CakNun.com

Ndhang-Undhang Anyar Gres

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 2 menit

“Wis oleh Undang-Undang, ta, Man Gondo?”

“Kundangan ta? Sopo duwe gawe seng kate undang-undang?”

“Repot mungsuh jago mangan. Kate tak jeglakno kok konco, kate tak badhogno kok bolo.”

“Ojo ngunu ta. Kosro yo kosro, tapi ilingo aku sopo.”

“Tak iling-iling riko kok tambah koyok nak-kanak. Ngalem, Man! Maksudku, duduk ndang-undang mangan, tapi ndang-undang anyar, soal otonomi desa.”

“Lha olalapo ngurus undhang-undhang? Mbarakan gak mareki.”

“Riko kok koyok kaliren se, Man Gondo. Rusmini gak tau ngekei mangan ta?.”

“Gak kolu mangan ndok omah aku. Kawit nyandak piring, Rusmini wis sambat sembarang kalir mundak. Asli keleson aku iki. Mangkane nek onok kenduren, gak karuan bungahku. Nglalar gawe mikir undhang-undhang anyar.”

“Kir-mikir iku kudu, Man. Koyok opo sumbunge Lurah Besut. BPD gak isok maneh was-ngawasi, opo meneh ren-nglereni. Carik kudu pegawai negeri, lha ta-citaku lak kandas ndek pinggir kali.”

“Temen ta, Mo?”

“Kapan aku tau juk-mbujuki awak riko?”

Tuku kasut keliru sarung tangan.”

“Opo maksud riko, Man?”

Besut tambah nang-nangan.”

“Wong loro iki mesti ndeder perkoro ae. Aku nang-nangan opo?”

“Ndang-undhang anyar ngenakno awakmu, Sut! Lek-eleko Sumo Gambar iki ngerti, Sut.”

“Bender Sumo Gambar. Paling awakmu nyogok, nganti onok undhang-undhang ngenakno lurah.”

“Gembul Sumo kok melok lepo se, Man. Undhang-undhang ngunu gawenane wong ndok pucuk kono. Endi giduk aku nyunggek? Mbarakan aku gak nduwe watek nyogokan, Man. Iku lak penggaweane peno karo Sumo.”

“Kok ganti aku kok elek-elekno karo Sumo?”

“Gak elek-elek. Yo iku cap peno karo Sumo. Kawit jek nganggur, dadi pamong, ngantek leren ketueken kok yo pancet ae. Pegel aku ngrasakno peno. Kudu tak sekolahno maneh ae, Man.”

“Aku kok gadhekno?”

“Lho penggaweane asli metu. Maksudku jengkel-jengkel kudu tak asramakno nduk Panti Wreda.”

“Aku gorong jompo! Pikiranku jik waras.”

“Nek ngunu ojok mikir dukur-dukur. Aku yo gak kesenengen onok UU 32. Aku yo ngrasakno, nek malah onok kemunduran. Demokrasi tingkat desa atret. Aku masio diawasi sewu BPD gak wedi. Sing tak lakoni nganut paugeran. Aku eruh endi pathokan, endi bolongan. UU Lolikur onok apike ono kurange. UU telu loro yo onok apike. Dana Alokasi Desa luwih jelas, gak cumak rupo sumbangan utowo stimulan.”

“Isine opo se Sud?”

“Lho gak iyoa, gorong ngerti isine wes ngritik.”

“Jare Sumo…”

“Jarene jare kok digawe. Sumo Gambar paling yo jare. Durung ndelok abang ijone samake ae kok gawe bahan fitnah. Masi ruho isine awake dewe wong ndeso keso-keso. Olaopo methentheng mikirno.”

“Lha gak awake dewe, sopo kate seng mikir masalah deso?”

“Lha iki omongan bender. Yo ancen kudu awake dewe sing mikir deso. Tapi ojok patlikur jam peno gawe mikir Undhang-Undhang. Gak poke, Man. Ayo mikir deso iki diapakno. Yoopo deso iki iso mandiri? Wong dukur babatalah cek mikir aturane, mikir anggarane. Mosok buduho wis dipilih wong sak negara.”

“Nek gak iling sing milih?”

“Pengeran gak turu ae kok gupuh. Nek kenemenen engkuk lak kualat-kualat dewe. Anggite, dungane wong sing dilalekno, dikhianati, lan disio-sio mesti dirungokno Sing Ngunekno Gludhug.”

“Iyo, akeh contone. Iki jare onok Undang-Undang ngeneki Desa. Krungu-krunguku tiap desa iso oleh rong milyar.”

“Dadi ae durung dibahas. Mangkane, sepuluh persen ae mikir UU. Sangang puluh persen ayo ngagas bareng-bareng, diapakno enake desane dhewe.”

“Enake diapakno?”

“Yo ojok takon aku. Ayok ditakoni karepe wong akeh. Yo klumpukan ngunu lho.”

“Aku ider maneh. Kapan?”

“Diluk engkas. Lha ancene tugase bayan.”

Lainnya

Mbulete Utang

Mbulete Utang

Nduk njero blumbang akeh iwak sepate.
Onok bethik siji, gak tumon ngambang
.”

“Jik yahmene wis bakas iwak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Nyambut Gaweo Sing Apik

Nyambut Gaweo Sing Apik

“Duh-aduh, Ndo-Man Gondho. Wan-awan peno kok jik ndekok.”

“Huaaaah… Eman, Mo.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah