CakNun.com

Noto Niat

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 5 menit

“Rusmini… kopine cepetan!”

“Gok Karen Man,…”

“Olaopo Karen? Kopi!”

“Blusukan nang Internet.”

“Internet? Opo urusane, Rus?”

“Dungaren, Man. Isuk-isuk pacakan peno wis mbesenet.”

“Cangkem nganggur! Cepetan kopine, gak usah kakehan komentar. Iki urusane wong gedhe. Kelase Lurah, bojone Lurah duduk adune.”

“Alah Man, kemoncolen. Gedhe apane? Ndase ta?”

“Elek-elek ngene pamanmu iki dadi Tim Sukses. Mangkane isuk siapno kopi, sarapan, ojo lali rokok klobote. Ojo lali sepatune paman semiren. Sing penting maneh, ojok kakehan omong. Iso-isok acara iki rusak polane lambemu ae.”

“Lha kok nyimut. Yo koyok biasane ae, sak lumrahe, gak nyusu-nyusu. Aku nek ndelok peno nggupuhi ngene iki, mesti kate gak beres. ”

“Gak beres, gak beres… Tukang ramal ta awakmu?”

“Aku apal Man. Tim Suskses opo? Makelaran ta? Dodolan sepeda colongan ta?”

“Awakmu iki ketinggalan. Mangkane mocoo koran ta. Cek ruh perkembangan.”

“Lho, peno tahu moco koran ta, Man? Kok kathik tutur-tutur bab moco. Kit kapan peno iso moco? Sak ruhku, nek onok daftar nduk Kantor Desa, jeneng peno kok jik klebu buta huruf?”

“Masio gak moco dhewe, sing penting isi koran ruh lan paham. Mbarakan aku yo gak buta huruf. Datamu iku ngawur. Aku iki iso ngaji, masio Juz Amma. Iso moco Qur’an artine lak gak buta huruf.”

“Isok temen ta? Sak ruhku peno apalan. Nek dikon ngeja gak enthos blas.”

“Podo ae! Wis kopine.”

“Bah, gak tak gawekno kopi nek gak ngaku Tim Sukses opo.”

“Tim sukses Pilkada, Tim Sukses Bupati gak oleh nglentuk, kudu tetep seger.”

“Sopo sing percoyo peno mlebu Tim Sukses Calon Bupati? Gak popo ta?”

“Sopo maneh…. yo Sumo Gambar.”

“Sumo Gambar? Dublek ta gak kupingku iki? Sumo Gambar hoping peno iku ta?”

“Lha endi maneh? Salah ta? Nduk endi ono larangan warga negara melok nyalokno Bupati-Bupatian?”

“Yo gak onok seng ngelarang, tapi wes dipikir temen ta?”

“Koen thok ta seng nduwe pikiran? Yo mesti ae wis!”

“Maksudku, sopo seng kate milih?”

“Yo menungso kate wedus ta? Ojok nemen-nemen koen nek ngenyek bala-balaku. Wedi ketungkul ta?”

“Gak ngunu, Man. Melok Bupati-Bupatian iku lak perlu bondho akeh. Eman ngunu lo Man.”

“Bondo gak dadi soal, ojo manek kok puluhan juta, puluhan milyar gak masalah. Sumo Gambar munu wong diujo duwik. Gak koyok awakmu.”

“Nek entek duwike enteng Man. Lha nek dadi numpuk utange? Akeh gak dadine Man. Lha wong lurah-lurahan ae abot suarane, opo maneh bupati…”

“Menang gak menang gak dadi urusan. Sing penting duwike.”

“Lho Tim Sukses model opo peno iki. Paling-paling peno pek duwike thok. Iku jenenge njlontrongno, Man.”

“Lho Sumo dewe gak butuh menang. Sing penting oleh grojogan duwik.”

“Maksud peno?”

“Sumo ngunu onok seng nawani. Pokoke gelem melok, digrojog 30 milyar.”

“Duwik gambar Semar ta?”

“Duwik temen! Seng ngetokno duwik lak yo mikir. Gelem ndukung yo wis nduwe coro. Mbuh liwat totoan, mbuh bom-boman. Gak penting jagone menang, sing penting totoane menang.”

“Lho.Lho.lho Man…?”

“Lapo Sud, kate nawur aku ta? Tawuren. Ganjuen. Gak kate mundur aku. Wis niat dadi Tim Sukses Bupati. Gak tember-tember. Ojok maneh kok Besut situk, sepuluh Besut ilo, tak ladeni,”

“Rugi Man. Nawur wong nggrik-nggriken. Peno kok pancet ae. Totoan iku agomo nglarang, negoro yo nglarang. Akibate iku lho Man, mrantak nang sembarang kalir.”

“Aku gak totoan…”

“Tapi ngewangi wong totoan, podho ae. Wis ta, Man. Urip iki opo seng peno goleki. Ojo katut-katut Sumo Gambar. Gak kapok-kapok. Terus maksud peno iku lho opo?”

“Yo kepingin ngubah nasib. Yahmono yahmene gak tau nyekel dhuwik gedhe. Masio gak oleh milyaran ripis, bek-bekne puluhan juta yo gak popo.”

“Duwik gambar Gayus ta? Peno karo Sumo Gambar iku salah niat, kok Man. Melok Pilkada kudune gak krono duwik. Mbarakan kate melok partai opo? Onok ta sing mercoyo Sumo Gambar?”

“Gak ruh, iku urusan sing mbandani. Bah Partai Kucing, bah Partai Tikus, gak penting.”

“Gak penting yoopo? Iku sing utomo. Calon Bupati kudune nduwe visi sing pada karo partai sing ngusung. Jombang iki limang tahun nang ngarep kate ditoto yoopo? Mosok Man, partaine mlaku ngalor, Bupatine mlaku ngidul? Rakyate sing soro.”

“Mbuk, krunguku gak liwat partai, elok jalur insiden…”

“Opo Man? Insiden? Tawuran ta? Maksud peno jalur independen ta? Lha mosok nututi? Sopo sing kenal Sumo Gambar? Sing kenal ae, ngarani Sumo iku tukang ngrusak tatanan. Nek dikongkon nglumpukno dukungan teko rakyat Jombang, oleh piro?”

“Ojo ngenyek koen Sud. Sumo Gambar munu Raja Rosok Jombang, akeh langganane.”

“Raja Rusak-a?”

“Rosokan Ndeng! Pasukane blusukane sak wilayah Jombang. Nggon nylempit-nylempit kabeh diparani. Bala rosokan kari digawani stiker, byur sak Jombang. Nduk prapatan-prapatan, nggone pangkalan-pangkalan rosok dipasang baliho gambare Sumo Gambar sing brengose njlaprang. Sopo kate gak kepincut Sud? Kari ngenteni tanggal maine.”

“Sak ruhku Sumo Gambar iku jragan rosok sing dicireni wong. Nek gak kepekso, emoh wong dodol nang Sumo Gambar.”

“Ancene Sumo ngunu adil. Emoh rosokan sing elek nemen. Kelase dukur. Nek elek yo gelem tapi regane murah.”

“Lha mangkane, intine gak disenengi bakul rosok. Kiro-kiro maneh umpomoo dadi Bupati,…”

“Berarti awakmu ndukung?”

“Sopo sing ndukung Sumo? Gendheng mangan rosokan ta? Maksudku misale dadio bupati, sido sembarang kalir dirosokno. Udhut, montor, komputer durung jangkep rong tahun dikon nglumpukno, dirosok, terus iso blonjo anyar maneh.”

“Yo mbuh, Sud. Aku cumak melok-melok thok.”

“Melok kok melok njegur kali.”

“Iki temenan, Sud. Gambare Sumo wis gigawe ewonan. Iki wis wayahe masang-masang. Aku kebagian nggolek pringe. Luthung, Sud. Nek wis oleh, koen tak bagei. Elek-eleko ngene, aku gak lali awakmu.”

“Yo matur suwun Man, nek karep peno ngunu. Tapi aku gak arep-arep, opo meneh iku pada karo aku nyesep getihe Sumo Gambar. Saiki aku takon, Sumo wis oleh drop-dropan duwik ta?”

“Durung Sud.”

“Lha terus digae nggae gambar karo tuku pring barang, nganggo duwike sopo?”

“Yo sementara duwike Sumo Gambar sik. Wingi mari dodolan sawah petang bau. Tapi mari ngene jarene dilironi. Nek wani-wani gak nglironi, kepingin diclurit ta?”

“Pumpung durung. Man. Wurungno! Ilingno Sumo Gambar, babah ilang-ilangan petang bau. Nek gak kenek diilingno, sing penting peno munduro, ojok melok-melok.”

“Gak ngunune Sud, koen iki mbolo musuhe Sumo Gambar ta?”

“Ogak, Man. Aku Kades, bapakne wong sak desa, gak mbolo sopo-sopo. Aku melok njaga lancar lan amane ae. Sumo wargaku, malah pamongku, tak eman. Ojok ngantek ketlenyek.”

“Awakmu alang-alangi wong kate sugih.”

“Gak alang-alangi, ngilingno.”

“Tapi repot Sud, wis kadung cincing-cincing, mesisan teles.”

“Peno kadung janji karo wong akeh, resiko thok Man. Nek mbreset peno dibeketheng wong akeh. Nek konangan, peno diendheng-endheng nang Polisi.”

“Ojok medeni, Sud.”

“Gak medeni. Saiki lungguh kene sing tenang. Totoen niat nduk ati peno. Nek niat peno nggolek duwik, stop Man.”

“Sut…”

“Peno wis kuru, nek kudu ndekem nduk bui, iso mati ngenes,”

“Besut!”

“Lapo, Man? Takonono ati peno. Melok cawe-cawe nduk Pilkada, mikir sejahterane rakyat, ta mikir butuhe weteng peno dhewe? Melok-Bupati-Bupatian, melok nggagas majune Jombang ta majune awak peno dhewe?”

“Yo embuh Sumo. Nek aku mikir rakyat Jombang lan mikir majune Kabupaten Jombang yo gak adune. Kemoncolen, Sud. Kedhukuren. Mikir awakku dhewe ae sumpeg kok. Karepku yo melok-melok. Konco idhek, mosok diculno.”

“Mangkane. Peno kandani Sumo. Takonono niate opo. Apik ae melok partisipasi, melok nyengkuyung Pilkada, melok ngguyupi Pesta Demokrasi. Tapi nek niate wis kliru, blaen. Peno kongkon noto niate. Pumpung jik entek petang bau, kon leren. Nek gak, iso wuwuh imbuh, ilang sak gulu-gulune.”

“Ojok ngunu, Sut. Uripmu medeni aku thok, gak tau mbendherno.”

“Wis, cukup sak munu, Man. Aku sak dermo ngandani. Peno pamane bojoku, yo pamannku. Peno ngandel ta gak ngandel, sak karep peno. Sumo Gambar terus maju ta wurung, duduk urusanku maneh. Aku wis ngilingno sebagai koncoku, wargaku, yo pamongku. Tapi nek onok opo-opo, ojok athik nggoleki aku, Man.”

“Lho, Sud!”

“Iki temen, Man. Ilang-ilangan pepundhen sing tak eman-eman. Wis peno ndang budal nggoleki Sumo Gambar.”

“Oalah, Sud… wurung sugih…”

“Nggolek duwik godhong waribang ae.”

“Gendhenga?”

“Yo atuk mesisan gendheng, ngguya-ngguyu dewe.”

“Tak siplak koen kok.”

29 Oktober 2008

Lainnya

Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Ngelem Dhisik Nembe Ngalem

Ngelem Dhisik Nembe Ngalem

He-e Rus, Guk Karen mepeh pudak,”

“Pudak kok dipeh se, Cak Besut?”

“Gak ngunu, awakmu ilo, kadungaren kok mek-mek pundak?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah