CakNun.com

Rosokan Buku Kurikulum 2013

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 5 menit

Sak ben mangan utri, mesti gaweane Cak Ulum.”

Salahmu. Lha aku lak iso nggawe utri, lalapo gak kok kongkon?”

“Gak ngunu, Man Gondo, maksudku.”

“Lha terus?”

Sak ben ganti mentri, mesti ngganti kurikulum.”

Salahmu. Lha aku lak iso dadi mentri, lha lapo gak kok kongkon?”

“Peno iku yoopo kate dadi mentri, dadi mantri ae gak kiro isok. Mantri Suntik, yo gak tau sekolah nyuntik. Mantri Banyu, yo peno gak kuat ngengkol lawange banyu. Awak peno kurimen ngunu.”

“Lho kit cilik aku biasa matri.”

“Ha ha ha… Yo dadio tukang patri kono, Man.”

“Gak kathik, Sud. Awak wis kuru, kate kok kongkon kesababan ubupe geni bendino. Yo tambah nggrik-nggriken.”

“Mangkane. Durung iso mbedakno mentri, mantri, karo matri ae, kepingain sing gak-gak. Mentri ngunu ngisore pas Presiden. Aku peno iki, ojo maneh dadi ngisore mentri, ngisore camat ae kangelamun.”

“Berarti mentri lak kudu pinter?”

“Yo sak mestine. Adoh karo awak-awake dhewe ngene iki.”

“Bumi — langit yo, Sud?”

“Kudune, tapi gak kabeh wong pinter iku wong ngerti. Percuma pinter gak ruh unggah-ungguh.”

“Maksutmu?”

“Ibarate arek sekolah. Akeh sing bijine songo sepuluh, tapi gak tau kenek dikongkon, gak ngerti umege wong tuwo. Pikirane moncer, tapi atine atos. Jare guru-guru, arek ngunu iku intelektuale cerdas, tapi emosionale gak cerdas blas.”

“Oalah Sud. Aku yo gak kepingin dadi opo-opo, Sud. Ndelok awakmu ngudoroso, aku yo melok ngguyubi. Gak biasane awakmu sambat.”

“Aku gak sambat, Man. Cuma, saking akehe bolo guru sing sambat, aku malih kintir.”

“Sambat yoopo poro guru?”

“Macem-macem. Umume yo mulai paham isine, karepe, lan pikiran adiluhunge Kurikulum 2013. Nglakoni yo jik abot, tapi mulai yakin nek suwe-suwe dadi entheng. Ibarate wong mangan ngunu, oleh telung sendhok, kait kroso enak; dijaluk panganan sak ajang-ajange.”

“Lha nek diganti panganan lawas sing ilate wis enak lak gak popo.”

“Yo gak popo, tapi panganan lawas malih adang meneh, mbumboni maneh, lan sak piturute; sak durunge ngemplok.

“Kok malih panganan?”

“Iku ibarate. Karepe guru iku, ojok tengah-tengah mangan langsung dijaluk. Entenono enteklah. Utowo takonono sing mangan iki.”

“Panganan maneh…”

“Masio kurikulum yo ngunu. Gak ngenteni jangkep setahun, gak ditakoni yoopo ta yoopo, tibake tengah-tengah laku dipedhot, diganti.”

“Diganti yo diganti se Sud. Ngunu ae kok repot. Kurikulume Balik Kucing.”

“Ngomone entheng, sing nduk ngisor mumet. Kurikulum ganti, susunan pelajarane ganti, jumlah jame ganti. Dinas Pendidikan bingung ngatur formasi guru. Kepala Sekolah bingung ndelok guru akeh sing kelangan jam. Sak walike akeh pelajaran sing kurang gurune.”

“Oalah…”

“Terus buku sing wis dikirim, dibayar duwik BOS, gak kanggo. Ganti buku lawas, wis kadung njamur ambek dipangan thothor. Tuku neh duwik endi maneh. Narik wong tuwo murid, dadi rame.”

***

“Man Gondo. Guru kadung belajar gak karu-karuan, jajah hotel milangkori. Embuh entek pirang triliun duwike negara. Guru kait iso gae RPP, kait ngerti metode-metode anyar, lan kait iso ngrasakno enake. Ancene mbijine sing jik kroso abot, butuh wektu dowo, ruwet, lan njlimet. Tapi nek wis biasa, mesthi ditemokno coro sing pas. Saiki lak jik sibuk teknis mbiji, tapi engkok mesthi ketemu esensine, dadi luwih simple.”

“Maksudmu sing mbiji sempel ngunu ta?”

“Athoh, gak nyaut. Simpel, duduk sempel. Simpel iku sederhana, nek sempel iku gendheng. Tapi bendher peno, nek guru sing gak tlaten, gak tenang atine, gak kate nemokno coro sing simple, malah dadi sempel.”

“Lho, lak bendher aku se.”

“Yo peno bendher. Sing dimaksud corone mbiji nurut Kurikulum 2013 iku ngene lho. Nek maringi biji murid ojo cumak hasil ulangane thok. Kudune onok telung macem sing dibiji; pengetahuane yoopo, ketrampilane yoopo, lan sikape yoopo.”

“Ndakik-ndakik mbijine Sud.”

“Ketoke ancene ngunu, tapi misale ngene lho. Bab sholat. Murid diwulangi tata carane sholat, mulai syarat rukune, urutan gerake, sampek wacanane opo ae. Nek iki wis apal, nglonthok nduk pikirane, berarti pengetahuane apik. Nek ulangan mesthi bijine apik.”

“Lho lak wis cukup se. Iku jenenge arek wisp inter.”

“Durung Man Gondo. Butuh praktek gae ngukur ketrampilane. Durung mesthi arek sing wis apal-pal, barang praktek lali sak plengan. Mungkin nggrogi utowo wedi, prakteke akeh klirune. Biji prakteke malih gak apik koyok ulangane.”

“Lha nek pengetahuan lan ketrampilane wis podo apike, lak cukup.”

“Durung. Kari ndelok sikape. Murid nduwe pengetahuan lan ketrampilan ngenei sholat, durung mesthi rajin lan apik sholate. Nek jamaah karo sak podho konco sekolahe ta konco duline, gupuh nganggu kancane, ngutamakno ngomong ae, nek kate waladldlolin nembe takbirotul ikhrom. Nduk omah sholate bolong-bolong. Bijine sikap berarti elek.”

“Wah yo soro temen guru-guru.”

“Teko niat. Mbiji sikap yo gak oleh teko mungguh sak ruhe gurune thok. Yo kudu njaluk kancane podo muride ngekei biji.”

“Iki tambah sangsoro.”

“Ketoke ruwet, tapi maksude mbiji sikap ojok satus persen tekok pendapate guru, yo perlu pendapate murid. Lha nek corone yo digoleki, angger gak diawur. Karepe guru-guru ojok njlimet-ruwet. Tapi karepe sing nggagas, guru cek nemokno dhewe coro sing gampang dilaksanakno.”

“Angel, Sud.”

“Ancene, gae sebagian guru sing kadung apriori, tapi sing akeh yo tetep ndukung Kurikulum 2013. Coro sistem ngunu durung siap satus persen. Kabeh lak butuh proses.”

“Lha terus yoopo?”

***

“Yo gak yok-yok. Karepe Pak Mentri yo kudu dianut. Menteri lak komandan paling pethit. Paling nggak kan karepe Pak Mentri iku lak apik. Nedk niate apik, mugo-mugo digampangno.”

“Yo dijupuk hikmahe ae, Besut Lurahku.”

“Lho Cak Sumo Gambar. Mlebu Cak.”

“Wis mlebu iki, Sud. Nylonong aku maeng, gak salam.”

“Masio gak salam yo kulonuwun ngunu lho, Mo.”

“Gak gelem aku kulonuwun, engkok diareni wong tak-mintak, man Gondo. Duk wong ngemis aku.”

“Kemoncolen. Awas koen nek njaluk-njaluk.”

“Gak kate aku luk-njaluk. Sumo Gambar, brengose njlamprang, gak potongan ngunu, Man.”

“Titenono, gak nglarang aku. Aku mrene cumak kate ngomong, nek kurikulum ti-ganti jok pusing. Biasa, wong ake suwarane cem-macem. Hikmae ae dijupuk. Nek barang apik, guwaken eleke. Nek barang elek, luronono apike. Mesthi onok, masio menthol cilik. Contone, aku oleh rongsokan transistor elek, rusak, alias gak kanggo. Lha transistor lak akeh timahe. Tak jupoki, tak bakar, tak cithak, dadilah mah-timah batangan.”

“Ancene kamirosoken. Sembarang kalir dipadakno rosokan.”

“Opo salahe, Man Gondo?”

“Yo salah thok. Opo hubungane rongsokan karo pendidikan?”

“Yo akeh. Jare ru-guru ponakanku lan ca-kancane. Ku-buku malih gak kanggo, padahal mari dikirim sak trek. Pot-rapot gak kanggo, padahal sak semester ae rapote anakku onok 40 halaman. Lha muride sekolahe anakku onok sewu murid, berarti petang puluh ewu halaman. Pirang kilo iku. Durung administrasine ru-guru. Lha nek sak Jombang rosokane Kurikulum 2013 kenek aku, podho karo oleh emas kuintalan. Sugih aku, Man.”

“Wis, wis Cak Sumo. Gal ilok ngomong koyok ngunu. Guru-guru sumpeg, peno nggumbiro. Saiki perlu peno opo?”

“Hayo, njaluko!”

“Ogak Man Gondo. Lurah Besut, aku mrene sak perlu, kate …”

“Njaluk ngunu…”

“Ogaklah Man. Aku cumak butuh surat telo Lurah Besut.”

“Njaluk surat ta? Mintak surat ta? Ojok kei Sut.”

“Aku gak njaluk, gak mintak. Cuma aku butuh surat keterangan.”

“Podo ae. Wis misale iki surat sing kok butuhno. Dikekno lurah Besut, tangane mengkurep. Awakmu nek nampani yoopo?”

“Yo ngene.”

“Lho mlumah, iku jenenge nadhong. Nadhong iku tondone wong jaluk, paring-paring…”

“Tapi nek dipikir, onok bendhere Cak Sumo.”

“Lho Man, bendher aku.”

“Maksudku ngene, ganti kurikulum iki akeh barang gak kanggo. Mbuh kate didol, diguwak, ta diombrokno; tetep ae iki barang mubadzir. Padahal mubadzir iku kancane setan.”

“Assalamualaikum.”

“Walaikum salam. Monggu Dik Guru.”

“Suwun Pak Lurah. Madosi Lik Sumo. Dirantos konco-konco guru.”

“Lho aku wong penting.”

“Paling urusan buku. Ati-ati lho. Buku iku milik Negara, gak oleh didol-tinuku. Nek thithik urusane Polisi. Nek gedhe urusane KPK.”

“Ojok medeni Sut, Lurahku.”

“Cumak tak ilingno. G ak gelem diilingno gak popo. Nek onok opo-opo, ojok njaluk tulung lurah.”

“Ojo ngunu, Rah.”

“Jane dos pundi Dik guru, soal kurikulum?”

“Jane nek guru ngoten nganut gak nganut nggih kudu nganut. Jane Kurikulum 2013 ta balik Kurikulum 2006 sami mawon. Sing kathah nggih guru sing kurang serius, asal gugur kewajiban. Sak niki pun kadung dilakoni masio tasik grathul-grathul tapi mlampah. Diken mbalik Kurikulum 2006 nggih podho mawon, malah tambah nambahi bingung.

Plandi, 22 Desember 2014

Lainnya

Noto Niat

Noto Niat

“Rusmini… kopine cepetan!”

“Gok Karen Man,…”

“Olaopo Karen? Kopi!”

“Blusukan nang Internet.”

“Internet?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Puli ta Pungli?

Puli ta Pungli?

“Lha yo, ngguk ndi-ndi ngomongno pungli. Iku lho barang kawak.”

“Yo cek onok jladrenane wong cangkrukan, wong ngopi sing mblader sak paran-paran, wong WA-an, wong BBM-an, lan liyane.”

Krupuk puli rasane gurih,
Sopo sing nglarang gak ruh rasane
Duwik pungli rasane gurih
Sopo sing nglarang gak ruh rasane

“Bendher Cak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah