CakNun.com

Mbulete Utang

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 6 menit

Nduk njero blumbang akeh iwak sepate.
Onok bethik siji, gak tumon ngambang
.”

“Jik yahmene wis bakas iwak. Mari nguras blumbang ta, Sut? Aku engkok bageono iwak sepat ae, ojok bethik.”

“Sing nguras yo sopo, Man. Aku lak ngudoroso. Jare mbah buyut biyen, Wong Jombang munu ono papat sipate. Onok mbethik siji, ilang njombange.”

“Onok-onok ae awakmu iku. Aku lak luwih tuwek, kok gak tau krungu. Kabeh isine ndunyo yo onok loro. Onok elek onok apik, onok akas onok mbeler, onok rijikan onok kemproh. Lan sak piturute. Lha nek papat iku karanganmu dhewe ta?”

“Maksudku sifat dasare wong Jombang iku onok papat. Nomer siji breh-breh, maksute njobo njero podo. Ngomong opo anane tanpa tedheng pangaling-aling. Krenteke ati pada karo sing diomongno lan dilakoni. Nek opo sing diomongno gak podo karo isine ati, arane mbujuk, gak jujur, berarti duduk sipate wong Jombang. Opo maneh opo sing diomongno gak cocok karo sing dilakoni, Jarkoni – iso ujar gak iso nglakoni- gak jujur, munapik.”

“Nek iku yo ruh aku. Tapi ancene angel mrakteknone.”

“Nomor loro brak-bruk maksute luman. Lilo korban kanggo kaluarga ugo liyan. Gak ngucikan, thithik-thithik diitung. Percoyo barokahe Pengeran. Yakin nek amal iku gak kate ilang, malah mbandang rejeki, mbarokahi. Rejeki dadi maler mulur. Sak walike, nek gak gelem amal, tulung-tinulung, lan melok nyengukyung kaapikan; rejeki gak barokah, cepet mungsret, ketoke akeh tapi ruh-ruh entek gak krasa.”

“Onok ae lambemu.”

“Nomer telu, Man. Brang-breng maksute rawe-rawe rantas, malang-malang putung = gak kenal nyerah, semangate pethit koyok arek drumbenan. Gak gampang nglokro, opo maneh putus ngaisa, gak nok kamuse.”

“Masio aku yo endi tau ngglembosi?”

“Yo, nek nduk ngarepe piring.”

“Koen iki! Nomer papat opo?”

Bareng-bareng. Dicengkuyung wong akeh nek onok urusan. Ojok diukep dhewe. Gak ilok.”

“Gak nok santri mangan pelok. Tapi mokal Sut. Aku duwe utang, yo tak saur-sauri dhewe. Gak nok sing nggrigah melok nyengkuyung utangku cek nyaurku entheng.”

“Lha utang peno pek-pek dhewe, liyan dikongkon nyengkuyung. Opo meneh utang peno gae sing gak-gak, sing tombok, sing nylempiti sinden tayub, sing nraktik ngombe oplosan, lan sing gak jelas… Sopo sudi elok nyengkuyung… Lha nek peno utang gae kaapikan, peno temen-temen kepepet gak isok nyaur, iso klebu ghorim, yo jik iso diewangi dana zakat infaq shadaqah.”

“Moh Sut, isin. Mundak diumumno nduk mejid.”

“Yo ruh isin lho peno..”

“Anggitmu kewan ta gak ruh isin?”

***

“Ho-e, ho-e, lak ho-e…”

“Man, Man Gondo Man!”

“Besut! Isuk-isuk bengok-bengok. Mendhem gadhung ta yoopo? Kupingku jik tengen.”

“Tengen, tapi gak digawe. Olaopo peno isuk-isuk nandhak-nandhak koyok arek TK ae.”

“Lambemu… Tapi gak popo lokno sak legone atimu, Gak popo, gak popo. Ruho, pamanmu iki mari oleh rejeki nomplok.”

“He? Tombokan ta? Baliknom gak ilok Man. Duso, klebu Mo-Limo…”

“Lha lapo… Wong tomboanku mbreset neh.”

“Ancene peno sempel. Ngguk ndi onok tombokan gak mbreset. Nek onok sing oleh, sewu siji, malah sak juta siji, polane disengaja bandare.”

“Sak karepmu. Sing penting aku oleh rejeki.”

“Tekok endi?”

“Konco plekku, Sumo.”

“Sumo? Duwik opo? Persenan mari oleh bathi ta mbujuki wong, nggedhak wong?

“Lha lapo.”

“Lha duwik opo?”

“Diutangi Sumo.”

“Diutangi yoopo se, Man? Piro?”

“Rong puluh.”

“Ewu?”

“Juta.”

“Gae opo se Man, duwik sak munu kehe…”

“Awakmu mosok ruh butuhe wong. Sak joke kok lereni dadi pamong, aku gak tahu nyekel duwik. Biasae teko nyewakno ganjaran, aku iso nyekel duwik.”

“Tapi iki utang-utangan. Ngunu kok peno arani rejeki nomplok. Duwik panas iku munu, Man. Wis ping piro tak omongi, dohono Sumo Rentenir Gambar.”

“Koen iku koyok arek cicik ae, Sut. Mesthi ae tak arani rejekim soale butuhku jik akeh. Aku iki wong urip, Sut. Anggitmu cukup kok sandang-pangani thok ta?”

“Ben wulan lak dijatah Rusmini sangu.”

“Gae rokok ae gak cukup.”

“Kate peno sauri karo opo?”

“Yo duwik, ndheng.”

“Ngendheng-nggendhengno wong isuk-isuk.”

“Lha koen maeng nyempel-nyempelno aku.”

“Pikiran peno iki kuwalik, Man. Oleh utangan gedhe kok nggumbiro. Mbalekno iku. Wis peno pikir ta nyaure yoopo?”

“Anggutmu aku senewen ta?”

“Diarani sempel moh, saiki senewen.”

“Utang yo mesthi nyaur. Tapi Sumo gak kesusu, kok.”

“Bungae mbayar rutin?”

“Iyo.”

“Padahal utang sak durunge durung lunas. Peno mbayar bungane thok. Utangan iki paling peno gaebayar bungane sing ndisik, Utang pokoke gak kalong, malah tambah.”

“Nang Sumo iki jangka panjang, gak kesusu-susu nyaure.”

“Jangka panjang yoopo? Umure awake dhewe iku gak jelas. Peno iku wis pitungpuluh punjul. Nek Sing Nggawe Urip ngempet dalane ambekan sak wektu-wektu, gak nok gunane jangka panjange Sumo Gambar.”

“Lho koen ndungakno aku ndang matek ta?”

“Sopo ndungakno. Karepku peno ati-ati.”

“Ilingo Sut, kit deng rabine awakmu karo Rusmini ponakanku, manggonmu yo jik nunut nduk kene. Nduk omahku iki. Ojok ngomong sak karepmu dhewe. Urip jik nunut. Jik tumon iki onok Lurah omah ae nunut pamane bojone. Rusmini bojomu iku sing kate marisi tinggalanku kabeh. Opo awakmu gak telaten arep-arep aku ndang mati?”

“Sadaro, Man. Aku karo Rusmini wis sepakat, ngancani peno cek gak kijenan. Tak jak mulih nang omahe keluargaku gembul adik, gak gelem. Rusmini gak tego delok peno kijenan; masak dewe, resik-resik dewe, sembarang kalir dewe. Ambekan aku gak arep-arep warisan. Tinggalane pak-mak jik ombo.”

“Kemenyek kemendhol awakmu iki.”

“Sampean tak takoni saiki. Sertifikate karangan ambek omah iki nduk ndi?”

“Lho, gak temena. Lambemu ngomong gak arep-arep warisan, jik nduwe tinggalan ombo. Tapi takon sertipikat. Konangan bethithetmu.”

“Gak ngunu, Man.”

“Gak ngunu yoopo. Konangan, kate mungkir.”

“Lak gak ngguk omah, se?”

“Iku urusanku.”

“Nduk Sumo Gambar se?”

“Lapo melok urus-urus?”

“Sakno Rusmini, gak wurung yo aku, engkok.”

“Lho wis kudu ngepek.”

“Ngene lho, Man. Sampean ojok kesusu njawab. Aku iki lurah peno. Ndelok hubungan utang-piutang nyurigakno iki, aku kudu mudun.”

“Ngroyok Sertifikatku ta?”

“Ketanggungan, Man. Besut sing jenenge wis apik, ngroyok sertifikat karang sak cuil, gak mungkinlah. Misale diitung yo, Man Gondo. Misale ae, iki gak ndisiki kersa lho, peno kapundhut, opo marisi Rusmini karangan mbarek omah? Marisi utang, Man. Rusmini, yo aku, sing nyaur utang.”

“Ojok ngomong ngunu, Sut.”

“Iki tembung umpomo.

“Lha terus karepmu yoopo?”

“Peno meneng-meneng ditambahi utang-utangan Sumo Gambar, ndadekno curigaku. Mesthi omok sing ditutup-tutupi.”

“Aku lak kondo awakmu?”

“Duduk peno, Sumo Gambar.”

“Mosok se? Nyatane deke nulung aku.”

“Peno parani Sumo Gambar, peno jak mrene. Nduk omah kene ae, ojok nduk Kantor Desa.”

***

“Slamualekom.”

“Salam. Mlebuo, Cak Sumo. Kene lho ngobrol sing kepenak. Peno ewangi, Man Gondo.”

“Ayo mlebu, Mo.”

“Dik Rusmini, Dik. Kilo ono tamu Cak Sumo. Gawekno kopi telu, sing uenak.”

“Kadungaren awakmu ualus, gak nyemprot aku blas, Besut Lurahku.”

“Kapan aku tau nyemprot, Cak Sumo. Nek ngopi, omong-omongan sing enak lak tambah enco.”

“Tapi atiku kok gak enak…”

“Onok sing kari, bekne, utowo ndekek opo gemlethak…”

“Ogak. Tak ling-iling kok gak nemokno sing janggal.”

“Yo wis ta Cak. Saiki ngrasakno kopi khusus, Kopi Ekselsa teko Wonosalam.”

“Ancene enak, sing duwe Mbak Elsa.”

“Duduk, jenenge kopi jenis ekselsa. Ditandur nduk Wonosalam jamane durung dadi Kabupaten Jombang, jik Afdiling Jombang, Tahun 1881-an.”

“Onok perlu ater-ater surat ta Lurah Besut? Bayan Sumo siap.”

“Gak, Cak. Wulan ngarep ae rapate.”

“Oh…”

“Aku kate takon.”

“Ojok lereni Bayan Sumo iki.”

“Sopo sing kate nglereni… Aku cumak takon. Usaha rosok ngunu bathine akeh ta thithik?”

“Yo akeh, Besut Lurahku. Nek gak akeh lapo aku tak rewangi rai kandel, gak tahu mlebu nang Kantor Desa.”

“Umpomo elek-elekan bondo 10 juta, bathine sak wulan sampek piro?”

“Gae awal paling yo slawe persen, rong juta setengah. Tapi nek wis ruh dalane koyok aku yo paling thithik paron.”

“Akeh yo, Cak?”

“Dapak gak akeh, aku lak aku leren kit biyen.”

“Tau mbreset?”

“Nek ati-ati yo gak. Opoo, kate bukak usaha rosokan ta?”

“Yo gak. Aku gak duwe bakat, Cak. Gen keluargaku yo dadi dagelan, tonilan.”

“Kok kon-takon?”

“Intine aku sak keluarga ngunu kate nyampekno roso matur kasuwun.”

“Lha lapo?”

“Lha isik-isuk peno wis maringi Man Gondo rongpuluh yuto.”

“Akade utang iku.”

“Man Gondo moro kate utang ngunu ta?”

“Gak, tak tawani.”

“Kok jowo peno, Cak?”

“Niatku nulung.”

“Rong puluh yuto?”

“Jane slawe yuto? Sing limang yuto gae bayar bunga tang-utangan sak durunge.”

“Bungane limang yuto? Lha utange piro?”

“Kabeh yo satus yuto.”

“Satus yuto? Bungane limang yuto sak wulan? Berarti limang persen sak wulan?”

“Bender, mangkanne tak tulung.”

“Iku jenenge gak nulung, tapi menthung.”

“Awakmu kok percoyo ngutangi Man Gondo?”

“Man Gondo titip sertipike omah.”

“Titip ta kok jaluk?”

“Iku syarate nek utang.”

“Saiki jukuken. Tak saurane kabeh.”

“Gak iso, Sabtu Minggu tutup. Senin ae.”

“Apane tutup? Lak nduk omah peno, se Cak?”

“Iyo, nduk kantorku.”

“Endi onok kantore nggon peno? Kantore rosok yo mok meko thok. Bongkar ae, dirusak koncine.”

“Tak nyeluk Babinsa, gae saksi.”

“Ojok, Sut Lurahku.”

“Aku emoh nduwe warga koyok dapur peno, Cak. Ngrusuhi kampung ae.”

“Sut. Jane sertifikate tak titipno Bank. Cek aman.”

“Peno titipno ta digae utang-utangan?”

“Jane titip thok, tapi eman nek gak utang.”

“Iki berarti wingenane peno njaluk tanda tangan aku gae utang KUR iku nggae Sertifikate Man Gondo?”

“Hengngng…”

“Ngaku ta gak?”

“Wis kadunge Sut.”

“Saiki ngene, ayok diurus nang kepolisian ae.”

“Ojo Lurahku Besut.”

“Aturen, aku nganut.”

“Temen?”

“Ciker, bungker, gak ilok, disamber bledheg Meduro.”

“Peno lebokno pirang tahun?”

“Limo.”

“Awakmu narik bunga Man Gondo limang persen. Teko KUR cumak ditarik setengah persen. Nek satus juta tekan kit biyen, mulai wulan ngarep, awakmu mbalekno nang Man Gondo petang persen, Sing setengah persen bungai bankm sing setengah persen gawien riwa-riwi.”

“Rugi aku, Sut.”

“Gelem ta gak? Nek gak gelem tak bele Polsek. Paling kenek pitumg tahun ukumanmu.”

“Lurah Besut, tambah rugi dobel-dobel aku.”

“Nek gak gelem yo gak popo.”

“Terus?”

“Pak Reskrim. Bisa ke sini, langsung bawa tangkapan penipuan.”

“Ampun Sut. Sepurane Man Gondo.”

“Berarti aku sak suwenw iki, kok bijuki ae, Mo.”

“Sepurane, Man?”

Awuk awi, awuk awo,
Gak wawo wong endi,
Gak wawo wong iko.
Sopo jenenge?
Sumo Gambar.”

(Plandi, Februari 2001)

Lainnya

Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Noto Niat

Noto Niat

“Rusmini… kopine cepetan!”

“Gok Karen Man,…”

“Olaopo Karen? Kopi!”

“Blusukan nang Internet.”

“Internet?

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah