Ndaptarno Sekolahe Anak
“Lhayo, Bale Desa jik sepi. Biasae Lurah Besut setengah pitu wis melok resik-resik. Saiki wis meh jam pitu, during ketok njebus.”
“Njanur gunung yo Guk Jenal. Padahal arek saiki gak tlatenan. Daptaran sekolah njaluk mruput, cek oleh nomer ndisiki.”
“Kadungaren temen Cak Besut iki. Mosok mulai mblehar.”
“Salamualaikum.”
“Lho Dik Lurak, tibake wis nduk njero. Lha lawange jik kancingan, tak kiro durung teko.”
“Onok wong gremang-gremeng peno kok menengae se, Cak. Keturon ta?”
“Ogak. Pandome jam durung manjing jam pitu. Aku yo ruh peno kabeh. Paling-paling urusasan ndaptar sekolah.”
“Oooo… Awakmu gak ruh wong gupuh, Rah.”
“Yo ruh Lik Jenal. Kit wingi wis tak kiro mesthi rame gembruduk. Peno kabeh enak, njaluk surat lan nek mari langsung budal. Aku iki gak nok lerene, iso-iso ngantek jam rolas. Mangkane tak sempatno sarapan. Bu Lurah peno, Dik Rusmini, nggawani bontot, yo tak pangan sik. Kate tak tawani, cumak sak bungkus… hehehe. Monggo mlebu kabeh. Giliran, gak oleh royokan dhisik.”
“Sing Tuwek ngalah.”
“Ojok ngunulah Prul. Lek Jenal sik ae, tulungane omahmu cidhek. Lek, penoy ourusanndaftarsekolah ta?”
“Iyo Rah.”
“Sopo sing peno daftarno? Anak peno lak wis dadi wong kabeh, se?”
“Lha anggitmu onok sing dadi kewan ta?”
“Maksutku gak ngunu, lak wis rabi kabeh, wis duwe anak kabeh.”
“Ancene. Sing kate tak daptarno iki anake Patonah.”
“Lha kok ngrepoti peno se Lek? Mbok wong tuwane kon daftar dhewe.”
“Sing ndaftarno nang sekolahan yo bojone Patonah.”
“Lha peno mrene lapo?”
“Jupri anake Patonah iki kate tak lebokno KK-ku. Engkok kate dijukuk bapakne.”
“Lho, Jupri kate melok peno?”
“Yo gak, cumak gae ndaptar thok. Areke tetep melok bapak ibuke.”
“Yo gak iso ngunu iku Lek. Semrawut kabeh engko. Opo gunane pindah KK?”
“Awakmu lak ruh se Rah, nek Patonah iku manggon Mojokerto, Lha karepe njaluk sekolah nang Jombang, nduk sekolah anu. Sekolahane lak kesuwur apik. Areke katut kancane, njaluk sekolah kunu.”
“Yo langsung ndaftar ae, olaopo dilebokno KK peno barang?”
“KK-ne lak melok Mojokerto. Nek daftare nduk Jombang gae KK Mojokerto, akeh gak ketrimone, kalah biji, soale ngutamakno sing Jombang asli. Omahe nek Trowulan ngunu jik idhek Mojoagung. Lha iki Pacet. Poine cilik ngunu jare.”
“Podho karo mbijuk iku Lek. Kandanono anak ambek putu peno, sak madya ae. Kate sekolah kok kate ngakal-ngakali, gak apik dadine.”
“Tapi kabeh wis manteb sekolah nduk Jombang.”
“Yo apik ae, tapi sing wajar ae. Nek gak mungkin nduk sekolah anu, yo sekolah liyane ae. Sekolah swasta sing apik yo mblader. Nduk pondok pesantren yo gak kurang sekolah apik.”
“Dadi gak iso iki, Rah?”
“Sepurane Lek. Sekolah iku lak lakon sing apik, dadi ojo dijibrati laku sing gak sak mesthine.”
“Yow is nek ngunu, tak kandanane Patonah nek mrene. Wis Rah, sepurane. Aku pamit.”
“Yo Lek. Tak dungakno putu peno olehs ekolahan sing uapik tur cocok karoa tine.”
“Cak Gimo, monggo.”
“Suwun Cak Besut, Lurahku.”
“Opo Cak, sing iso tak ewangi?”
“Mbayare anakku ae, Cak.”
“Hahaha… Jragan Tebu njaluk bantuan.”
“Gak, gak, Cak.Aku kate njaluk pendapat peno ae.”
“Nek ngunu yo engkok bengi ae, ambek ngopi nduk omah.”
“Lho, anakku selak ndaftar. Areke ngenteni nduk omah. Diluk ae kok, Cak. Anakku iku pinter. Karepku cek mlebu nang kelas akselerasi.”
“Lha areke karepe yoopo?”
“Yo iku masalahe. Gak gelem. Alasane lucu, gak mathuk akal. Jare mundak gak isok guyon karo kancane. Dikon sekolah temen malah ngutamakno guyon.”
“Biji anak peno yoopo se?”
“Uapik. Wolu songo. Gak nok pitune. Nek ulangan kadang anok biji sepuluh.”
“Oalah… Nek nurut aku, gak usah nang kelas akselerasi. Sakno anakmu. Tese gak padha, abot saingane.”
“Lha lapo Cak? Bapakne iki cek bangga.”
“Nek bijine anakmu sepuluh terus, berarti kabeh pelajaran dipangan, gak popo nang akselerasi. Nek wolu songo thok, ojok. Podho ae awakmu njlontrongno anak.”
“Njlontrongno?”
“Bender. Anakmu iso methentheng terus, sinau… sinau… sinau. Iso-iso linaklilur linggolico libeh.”
“Maksud peno opo?”
“Lali anak, lali dulur, lali tonggo, lali kanca, lali kabeh… Ilinge cumak sinau nggarap tugas, sinau nggarap tugas. Sholat gak iso tumakninah, kesusu-susu. Gak nok waktu gaeguyon. Gak nok kesempatan gae leyeh-leyeh. Bayangno, pelajaran digae telung tahun dimarekno rong tahun. Gak nok waktu gae sosialisasi karo liyan.”
“Mosok se Cak?”
“Tapi nek anakmu iso nglakoni karo seneng lan gak ngendeng, yo paling apik nang kelas akselerasi. Gak nok waktu percuma gae ngenteni pemahamane kancane sing rendhek nduk kelas. Ibarate arek mlayu, nek anakmu iso mlayu koyok kancil yo luwih apik gak digembulno arek sing mlayune koyok bekecot. Kelas akselerasi iku nggone sing cocok.”
“Lha terus yoopo anakku?”
“Takonono anakmu.”
“Gak gelem iku.”
“Yo ojok pekso. Iso pedhot nduk dalan.”
“Ojok medeni, Cak.”
“Gak medeni. Nek areke gak karep, sakno guru kelas akselerasi, sakno sekolahane. Kelas akselerasi ancene disiapno gae arek sing istimewa, cerdas intelektuale, cerdas emosionale, cerdas spirituale.”
“Opo neh iku, Cak?”
“Mene ae dibahas. Deloken akeh sing antri. Saiki terno anakmu. Siapno sinaune gae tes.”
“Yo wis Cak, matursuwun.”
“Dik Jepfry, monggo.”
“Nggih suwun Gus Lurah. Kulo badhe nyuwun SKM.”
“Surat Keterangan Miskin? Gak kliru ta, Dik?”
“Nek ditingali kados-kadoso luwih-luwih urip kulo.Tapi nyatane mboten nyekapi, Gus.”
“Ancene jarang wong sing krasa cukup. Isine kurang terus. Nek nurut cathetan desa, tahun iki sampean gak klebu Gae sampean tuku petang hektar sawah, tuku omah loro. Lha terus nalare yoopo, nek aku kudu nggawekno SKM? Nduk daftar desa, sampean gak klebu Gakin.”
“Kulo angsal Raskin, Gus. Padha-padha mbayare pajek, Gus. Nek enten dum-duman utawi keringanan nek saget nggih sami angsal.”
“Raskin iku biyen salah kaitane, wis kadhung kecathet, dadi aku kewohan nolak.Tapi tahun ngarep kudu diowahi, kedusan aku.”
“Kedusan yok nopo Gus Lurah?”
“Ngene lho, Dik. Nek sampean gelem nrimo Raskin, opo maneh saiki njaluk SKM opo gak kroso kedusan? Wis, misale gak. Berarti sampean ngaku miskin, ngaku mlarat, ngaku gakmampu; ibarate madhakno awak sampean karo Wak Min, Yu Sariyem, lan liyane. Gusti Allah Pengerane awake dhewe nyathet nduk bukune, nek sampean iku wong mlarat. Padahal sepeda montor sampean telu, mobil loro, hape telu digowo kabeh. Wong sing asli mlarat mesthi ndungo, mugo-mugo Jepfry mlarat sak mlarat-mlarate, cekne berhak oleh Raskin, BLT, nduwe KPS. Titenono Dik, Pengeran mesthi ngrungokno Dungane wong mlarat temenan. Gak usah nunggu sampean tuwek, mesthi diijabahi.”
“Gus Lurah, Rek. Medeni mawon.”
“Gak medeni, Dik. Nek sampean sing sugih luwih-luwih iki ngaku mlarat, mesthi dituruti Pengeran, dimlaratno temenan.”
“Nggih pun nek ngoten Gus Lurah. Matursuwun.”
“Pun mangkel, Dik Jefry.”
“Mboten Gus. Kedahe kulo ngewangi wong cilik, malah ngrebut hake wong cilik. Ngapunten.”
Plandi, 23 Juni 2001