo karo mobil nyar…”

“Sepedae entheng, bahane karbon ta nopo.”

“Larang-larang ditumpaki remek.”

“Sedoyo jago-balap ndamel sepeda ngoten.”

“He…”

“Tiyang sugih-sugih sepedae nggih ngoten.”

“Temen ta Dik Guru?”

“Leres Man Sumo. Sepedae entheng tapi kiat. Saget dilempit, dilebetaken tas.”

“Wah…. Sampean iki gae dulinan aku…”

“Mboten guyon. Saestu niki.”

“Mokhal.”

“Lho niki cuntuhe. Tak tangglet Mabh Google.”

“Mbah Dugel. Sanpean percoyo dukun…”

“Senes dukun. Nikilo. Sepeda mahal…”

“Pundi?”

“Lha niki. Lho mereke macem-macem. Lho sing nduwe wong bule.”

“Endi Dik Guru sepedae?”

“Lha niku ten tas. Niki videone. Lha…tase dibukak. Lha niku sepedae.”

“Endi se Dik, cumak ragangan rusak. Bane barang gak nok.”

“Njenengan tingali mawon videone. Engkin mawon komentar.”

“Lho, lempitane dadi ragangan. Lho lho lho… dadi ban. Dulinan iku Dik Guru. Gak kenek ditumpaki.”

“Ditingali mawon.”

“Lho… ditumpaki, buanter, beng-mubeng… He he he… gak cuklek.”

“Pun ngandel ta?”

“Jane mokhal, tapi ko temenan.”

“Majenge ilmu kalian teknologi.”

“Thole tak tukokne ngunu ae.”

“Lha monggo.”

“Regane 150 jutaan?”

“Paling mirah 75 juta. Paling larang kalih milyar.”

“Rong milyar?”

“Nggih wonten lapis mas-e.”

“Lho…lho…gak nutut bandhane Sumo Gambar.”

“Pancene urip niku ngoten. Kados wit. Rasane pun paling dukur, tasik wonten malih sing ndukuri. Tiyang kroso paling sugih, tapi mesthi wonten mawon sing ngungkuli.”

“Tapi nduk deso kene, cumak Sumo Gambar sing mampu tuku sepeda ajaib iku.”

“Mungkin nggih. Tapi thole nek nyengklak sepeda larang, pun angsal glelang-gleleng, itha-ithu, jo-brio.”

“Lha mungguh lak oleh se Dik Guru?”

“Kuwatos kulo, sepedaan kaleh pamer, saget supe nek ten dalan rame. Diklakson mpbil motor mboten mireng. Nyabrang ngawur mawon. Saget kacilakan, saget blai.”

“Ngoten nggih Dik Guru?”

“Umur sak thole niku manahe tasik gampil owah. Semangat lan ketrampilane sepedaan sae, tapi atine dereng menep, dereng saget toto, gampil emosi. Dados tasik mbahayaken tiyang mlampah lan kang lintang radosan lintune. Mangkane, dereng saget ngurus SIM nek dereng cekap.”

“Yo, wis Dik Guru. Kapan aku sampean terno tuku sepeda ngunu maeng. Nek iso sing apik tapi murah.”

“Nggih, sedoyo kathah pilihan. Kualitas sing sae, regi sing murah. Tapi nggih siap-siap artane.”

“Sumo Gambar, sugihe wong kene…ojo kuwatir. Tapi nek rusak kenek dirosokno, Dik Guru.”

“Saget. Cek ditumbas jragan rongsokan Sumo Gambar.” (Plandi, 27 Agst. 2014)

”Men-temen kebacut iki, Besut Lurahku.”

“Cak Sumo, isuk-isuk berok-berok nduk latar? Mlebu kene sik. Gak pantes didelok tonggo teparo.”

“Yoopo olehe gak rok-berok. Caturan kalah terus, gae aturan salah terus.”

“Aturane sopo sing salah terus?”

“Sekola-an rang-nglarang anakku sekolah numpak udhut.”

“Anak peno lak jik SMP?”

“Jik SMP taoi dukure ngungkuli arek kuliah sing kurimen.”

“Ha ha ha…. lha ancene anak peno durung cukup umur. Mesthia ae dilarang. Lha karepe sekolahan yoopo?”

“Karepe anakku dikon ngonthel.”

“Lha lak bendher se, Cak Sumo. Sing durung wayahe, gak usah sepeda motoran. Lak durung oleh gae SIM.”

“Gengsi, Besut Lurahku. Anake jragan rongsokan sing sugih dhewe sak Jombang, mosok ngonthel.”

“Wis, ikhlasno Cak Sumo. Iku aturan duduk sekolahan sing nggawe, cumak nerapno aturan.”

“Aturane sopo?”

“Yo lalu-lintas. Onok undhang-undhange.”

“Ndang-undhang ngawur iku. Anakku nek sepedaan pintere ngalahno sing tuwek iki. Nek tak gonceng, aku dianggep lah-salah terus.”

“Gak nok undang-undang ngawur. Sing nyusun wong pinter-pinter nduk bidhange. Sing ngesahno yo wakil rakyat sing dipilih sak negoro. Gak mungkin luwih kempel teko awake dhewe iki. Lha nek wis didhok, wajib dilaksanakno. Sing nglanggar dikei sanksi, ditilang lan sak piturute.”

“Ojok ceramah, Lurahku Besut.”

“Sopo sing ceramah.”

“Ngopret ae.”

“Peno mrene isuk-isuk wadul anane aturan.”

“Ancene, tapi dukungen aku.”

“Ojo kuwatir, Cak Sumo. Nek gak gelem sepeda pancal yo diterno ae karo sepeda motor, cek digonceng sing wis duwe SIM.”

“Anake Sumo Gambar diterno sepeda motor. Isin Besut Lurahku. Nek ngeterno yo mobil.”

“Nek jam-jam budal utowo mulih sekolah ngunu iku dalane mampet. Nek nggowo mobil opo maneh, tambah mulek. Dalam Patimura, dr, Sutomo, Diponegoro, ambek liyane sing onok sekolahane jejer-jejer; koyok pasar ngalih.”

“Lha terus?”

“Yo cek sepedaan onthel ae. Nek diterno yo sepedaan montor ae.”

“Percuma takon awakmu, Besut Lurah Crewet.”

“Lho iko anok Pak Guru.”

“Lapo Dik Guru ponakane bojoku mrene?”

“Yo onok urusan.”

“Assalamualaikum, Pak Lurah, Man Sumo.”

“Waalaikum salam!”

“Onok perlu opo Dik Guru? Ndolek aku ta Lurahmu iki?”

“Dateng Pak Lurah, Man Sumo. Mapan kebendheran, panjenengan wonten ngriki, malih diganjar pinanggihan.”

“Monggo pinarak Dik Guru. Nopo sing saget kulo rencangi?”

“Suwun Pak Lurah. Badhe nyuwun tulung, betah serat pengantar. Lha thole kulo pun mancik pitulas tahun. Badhe ngurus SIM. Sak derenge ndamel e-KTP riyin.”

“Leres. Nanging mangke nek saget nderek potrek riyen ten desa utawi kecamatan miturut jaduwal sing nemplek tembok niko, Seminggu kepengker ten ngriki potreke. Nek mpun kantun ngeprint-aken ten Capil.”

“Mboten saget lintang deso kados riyin?”

“Kulo mireng antrine ngalahaken andum sembako.”

“Nggih, namung sak meniko antrine pun teratur, mboten kados mbako susur, pun kados rokok dijentrek-jentrek.”

“Lha nggih, barang gampang kok dingel-ngel.”

“Lurahku Besut, nek ngunu tulungen Cacakmu Sumo Gambar iki. Anakku gaewkno surat pengantar gae ngurus KTP, cek iso gawe SIM.”

”Lho umur piro anak peno?”

“Nembelas kurang sak dumil.”

“Jik SMP kok nembelas se, Cak. Lak jik kelas wolu, se?”

“Kelas loro SMP, kelas wolu mbingungno.”

“Tapi umure kok nembelas?”

“”Lha kelas siji wingi gak munggah. Jaman SD yo tau gak munggah.”

“Oalah, Cak.”

“Tibake bendher. Kacang gak ninggalno lanjaran. Pancuran rutuhe yo nang peceren.”

“Opo maksud peno, Man Gondo. Tu-metu ngomong paribasan.”

“Maksudku, anak iku gak adoh teko bapake. Bapakne kempel, anake yoopo kate gak melok kempel.”

“Sopo maksut peno, Man?”

“Yo anakmu, se Mo Sumo. Anakmu kempel fgak munggahan sekolahe, persis awakmu.”

“Jo ngenyek, Man Gondo. Aku gak munggahan polane luru rongsokan ket cilik. Nyatane sugih.”

“Tak lem sugihmu. Tak lem lumanmu nang aku. Aku ae pingin tiron mlebesmu cek sugih gak iso-iso.”

“Gak ngurus peno, Man Gondho. Lurahku Besut, gawekno yo, setahun kas anakku wis pitulas tahun.”

“Gak wani Cak Sumo.”

“Dukure anakku ngluwihi dukure anake Dik Guru iki.”

Gak wani Cak, nek peno kongkon malsu-malsu. Awake dhewe iki Lurah, kudu ngawal aturan. Lha nek aku ngrusak aturan dhewe, tambah rusak ndunyo iki.”

“Dadi lurah ku-kaku ngunu gak disenengi wong. Gak kepilih neh koen kok.”

“Gak kepilih yo gak popo. Kit biyen aku yo gak kepingin. Peno ae cobak melok lurah-lurahan.”

“Awakmu temen ta?”

“Yo se.”

“Aku siap ngganteni.”

“Yo gak popo.”

“Kapan?”

“Nek wayahe.”

“Gak ngomong Sut.”

“Wis Mo, Sumo. Gak usah mbaleni. Rumongsoo. Biyen pilihan iling-ilingen. Besut oleh ewon, liyane oleh atusan, dadak awakmu oleh puluhan.”

“Yo yo yo…”

***

“Iku jane aturane sopo, Dik Guru. Anakku wis sak munu dukure, sepedaane yo teges, ngerti haluan; tapi kok dilarang.”

“Aturan niku, Man. Mboten saget dinyang.”

“Lha lapo, Dik…”

“Data ten kepolisian, rata-ratane korban sing ciloko sepeda-montoran nggih lare umur 9 ngantos 14 tahun.”

“Lha anakku wis 16 tahun.”

“Tapi dereng 17 tahun tur tasik sekolah ten SMP.”

“Lha terus yoopo?”

“Kersane sepedaan mawon.”

“Sepeda pancal?”

“Nggih. Njenengan tumbasaken sing sae mawon.”

“Sak larang-larange sepeda pancal, cumak piro regane…”

“Sepeda pancal sing modern, wonten sing regine 150 juta.”

“Gendheng ngemplok sepeda ta, sepeda pancal regane podo karo mobil nyar…”

“Sepedae entheng, bahane karbon ta nopo.”

“Larang-larang ditumpaki remek.”

“Sedoyo jago-balap ndamel sepeda ngoten.”

“He…”

“Tiyang sugih-sugih sepedae nggih ngoten.”

“Temen ta Dik Guru?”

“Leres Man Sumo. Sepedae entheng tapi kiat. Saget dilempit, dilebetaken tas.”

“Wah…. Sampean iki gae dulinan aku…”

“Mboten guyon. Saestu niki.”

“Mokhal.”

“Lho niki cuntuhe. Tak tangglet Mabh Google.”

“Mbah Dugel. Sanpean percoyo dukun…”

“Senes dukun. Nikilo. Sepeda mahal…”

“Pundi?”

“Lha niki. Lho mereke macem-macem. Lho sing nduwe wong bule.”

“Endi Dik Guru sepedae?”

“Lha niku ten tas. Niki videone. Lha…tase dibukak. Lha niku sepedae.”

“Endi se Dik, cumak ragangan rusak. Bane barang gak nok.”

“Njenengan tingali mawon videone. Engkin mawon komentar.”

“Lho, lempitane dadi ragangan. Lho lho lho… dadi ban. Dulinan iku Dik Guru. Gak kenek ditumpaki.”

“Ditingali mawon.”

“Lho… ditumpaki, buanter, beng-mubeng… He he he… gak cuklek.”

“Pun ngandel ta?”

“Jane mokhal, tapi ko temenan.”

“Majenge ilmu kalian teknologi.”

“Thole tak tukokne ngunu ae.”

“Lha monggo.”

“Regane 150 jutaan?”

“Paling mirah 75 juta. Paling larang kalih milyar.”

“Rong milyar?”

“Nggih wonten lapis mas-e.”

“Lho…lho… Gak nutut bandhane Sumo Gambar.”

“Pancene urip niku ngoten. Kados wit. Rasane pun paling dukur, tasik wonten malih sing ndukuri. Tiyang kroso paling sugih, tapi mesthi wonten mawon sing ngungkuli.”

“Tapi nduk deso kene, cumak Sumo Gambar sing mampu tuku sepeda ajaib iku.”

“Mungkin nggih. Tapi thole nek nyengklak sepeda larang, pun angsal glelang-gleleng, itha-ithu, jo-brio.”

“Lha mungguh lak oleh se Dik Guru?”

“Kuwatos kulo, sepedaan kaleh pamer, saget supe nek ten dalan rame. Diklakson mpbil motor mboten mireng. Nyabrang ngawur mawon. Saget kacilakan, saget blai.”

“Ngoten nggih Dik Guru?”

“Umur sak thole niku manahe tasik gampil owah. Semangat lan ketrampilane sepedaan sae, tapi atine dereng menep, dereng saget toto, gampil emosi. Dados tasik mbahayaken tiyang mlampah lan kang lintang radosan lintune. Mangkane, dereng saget ngurus SIM nek dereng cekap.”

“Yo, wis Dik Guru. Kapan aku sampean terno tuku sepeda ngunu maeng. Nek iso sing apik tapi murah.”

“Nggih, sedoyo kathah pilihan. Kualitas sing sae, regi sing murah. Tapi nggih siap-siap artane.”

“Sumo Gambar, sugihe wong kene…ojo kuwatir. Tapi nek rusak kenek dirosokno, Dik Guru.”

“Saget. Cek ditumbas jragan rongsokan Sumo Gambar.”

Plandi, 27 Agustus 2014

Lainnya

Mbulete Utang

Mbulete Utang

Nduk njero blumbang akeh iwak sepate.
Onok bethik siji, gak tumon ngambang
.”

“Jik yahmene wis bakas iwak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah