CakNun.com

Guru Tepe

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 4 menit

“Iwi-iwi sopo peno iku?”

“Sopo iwi-iwi?”

“Lha riwa-riwi koyok setliko, lapo peno iku?”

“Warung Padhang kok bukak bengi.”

“Peno iku kaliren ta mbangkong se Man, ditakoni kok nyandhak Warung Padhang barang?”

“Bojone awakmu, Besut, wis padhang kok gak tangi-tangi?”

“Kasep Man. Cak Besut kit jam limo budhal gugur gunung nang kuburan dowo.”

“Ancene kakasen bojomu iku. Nggolek lem kok gak nok lerene.”

“Aneh peno iku, Man. Dikandani malah maido.”

“Gak maido, sak lumrahe wong tuwek tutur-tutur. Nek onok gak pantese melok isin aku.”

“Tutur-tutur ta ancur-ancur? Lha terus, opo perlune peno isuk-isuk nggoleki Cak Besut?”

“Penting Rus, urusan nasib iki. Aku lak yo kepingin mandiri, gak ngrepoti awakmu karo Besut terus.”

“Aku gak kroso krepotan kok, Man. Tambah ayem nek peno krasan nduk omah. Gak katut Sumo Gambar gak karu-karuan.”

“Kok dadekno reco ta aku nduk omah terus. Aku iki wong urip, nduwe ati, nduwe pikiran.”

“Tapi nek gembul Cak Sumo tambah mir-mir Man. Ati, pikiran, lambe, ambek kelakuan peno mblarah. Mulih-mulih nggowo masalah.”

“Glani lincipe omonganmu?”

“Isuk-isuk nggoleki Cak Besut, engko ndang nggowo masalah?”

“Ancene, tapi masalah kaapikan.”

“Gak ngunune se Dik Rusmini, Dik.I suk-isuk man Gondo kok disuguhi padu. Kopine endi, Dik?”

“Yo ngunu bojomu iku, curiga terus nanga ku.”

“Lha peno nggowo masalah opo? Kaapikan sing yoopo?”

“Ngene lho Sut. Paman iki lak tambah tuwek ta. Mosok pancet ngene ae. Aku mesthi kok arani nandur kaelekan. Kait methungul, Rusmini karo awakmu mesti curigo. Padahal perluku saiki iki pingin nandur kaapikan. Ngamalno opo sing tak nduweni.”

“Lha terus kok isuk-isuk nggupuhi?”

“Awakmu lak lurah, sing kuoso nduk deso kene iki. Aku gae ngamalno ilmu lan pengalaman, butuh nggon.”

“Yo manggon pendopo kene ae gak opo-opo.”

“Ngamalno ilmu yo nduk sekolahan.”

“Nduk Sanggar ta PKBM cocok gae peno, Man.”

“Moh, mulangi wong tuwek-tuwek, kempong-kempong, kisut-kisut. Pokoke nduk sekolahan, Sut.”

“Nduk sekolahan ilo, kate mulang opo? Mulang sarak ta?”

“Ojok ngenyek koen, masi mulang basa Jawa ta kesenian lak iso. Aku iki poke wong ludruk, Sut.”

“Ludruk gak payu ta? Sik tala, Man. Sak ilingku peno lak klebu buta aksara se, Man?”

“Ngenyek, ayo balapan nulis jawa!”

“Ketanggungan, Man. Ayo tak badehi maca tulisan Jawa, Latin, lan Arab.”

“Awake dhewe wong jawa, Sut. Ojo k akehan pertingsing. Aku mrene iki njaluk tulung, mosok dadi lurah gak enthos ndadekno aku guru.”

“Iso ae, Man. Kepala Sekolahe idek karo aku.”

“Lho ngunu karepku.”

“Tapi aku ngusulno peno iku yoopo nalare?”

“Yo aku pingin mulang, nduwe ilmu thithik, cek kanggo nang desane dewe.”

“Yo wis tak cobak ngomongno. Tapi aku gak janji. Nek gurune wis kakehan, yo ngutamakno sing onok.”

“Alah iso diatur ngunuiku. Masi aku lak kepingin dadi Guru Tepe. Sing mbayari yo pemerintah, duduk yayasan.”

“Lho, lho, lho, sik.Guru Tepe opo maksud peno?”

“Wah ketinggalan jaman koen iki Sut. Lurah Keplek. Guru Tepe iku yo Guru Tunjangan Pemerintah. Masio guru partikelir yo iso, gak kudu negeri. Lha nek paman mu iki katut lak yo gak ngrepoti awakmu, Sut. Olehe 3 juta-e.”

“Man, nek Guru Tepe gak onok. Peno iku kakehan nang Tepe — Tunggorono Plasa, nduk bedhak loake Sumo Gambar. Sing onok iku guru sing wis lolos sertifikasi, oleh TPP, polane dianggep wis profesional.”

“Masi ngludruk iku yo propesi. Kari gawekno sertipikat. Opo sertipikate omahae, kenek se?”

“Gak yo-a. Ngene nek tak usulno lak bathi isin aku, Ojok isin-isini dapur, Man. Guru Profesional iku maksude guru sing wis diuji kompetensine. Nguasai pelajaran sing diwulangno ta gak. Mulange enthos ta gak, berbasis multimedia ta bandha lambe thok. Duwe budaya literasi ta gak.”

“Koen iku kemeruh, ngel-ngelaku, meden-medeni aku thok. Nek niat gak gelem nulung, ngomongo. Mulang kok nganggo budaya terasi. Seni budaya ngunu kait pok.”

“Oalah Man, tak terangno yo tambah gak paham. Mangkane ojok kedukuren karep. Krungu dhuwik 3 juta, mbingungi dadi guru.Ojok kemiso, wis gak ngerti tapi gak ngerti nek awake iku gak ngerti.”

“Lho omonganmu tambah mbulet.”

“Sing terkenal mbulet iku peno Man. Lha nek dadi guru temen, opo meneh katut sertifikasi, jelas kepala sekolahe jengkel ndelok peno. Ditagih RPP semoyo, dikon pelatihan, tanda tangan thok njaluk sertifikat, dikon gae PTK, njawabe …emang gue pikirin…, wayahe setor biji diiro-iro…ngaji alias ngarang biji, Guru mulang iku muride cekne gelem merhatekno, niteni, nirokno, nambahi, ngerteni, ngrasakno, lan nglakoni.”

“Mbuh Sut, wong niat apik, kok ulet-ulet.”

“Gak ulet-ulet, Man. Dadio pangerten peno. Blajaro moco nulis sik setahun iki. Peno biasakno madhakno antara karepe ati peno, omongan peno, tingkah laku peno. Guru iku digugu omongane lan ditiru kelakuane. Belajaro ngemong, jare Mbah Hajar Dewantara biyen guru iku kudu “ing ngarso sung tulada, ing madya mangun karso, tut wuri handayani”. Ilangono kebiasaan peno dodolan omong, opo maneh ancur-ancur.”

“Lha yo aku iki wis niat tobat, nglakoni kaapikan.”

“Nek pean pekso saiki, oleho TPP, gak halal rejeki peno.”

“Lha kokgak halal?”

“Mlebu liwat aku arane nepotisme, bayar anprofesional — mulang egak profesional, 10% tunjangan gae minterno awake — iso-iso peno gae kredit mobil.”

“Wis, Mbuh Sut. Tak nggandang ae ndudalan.”

“Gakopo-opo, Man. Luwih halal.”

“Mentolo koen! Ngongkon paman mung amen?”

“Soro nduk ndunyo, …timbangane soro nduk akhirat.”

“He?”

“Mangkane, wisa mbe kaku karo Rusmini ae. Kepingin opo ae angger onok nalare, gae opo se tak tolak. Akeh-akehno nang langgar, nek perlu wulangen arek-arek nduk sanggar.”

“Oalah, nek gak oleh nyunggek tepepe tak nang tepe ae.”

Plandi, 27 April 2013

Lainnya

Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah