CakNun.com

Nyambut Gaweo Sing Apik

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 5 menit

“Duh-aduh, Ndo-Man Gondho. Wan-awan peno kok jik ndekok.”

“Huaaaah… Eman, Mo. Ngipi enak-enak mbok gugah.”

“Percuma pi-ngimpi terus, gak dadi kenyataan. Tuku kopi sachetan mini, tak gowo mulih, dadakno suwek. ”

“Lha terus?”

Aku ngimpi ngrabi Rusmini, ngimpi terus, ngantek tuwek.”

“Lha terus?”

Yo kinthil Besut nganti matek.”

“Ha ha ha… lha ancene bojone, Mo Sumo.”

“Janji peno lak dikekno aku.”

“Lha sing dikekno gak gelem.”

“Lambe ndomblemu Ndo-Man Gondo.”

“Wis, ikhlasno Rusmini. Kadung dadi bubur dikapakno?”

“Plok-emploken kunu.”

“Lha terus urusan sing wingi yoopo?”

“Lha iku. Mosok Sumo Gambar dadi bayan terus. Dadi kongkonane arek co-kroco.”

“Elek-eleko kudune dadi Jagabaya utowo Jagatirta. Carik karo Kamituwo yo wis ndukung awakmu lho, Mo. Ojo maneh mok dadi Jagabaya, dadi lurah ilo didukung. Sayaratmu wis luwih-luwih.”

“Temen ta, Man?”

“Kapan aku tau mbujuki awakmu? Tapi awakmu yo rumongso-o. Nek dadi Jagabaya, apa maneh dadi Lurah, ojo kosro-kosro. Jaman Otonomi Desa ngene iki, tuntutane masyarakat sak dabrek. Mocomu druduk-druduk, tulisanmu cekeremes. Nek iso gak usah mikir dadi Lurah, Jagabaya ae. Cekelane gak pulpen, cukup gaman.”

“Asal jok bayan terus.”

“Utowo Jagatirta, cekelane engkol, tapi duwike maler, teko wong mbanyoni.”

“Ngunu ta, Man? Lha carane yoopo?”

“Yo yoopo carane, cekne Jagabaya utowo Jagatirto dilereni Lurah Besut.”

“Carane nglereni?”

“Awakmu kan terkenal seneng breh, terbuka, ngomong opo onoke, bahasa saiki transparan. Jaken bolo-bolomu rosokan, bakul-bakul, korak-korak sing njaga rosokanmu. Demo, Mo. Tapi sak durunge golekono kliru-salahe Jagabaya ta Jagatirta. Sing jelas ketok salahe, yoiku sing digarap.”

“Opo salahe?”

“Athoh, dhedhel temen koen iki, Mo. Kakehan tawuran bekne nom-nomanmu, ngantek kopyor.”

“Apane sing kopyor, Man?”

“Gak, gak kopyor, tapi kempel, nggethuk. Yo utekmu iku, isine ndasmu iku.”

“Dadine utekku legi, enak dipangan ngunu ta Man, berarti disenengi wong akeh? Lha terus salahe Jagabaya ambek Jatirta apa?”

“Yo ditoleki disik.”

“Kesuwen, Man. Tak takonane ae Jagabaya, salahe deke opo?”

“Koen iku gak mok kopyor ta kempel, tapi ancene rodok kok, Mo!”

“Rodok lumayan ta, Man?”

“Rodok sempel.”

“Ojok ngunu, Man Gondo. Sumo Gambar, Bayan, yo jragan rosokan iki jik waras.”

“Guyon, Mo. Lha awakmu kebacut.”

“Gak popo guyon, asal Sumo dadi Jagabaya ta Jagatirta. Gak ngimpi thok sak dowone urip, Man.”

“Mangkane golekono salahe. Gak nok critane wong urip, opo maneh pamong, sing gak duwe salah. Ciliko yoopo, mesti ketemu salahe. Sing penting, awakmu tego mentolo, duwe nyali.”

“Gak ilok Ndo- Man Gondo.”

“Gak nok santri mangan pelok. Kene tak bisiki.”

“Gak ngunune se, wong loro iki. Sajake, bisak-bisik padhane arek cilik ae. Mbarakan aku krungu kabeh opo sing peno gunem. Gak usah nggesahi Besut, mesti konangan.”

“Malaikat ta awakmu? Glani.”

“Gak usah dadi malaikat. Wong niat olo mesti ketoro. Nglakoni elek mesti ketlenyek.”

“Sing nglakoni elek sopo? Iki jaman repormasi, Sut. Jaman blak-blakan.”

“Koyok gak ruh Sumo Gambar ae. Ambisi, nafsu serakahmu kok bungkus reformasi.”

“Lapo kus-bungkus barang. Opo anane, Sut.”

“Peno yo ngunu, Man Gondo. Gak kapok-kapok se, Man?”

“Aku gak mentolo, mosok kit biyen Sumo Gambar dadi bayan terus.”

“Dadi bayan ae gak tau beres, kok kepingin dadi Jogobaya barang. Bagian woro-woro ae gak tau roto. Jare sugih, ben tahun katutan duwek pajek terus.”

“Olaopo tor-setor pajek kabeh. Gae sik poo, wong kene jik butuh.”

“Setoran pajek digawe urusan desa ae salah, opo maneh nek kok emplok dewe.”

“Wis Sut, jok diterusno musuhi aku.”

“Sing musuhi awakmu sopo? Nek kepingin dadi opo-opo, ojok ngunu carane. Desa iki jik butuh tenaga, tapi yo sing temen, sing gelem nyambut gae, gak dodol omomg thok.”

“Nek njaluk apik-apik yo kengelamun karepe Sumo kok turuti.”

“Yo gak ngunu. Nduwe karep oleh ae. Tapi nek karo ancik-ancik ndase kancane, elek-elek balane, yo engko sik. Timbangane gupuh ndelok salahe liyan, lak luwih apik ngrogo jithoke dewe disik.”

“Iki jaman edan, Sut. Nek gak edan gak keduman.”

“Yo sik bejo sing waras. Nek katut-katut edan, titenono mesthi kuwalat jaman. Sido ngaplo koen.”

Kripik gedhang gadha ketela, Mo.”

“Kate lapo?”

Sing apik nek tandhang, mesti koen dibutuhno. Ojo maneh mok Jagabaya, Lurah ae, iso klakon peno.”

“Nggunggung ta koen iku, Sut?”

“Iki temen, Mo.”

“Awakmu kate leren ta?”

“Yo mesti ae.”

“Aku siap ngganteni.”

“Yo gak popo.”

“Kapan?”

“Yo nek entek wayahe.”

“Telung tahun maneh?”

“Kiro-kiro ngunu.”

“Gak ngomong Sut.”

“Lho, ojok purik, Cak Sumo.”

“Lha kok bujuki thok ae, padhane arek cilik.”

“Aku gak mbujuk. Mumpung jik dowo waktune, peno noto awak disik.”

“Noto awak yoopo? Aku wis siap ngganteni awakmu. Karep aku nduwe. Duwik aku luwih-luwih. Bolo aku akeh. Nek Besut mundur, gak dadi sainganku, aku mesti dadi.”

“Lho, ojo nggampangno tatanan. Wong saiki pinter kabeh, Cak Sumo,”

“Sing penting gambarku tak pasang tiap pojok dalan. Amplopane tak siapno sak jumlahe penduduk. Gak kudu duwe KTP. Bayi-bayi tak amplopi.”

“Amplop gak nok isine ta, Mo.”

“Man Gondo. Riko kenal aku kit nom-nomanku. Soal duwik, Sumo lak bloboh.”

“Bloboh nek nduwe karep. Tapi nggendol mburi. Sembarang kalir kok rupakno duwik.”

“Riko akeh tak jejeli duwik, kok lek-elek aku, Man Gondo?”

“Gak elek-elek. Sak durunge dadi lurah, tak pacaki watekmu. Nek rambut njembrung yo dicukur. Nek bethithet elek yo diguwak. Disawang rakyat, awakmu kari ngganthenge. Gak sak kampung thok sing ngelem awakmu, iso sak kabupaten. Opo maneh awakmu tampil nduk RCTV, apikmu tambah kesuwur. Tapi nek kelakuanmu pancet, gak kok paprasi sing elek-elek, mbejudhul nduk RCTV lan Tipine anggota IJTI Gahdha Mojopahit, yo pas didemo warga, dilurug bojone wong polane nyonyomu iku.”

“Oleh riko etrek-etrek elekku sampek entek ngamek kurang nggolek se, Man Gondo,”

“Kepalak tak pudani nduk ngarepe wong akeh, timbangane mene-mene dipudani wong akeh nganti dilebokno Tipi. Dadi wong tuwek, aku kepingin awkmu dadi pemimpin sing disenengi mbarek dibanggakno rakyatmu.”

“Bendher Man Gondo, Cak Sumo. Ngenteni aku mudun, tak ewangi noto awak. Peno nyambutgawe sing apik. Dadi pamong bayan yo peno mlebu sak mesthine. Nek dagang rosok yo dikurangi serakahe. Bathi thithik tapi lumintu, tibangane bathi ketoke akeh, tapi diinggati perosok langganan peno. Duwik pajek ojo digawe, nel perlu nalangi lan ngewangi mbayar pajel sing jik mlarat. Iku rumuse peno dicintai rakyat. Nek pilihan Lurah, rakyat gak perlu peno sogok sak bayi-bayine. Gak perlu pasang gambar nlecek sak dalan-dalan. Duso wis mesti, diploroti Tim Sukses wis jelas, akhire entek duwik akeh, tetep gak dadi. Nganuto aku karo Man Gondo. Iku nek peno gelem. Nek gak gelem yo sak karep peno.”

“Tapi iso dadi gak athik dundum duwik njero amplop, gak athik pasang baliho gambarku sing brengose njlaprang iki?”

“Bergantung ikhlas peno. Nek mlebu kantor desa bendino tapi gak leren ngremenge, nalangi pajek karo nggremeng mbarek ngucik, yo gak sido dadi dukungan.”

“Nek aku eklas mbarek nganut awakmu, tapi tetep gak dadi, Lurah Besut karo Man Gondo melok tanggung jawab ta?”

“Tiap niat apik, Gusti sing nggawe awake dhewe iku melok tanggung jawab. Dadi usahao tak ewangi. Dadi gak urusane Gusti Pengeran. Lakumu sing owah dadi apik, ndadekno kabeh wong seneng. Nek ati wis seneng, tangane ketuntun milih peno, nek onok lurah-lurahan.”

“Rah-Lurahan ta lurah temenan?”

“Yo lurah temenan, lha lurah-lurahan sing tak maksud iku acara pemilihan Lurah, utowo Kades.”

“Ngunu ta?”

“Iyo, tapi tobato, cek digampangno dalanmu. Aktifo jamaah sholat limang waktu, paling gak yo Maghrib karo Isyak, syukur-syukur sak subuhe.”

“Temen lho, Sut.”

“Iyo, Cak.”

“Ewangono Man Gondo.”

“Beres.”

Plandi, 3 November 2016

Lainnya

Sekolah Numpak Udhut

Sekolah Numpak Udhut

“Men-temen kebacut iki, Besut Lurahku.”

“Cak Sumo, isuk-isuk berok-berok nduk latar?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah