CakNun.com

Ngelem Dhisik Nembe Ngalem

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 4 menit

He-e Rus, Guk Karen mepeh pudak,”

“Pudak kok dipeh se, Cak Besut?”

“Gak ngunu, awakmu ilo, kadungaren kok mek-mek pundak? Ruh ae nek awakku puegel kabeh.”

“Dadi bojo yahmono-yahmene mosoko aku gak apal. Teko nglentuk peno wis ketok, Cak.”

“Tapi wingenane aku sambat loro kabeh polane diambung udhut, gak kok kei pijet, tambah kok gremengi.”

“Lha ancene peno dladap ae. Tak titeni ping piro wisan. Untung ae diambung thok, lha nek diemplok montor yoopo? Aku Cak sing kelangan.”

“Alah mbujuk Sut, asline ancene arep-arep cek awakmu ndang matek. “

“Man Gondo, lambe peno Man. Tuwek penggaweane ancur-ancur. Lapo peno biyen kok dijenengi Gondo, malih kelakuane koyok Bongso Walondo, penggaweane sukak adu-adu.”

“Mungkir yo. He he he he… Paling bojomu iki mulai seneng karo Sumo Gambar, Sut. Ngunu ae gayamu koyok benci-bencio, Rus Rusmini.”

“Tak gemplang peno engkuk, Man!”

“Gemplangen… tapi karo kopi sak cingkir ae, he he he…”

“Gak sudi, Man. Omongan peno wis kebacut!”

“Lha nek gak, lapo awakmu muring-muring, he he he…”

“Wis wis wis, iki paman ponakan pada ae.”

“Guyon Sut, cekne rada enak Sud, uripku. Mosok bendino kok nglulun; tangi, adus, ngopi, sarapan, metu cangkrukan, moleh, turu. Lha nek diterus-terusno iso matek nganggur aku.”

“Lha tapi lapo peno metu-metu mitnah.”

“Sopo se Rus sing mitnah? Aku wis nggae coro opo ae misahno Besut karo awakmu, nyatane gak nok kasile. Lha nek awakmu kepangan omonganku sing kok arani pitnah iku, lak yo ngglethek se, Rus. Anggepen iku maeng tes asmara… he he he. Tujuanku yo mok nggolek perhatian, cek ndang metu kopine.”

“Lambe peno wis rusak kok Man. Ancene njuk dispet maneh.”

“Lha iku karepku, Rus! Cepet speten karo kopi.”

“Man Gondo, Man. Peno iku kuwalik kok Man.”

“Kuwalik apane, Sut? Lho ndasku nduk ndukur. Irungku yo nduk ngarep…”

“Maksudku, cara urip bareng iku ono tatanane.”

“Lha anggitmu arek cilik ta, kok tuturi.”

“Ancene. Menungso iku tambah tuwek, balik kaya arek cilik maneh, Man.”

“Terus, aku kate kok lebokno Play Group ngunu ta?”

“Cekne buyar ta sekolahane… Maksudku gak ngunu. Awake dhewe iki lak wis sepuluh tahun luwih urip sak omah? Isine bendino kok rame ae. Isin tongga teparo, Man. Karepe awake dewe iku lho, simpangan terus. Aku karo Rusmini ngalor, peno ngidul. Aku ngulon peno ngetan. Lha nek iso nduwe karep sing pada, iso guyon lak enak se, Man.”

“Lha karepku maeng lak yo guyon.”

“Guyon salah trap iku, Man. Karep peno njaluk kopi, olaopo leren ngelokno disek?”

“Yo cekne perhatian. Wong Rusmini nek kadung karo awakmu, aku riwa-riwi ping suwidak jaran yo gak kereken.”

“Lha lapo peno riwa-riwi, padhane stliko ae. Yo peno ngomong, bek-bekne Rusmini kelalen. Jenenge wong urip, yo kanggon lali barang.”

“E… jenenge wong tuwek. Sungkan Sut.”

“Kit kapan peno nduwe sungkan, Man?”

“Anggitmu bedhes ta, Rus? Aku iki yo menungso! Lha nek awakmu pas guyon memel, tak dehemi gak nyaut, lak ngerti dhewe se aku iki. ”

“Lha mangkane, padha menungsane yo kudu pada njagane. Butuh kopi, kok ngelokno. Kudune ngomong sing apik-apik, ngelem ta yoopo.”

“Lha kok nyimut ngelem-ngalem barang.”

“Lho… nek peno lem, kopine luwih enak. Rismini nggawekno kopi yo sak ati-atine. Iki rek, nggawekno kopi paman. Nyendok gulo, njumput kopi, ngesori banyu panas, ngudhek, ambek nyuguhno yo karo ati sing ikhlas. Lha nek peno ngelokno ngunu; iso-iso kelegen, kepahiten, gak peduli banyu durung umep disokno ae.”

“Kakehan teori koen iku Sud.”

“Iku duduk teori,Man. Iku tatanan. Gusti Allah, Pengeran Kang Mahaagung wis nyuntuhi. Peno apal Al Fatihah.”

“Awakmu wong Tonilan ae kathik akal-akal dadi Kyai… Nek Patekah ae, aku yo kapalen. Qulhu, Tabbat, sampek Lam Yakunil, nglonthok Sut. ”

“Apal opo, Man… wong dikon ngimami, moco Al Kafirun ae gak iso mungkasi, mbulet koyok kelakuan peno.”

“Alah pisan ae…”

“Mangkane ojok kemiso. Maksudku, teko Al Fatihan ae Pengeran wis nyuntuhi corone srawung, corone komunikasi.”

“Opo hubungane, Sut. Kabeh wong wis apal, artine yo nglonthok.”

“Opo maneh wis apal, nglonthok. Jajal pean titeni. Ayat siji sampek telu isine lak ngelem Pengeran. Ayat limo sampek pitu isine panyuwunan, penjalukan. Ayat papat penyambunge.”

“Lha terus opoo?”

“Gusti Allah iku lho muruki awake dhewe. Sak durunge njaluk, ngelemo disik. Nek pingin digawekno kopi Rusmini, peno lem, ojok peno lokno.”

“Kemeruh koen iki Sut.”

“Ealah gak kopi-kopian…”

“Lho lho lho… kopine Rus. Waduh nek mbesengut ngunu, bojomu tambah uayu Sut.”

“Rus, gawekno, wis dilem ngunu… lhe… aku takon Rus. Awakmu mijet-mijet maeng lapo, mesti nduwe karep yo…”

“Ah Cak Besut eruh ae… Iku lho Cak. Aku tukokno buku dungo ngunu lho Cak, cek iso ngisi nganggurku karo ndungakno kebeh. Peno nyambut gawe cek dilancarno, digampangno, lan dibarokahi.”

“Lha aku kok dungakno opo?”

“Mesthi ae, Man. Peno yo tak dungakno iso ngurangi omongan sing gak perlu. Peno wis tuwek, cek oleh khusnul khotimah.”

“Kok olehno Khusnul Khotimah rondone Guk Kasdi iko ta? Mapan kebenderan.”

“Mblakrak… tuwek jik mikir ngunu ae. Wayahe tobat, nyidhek nang Gusti Allah. Sing dipikir ngunu ae. Mangkane ta gak usah ngluruk-ngluruk nang Sumo Gambar. Ngemis ta mrono. Khusnul khotimah itu yo akhir urip peno cek tumuju nang suwargo.”

“Oalah Rus, ngelemmu karo tangan, mijeti, lha ngalemmu njaluk wacan. Gak kathik ngenteni mene emben, saiki tak turuti.”

21 November 2010

Lainnya

Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah