CakNun.com

Sekolah Mbarek Zonasi

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 2 menit

Wis gak onok sok-rosok sing dadi larahan,

Wayahe didadar dilah-olah maneh.”

“Pancene sampah, isok dadi berkah. Tapi peno maeng kidungan ta, Cak?”

“Iyo, parikan.”

“Lha maksud peno opo?”

Wis gak kroso ganti taun ajaran,

Wayahe tar-dhaptar sekolah maneh.”

“Yo pancene tanggung jawabe wong tuwo nggedhekno anak antarane yo: mangani, nyandangi, minterno, lan ngawasi.”

“Ngan-mangani, ndhang-nyandhangi, mbarek was-ngawasi kanggo Sumo Jragan Rosokan iki entheng. Minterno anak iku sing sak bot-abote. Bondhone sekolah cukup driji siji. Biaya les-lesan sak kuku ireng. Urunan sekolah, sumbangan masjid, mbarek tarikan duwik ya-liyane sak tetese luh gak ngentekno. Tapi anake Sumo Gambar mbuncit terus, urutan buntut sak lawase soal biji. Untung ae kepala sekolah saiki isin nek onok sing gak munggah, dadi iso munggah kelas terus.”

“Yo ditrimo ae Cak Sumo. Cithaan teko Sing Ngirim Udan ancene ngunu. Tak delok turun teko peno yo ancene ngunu. Tapi nyatane peno pinter ngubetno duwik. Iku yo akeh-akehe nurun teko peno engko, insya Allah.”

“Go-mugo ae Besut, Lurahku.”

“Rencana mlebu sekolah ndi, saiki?”

“Karepe SMA, mbuh sing ndi…?”

“Kok gak SMK ae, akeh ketrampilane. Iso langsung kerjo.”

“Anakku gak perlu tolek kerjo. Deke marisi usaha Rosokan iki utowo gae Usaha Rosokan anyar.”

“Sing pas yo SMK njukuk jurusan Manajemen, Akuntansi, ta Pemasaran.”

“Gak tambah bingung, anakku?”

“Diwulangi cek gak bingung. Engko iso tambah pinter ngelola usaha.”

“Tak takonane anakku.”

“Tapi ngertio, saiki daftare onlen mbarek mulai ditrapno Zonasi.”

“Opo Lurah Besut. Nek bdaftar kudu numpak len karo mbontot nasi?

“Pancet ae, Mo. Gak paham-paham. Kliru iku, awakmu.”

Lainnya

Sekolah Numpak Udhut

Sekolah Numpak Udhut

“Men-temen kebacut iki, Besut Lurahku.”

“Cak Sumo, isuk-isuk berok-berok nduk latar?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah