CakNun.com

Sastra Ta Sastro?

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 3 menit

Nguntal cindhil digae jamu, wetenge njendhil arane lemu.”

“Isuk-isuk nyindir wong. Iso-iso sarapan peso, peno engkuk, Man.”

“Nyindir kakikmu. Iki parikan, klebu sastro. Awakmu iku jare wong tunilan, mbarek budhayane dewe gak iling, Sut Besut.”

“Lho aku munu gak panggling, Man. Sing peno unekno iku parikan. Tapi isine iku lho, Man. Nek ono Cak Jemblung liwat, yoopo?”

“Kate dikapakno. Lemu kuru iku isine dunyo. Sing penting aku gak nyebut jenenge.”

“Ngunu ta, Man.”

“Awakmu iku dadi seniman wis nekik kok nuturi sing gak-gak.”

Lha nek wong kuru arane bungkring, padahal tangi turu entek petang piring.”

“Sud, koen gak lilo ta masakane bojomu tak pangan.”

“Sopo, Man? Aku munu eklas. Lha tapi olaopo peno kok ngarani ngunu?”

“Jelas-jelas awakmu nyindir aku… Sing bungkring, sing petang piring.”

“Lho aku lak parikan. Kuru bungkring iku lak isine dunyo. Sing penting aku gak nyebut jeneng.”

“Mbales koen iki.”

“Lha urusan peno ancene panganane akeh tapi tetep bungkring, ketoke cacingen, Man. Soale masio peno kuru, tapi weteng peno jemblingen.”

“Wis Sut! Nek kok terusno, onok sandhal miber iki engkuk.”

“Yo wis, Man. Saiki mbalik mbakas sastro. Aku seneng peno paham nek parikan iku klebu sastro, tegese sastro lisan. Konco-konco seniman tradisional Jombang iki, utamane bolo ludrukan, wis nglonthok. Sak uni-unine gampang.”

“Sastro lisan iku maksudmu mok diucapno thok ngunu ta?”

“Yo, durung pathek akrab karo tulisan.”

“Kliru awakmu, Sud. Masio aku gak payu nduk ludrukan, sak ben kate parikan, mesthi tak tulis disik.”

“Kemajuan peno, Man.”

“Anggitmu. Masio aku merek taun petangpuluhan, tapi tampilanku modifikasian.”

“Mbok mbok… tapi peno nulis iku karep sak temene polane sadar-tulis, ta polane dhedhel, gak apalan? Se endi, Man. Lho ketoke kok duduk tulisan peno dhewe? Iki lak tulisane Rusmini se, Man? Sak ilingku tulisan peno lak koyok cekeremes.”

“Gak oleh ta njaluk tulung nulis? Sing penting kan teko gaenanku. Cumak iki aku protes nang Rusmini. Kudune ditulis sastra kok ditulis sastro.”

“Lha, iki kemajuan peno sing kedua. Iki wong-wong pinter Jombang kudu nglumpuk. Tulisan nganggo ’a’ ta ’o’ kudu dipilih. Nek nganut Jawa Solo-Jogjaan kudu ditulis nganggo ’a’.”

“Tapi nek Jombang lak Jawa Etanan, kudune gae ’o’ se, Cak.”

“Pikiranmu gak salah Rus. Jombang ngunu wonge breh, njobo njero padha. Antarane isine ati, unine lambe, mbarek kelakuane kudu pada.”

“Lha mesthine nek tulisane ’a’ yo diwoco ’a’; lha nek ’o’ yo diwoco ’o’.”

“Kabeh karepe bendher, tapi bab ngene iki gak iso dibakas tuntas nduk kene. Sing ketemu yo mok bendhere dhewe. Sing mangku kepentingan kudu dilumpukno, padha nyumbang saran. Lha kasile dadi bendhere wong akeh. Masalah ngene iki gak onok bendher sing sejati, soale nganut kesepakatan.”

“Ndang diusulno ae Cak. Wingi ae koncoku plek, dadi kurban.”

“Sopo Rus? Kurban opo?”

“Iko lho Cak, Puspita guru Basa Jawa SMP Negri Telu. Tesise ngangkat Boso Jowo Logat Jombangan. Bathi rame karo Dosen Pembimbinge, masalah tulisan a-o ngunu maeng. Akhire wurung, padahal wis meh mari. Saiki diblusukno nduk rak bukene.”

“Lho, kebendheran nek ngunu. Iku ae digawe bahan awal mbakas Boso Jowo Jombangan.”

“Engkuk ndang wis katut dikilokno.”

“Peno iku temen-temen kamirosoken. Ojo padhakno liyan karo awak peno.”

“Bekne kok gak oleh.”

“Sak iki balik bakas masalah Sastro Jombang.”

“Tulisane Sastro Jombang ta Sastro Jombangan?”

“Yo Jombang, lha nek Jombangan lak khusus sing nggawe Basa Jawa Jombangan. Padahal akeh sastrawan Jombang sing nulis karo Boso Indonesia.”

Lainnya

Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Puli ta Pungli?

Puli ta Pungli?

“Lha yo, ngguk ndi-ndi ngomongno pungli. Iku lho barang kawak.”

“Yo cek onok jladrenane wong cangkrukan, wong ngopi sing mblader sak paran-paran, wong WA-an, wong BBM-an, lan liyane.”

Krupuk puli rasane gurih,
Sopo sing nglarang gak ruh rasane
Duwik pungli rasane gurih
Sopo sing nglarang gak ruh rasane

“Bendher Cak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah