CakNun.com

Pemetaan Iku Ndas Dipethak Ta?

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 5 menit

Wong medi iku arane bangsa alus,
Gak gelem dipakani iwak asin.
Aku wedi nek anakku gak lulus
Diapak-apakno aku mesthi isin.”

“Nek anak peno sekolah temen yo akeh luluse.”

“Lho nek anakku ngunu sekolahe temen pol. Mlebune rajin, karo guru nganut. Mbayare gak tau telat.”

“Lha terus lapo kuatir? ”

“Wediku lak kacong iku kendo pikire.”

“Tau gak munggak ta?”

“Yo gak tau. Masio bijine pas-pasan, munggah terus.”

“Wis ojok wedi. Lulus, lulus anak peno.”

“Koen iku Lurah, Sut. Duduk kepala sekolah, duduk kepala Pendidikan. Wani-wanine njamin nek anakku lulus.”

“Iku munu miturut nalar.”

“Iki UNAS Sut, Lurahku. Anakku ae keweden.”

“Iyo ngerti onok UNAS. Tapi tahun iki, ganti menteri, aturane ganti.”

“Gantio menteri ping suwidak jaran, nek UNAS yo tetep UNAS.”

“Iyo tetep UNAS, cumak hasile gak digawe nentokno lulus ta gak. Urusan lulus ta gak iku terserah sekolah.”

“Lha lapo terus diadhakno UNAS barang? Mubadir, Lurah Besut.”

“Tujuan UNAS sing diganti. Tujuane saiki digae pemetaan sekolah, digae nentokno seleksi Perguruan Tinggi Negeri mbarek Swasta, digae timbangan instansi lan perusahaan nek ngrekut pegawai, ugo keperluan liyane.”

“Lha nek ngunu kan gak perlu sinau ngoyo-ngoyo. Masio biji elek, nek sekolahe karep iso dilulusno.”

“Yo tetep perlu sinau nyrempeng. Nek bijine endhek-endhek nemen lha yo isin se.”

“Maksudku, aku gak perlu tak-nyentak anak. Angger gelem sinau yo wis. Bijine yo sak iso-isone.”

“Kit biyen yo gak perlu nyentaki anak gak nok lerene. Anak peno gak tambah pinter. Tambah buntu pikire. Wedi, sumpeg, lan nelongso iku malahan mbuntu syaraf, mateni daya pikir lan imajinasine.”

“Lha terus yoopo Besut Lurahku?”

“Yo mbanyu mili ae lho Cak. Tutno ae. Nek onok sing nyumpeti yo peno bukak. Pikir lan perasaane arek iku yo koyok banyu. Mlaku nganut kodrate. Banyu mesthi nggolek nggon sing luwih ngisor. Jarno. Nek peno empet, mberot. Deloken Jakarta, dalane banyu kakehan diempet bangunan nyeker langit. Akibate opo?

Banjir gak entek-entek. Arek yo ngunu, keono dalan. Hake lan kuwajibane perhatekno.”

“Bingung Sut. Arek kok padhakno banyu.”

“Leres Pak Lurah, Pak Dhe Sumo. Lare niku nek sembarang kalir mboten oleh, akhire nggih mampet pikirane, kesumpet atine.”

“Tapi nek arek dijarno ae, rusak dadine Dik Guru.”

“Nggih tetep ditutaken, diawasi, kala-kala dipenggak, lan diewangi nek manggihi kangelan.”

“Bingung aku Dik Guru.”

“Berarti bakat kempele anakmu yo nurun teko awakmu Sumo Gambar.”

“Peno iku lapo lok-melok nyalahno aku, Man Gondo?”

“Lha kit maeng kok bingung terus.”

“Mikir anak iku yo akeh bingunge Man. Iyo peno gak duwe anak. Rusmini anak pupon yo wis dadi bobjone Lurah. Gak perlu bingung peno.”

“Ancene Mo.”

***

“Yok-yokopo aturan iki dadi barokahe sekolahan.”

“Barokah kados pundi pak Lurah.”

“Sekolahan dadi tenang, gak kemrungsung. Guru mulang sak wajare. Murid sinau sak wajare. Gak gupuh nggolek cara sing ndadekno bijine apik. Gak gupuh nggolek bocoran, nggolek cara muruki murid, lan upaya liyane sing gak dibendherno pemerintah, luwih-luwih agama.”

“Kok nguru, Lurah Besut?”

“Lulus gak lak terserah sekolah. Gak nok uruse karo UNAS. Dadi tenang se. Wingi Kepala Sekolah wedi kabeh, nek onok sing gak lulus. Sing swasta wedi karo Yayasan, sing negri wedi karo atasan. Wedi tahun mburine gak oleh murid. Minimal wedi isin.”

“Tahun wingi sing nentokno lak yo sekolah se, Lurahku Besut.”

“Leres Pak Dhe Sumo, tapi bijine UNAS nderek nentokaken. Akhire sekolah dukur-dukuran biji rapot. Larene ndol bijine wolu-songo.”

”Ibarate sekolahan dadi lak-lak undi, akhire jor-joran ngatur bijine rapot lan ujian sekolah. Arek arang mlebu, gak tau ulangan, nduablek pol; bijine gak ngadubillah dukure.”

“Saiki yoopo?”

“Saiki gak perlu ngunu. Gak perlu muruki, gak perlu ndukurno biji sing gak masuk akal. Sekolah nduwe wewenang nentokno lulus gak lulus sak karepe. ”

“Opo isok dijamin, nek wis dadi guru mesthi apike?”

“Akeh apike. Nek ono sing mblehar yo siji loro. Onok sing ghak lulus gak perlu gengsi.”

“Tapi nek akeh sing gak dilulusno yo tetep gak payu sekolahane.”

“Yo gak mungkinlah sekolahan gak nglulusno sak akeh-akehe. Nek iso yo lulus kabeh, tapi nek onok sing kebacut kenemenen siji loro, baru gak dululusno.”

“Ngunu ta?”

“Nggih pak Dhe. Nek ngoten guru mucal nggih luwih wonten regane. Ilmune luwih barokah.”

“Lha wingi-wingi yoopo Dik Guru?”

“Sumpege wingi, guru maringi nilai ngisore gangsal, rapote dadi songo. Akhire mboten digugu murid. Sing rajin kuciwa, sing ndablek tambah mboten semerap trapsila.”

“Bender Pak Guru. Martabate pendidikan malih munjuk maneh.”

“Leres Pak Lurah. Nek sekolah negri ngoten luwih gampil. Fasilitase utawi ubo-rampene sekolah luwih-luwih. Murid milih sing pinter-pinter. Gurune aman ekonomine. Gajine dukur ditambah TPP. Lha sekolah swasta kados sekolah kula ngeten niki. Gurune bandha eklas. Bayaran nggih mboten sepinten. Sing asal sertifikasi nggih siji loro. Akhire cancut taliwondo ngramut murid karen-karen sak mampune.”

“Nyatane mlampah Pak Guru. Lulusane nggih kathah kang sukses. Berarti barokah.”

“Syukurlah pak Lurah. Cumak sedhihe tasik kathas sekolah sing muruki muride nek UNAS. Niku sing saget ngirangi utawi malah ngicali barokahe ilmu. Untunge sak niki wonten perubahan. Kudune mboten perlu malih muruki muride pas UNAS.”

“Setuju kula Pak Guru.”

“Nggih pak Lurah. Nek sekolah wonten dasare agami ngoten ngertos dusa. Sing penting mulangi jujur. Nek sekolah umum kados lintune, nggih kathah sing murni hasile muride, tapi mboten thithik sing mulangi muride kala UNAS.”

“Nggih leres. Sekolah sing werni agamane kenthel, Kepala Sekolah kalian gurune ngerti tuntunan, apal dalil-dalil, mesthi luwih sadar. Nek sekolah umum ngoten, nek muruki muride, paling nek mlebu neroko jik ditakoni. Lapo kok mulangi muride gak jujur, nyolong? Nek jawabe cek uman murid, malaikat Malik paling ngonkon njegur dhewe alon-alon nduk pinggire neraka. Nek alasane wedi dilereni dadi kepala sekolah, malaikat Malik langsung nyekel tangane, langsung diuncalno nduk tengah neraka, mancep pisan. Sing paling abot, onok siji-loro sing ngerti agama, apal dadlile, kathik muruki muride nyolong jawaban, sing dicandhak duduk tangane, tapi sikilie, terus ancup-ancupno sik nduk neroko sing paling panas, kait dibeketheng nduk dasare neraka, dadi intip.”

“Koyok Kyai ae koen iku Lurah Besut?”

“Astaghfirullah. Sepurane. Gak sadar aku, Man Gondo.”

“Senewen ta.”

“Mbuh Man. Awak tambah tuwek iki, kok tambah gampang tratap. Ngomong kadang nglangut.”

“Kemoncolen koen iku. Barang ngunu ae kok dihubungno neraka.”

“Iyo bekne Man. Iku pamungguhku dhewe. Cumak aku tahu ngrungokno pengajian nduk TV. Wong sing ngerti, duwe ilmu, eruh aturan; tapi gak gelem nglakoni, malah nglanggar; ditarap disik tinimbang wong kafir. Maksudku sekolahane cek tambah barokah. Awake dhewe iki kebiasaan ngremehno barang cilik, kesalahan-kesalahan cilik. Padahal thithiko yoopo, nek terus-terusan yo dadi gunung.”

***

“Saiki mbalik nang urusan UNAS. Lha nek kasile digae pemetaan iku maksude yoopo, Pak Guru?”

“Lha niku, kula sing ten sekolahan mawon nggih tasik bingung. Sedaya dereng semerap karepe, nopo dasare, yok nopo targete, dos pundi carane, lan sinten mawon sing kudu nyengkuyung.”

“Engkuk ndang wong ndukur-ndukur nduk Jakarta yo jik bingung, Sut? Maksude sing bijine elek ndase dipethak ngunu ta?”

“Ngawur ae Man. Pemetaan iku yo gambare kahanan. Wong nduk Jakarta kono nggone wong pinter. Kabeh mesthi wis dipikir. Cumak durung sempat nyampekno.”

“Nyatane nggarakno wong ngisor bingung. Ancene wong iku gampang maido. Sing angel lak mari maido iku kudune yoopo. Soal kurikulum bingung, saiki UNAS bingung, pemetaan bingung. Aku sing wong thuthul malih melok bingung.”

“Jane ngene lho Man Gondo, Cak Sumo, lan Dik Guru. Awake dewe iki lak wong sing berskala lokal, tapi kabeh kemenyek bakas bab sing berskala nasional. Ibarate cecek kepingin nguntal klapa. Entek energine, mangap sak ombo-ombone, gak mungkin klapa cukup diuntal.”

“Tapi sak niki jamane moderen, Lurahku. Tipi-tipi pada nyiarno. Mosok awake dhewe gak oleh bakas?”

“Nggih Pak Lurah, zaman globalisasi ngeten niki, masio tiang ndesa kesa-keso, nggih bakas sedaya masalah.”

“Ancene awakmu iku ngempet kemajuane jaman kok, Sut. Jare Lurah teladan…”

“Maksudku ngene lho, para rawuh. Gak nok sing nglarang sopo ae kate bakas opo ae. Cumak kudu diukur guna manfaate. Tugase awake dhewe jik akeh.”

“Mosok gak oleh makas kemajuane pendidikan?”

“Oleh ae. Misale Pak Guru. Nek guru mlebu kit jam pitu ngantek jam papat sore ben dino, penggaweane ilo gak usah nggolek. Jik akeh tugas sing durung kecandhak. Urusan administrasi mulang, urusan ngemong atine siswa, urusan strategi mulang, urusan ngembangno awake dhewe, lan liya-liyane. Ana masalah, yo didiskusekno, dianalisis bareng-bareng. Nek rasan-rasan thok, gak nok enteke; malah bathi duso. Nek kahehan ngelokno liyan, lali salahe dhewe.”

Plandi, 20 Maret 2015.

Lainnya

Sekolah Numpak Udhut

Sekolah Numpak Udhut

“Men-temen kebacut iki, Besut Lurahku.”

“Cak Sumo, isuk-isuk berok-berok nduk latar?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah