CakNun.com

Gak Njabat Gak Bongko!

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 5 menit

Kelopo kopyor, Sut, jare kenek digae obat.”

“Loro opo, Man?”

Kepalaku kopyor, Sut, jare kenek babat.”

“Babat damen ta, Man?”

“Dapako. Babat damen jik oleh buruhan.”

“Lha maksud peno?”

“Lha yo, koen kok mentolo. Dadi kepetengan ae, aku kate kok lengserno. Salah opo aku?”

“Peno gak salah. Aturan sing njaluk ngunu.”

“Aturan lak kenek kok atur se, Sut.”

“Jamane seje, Man. Aturan saiki gak oleh sak karepe Lurah. Nduk Desa onok BPD. Nduk Kabupaten onok DPRD. Munggaho nganti Propinsi, terus Negoro, yo ngunu. Gak iso saiki Lurah, Bupati, Gubernur, nganti Presiden nggawe aturan sak karepe dhewe.”

“Iyo awakmu dadi Lurah, iso ngomong ngunu. ”

“Lho saiki ae, nek rakyat karep aku leren, gak popo.”

“Iku lak nek. Lha aku iki ancene kok lengser temenan.”

“Dipek hikmahe ae, Man.”

“Isin, Sut. Dadi pengangguran.”

“Lha lapo isin? Kabeh wis onok wayahe dewe-dewe. Godhong ae nek wis kuning yo rontok-rontok dhewe. Rong tahun maneh aku yo wis gak dadi Lurah. Peno wis nemlikur tahun dadi pamong. Kurang tuwuk yoopo? Nduk Kabupaten ae, asale njabat dadi staf biasa ae yo nrimo. Gak nok sing protes. Nek aku malah krasa syukur, peno longgar wektune gae ibadah.”

“Awakmu kari nyawang. Sing nglakoni iki, stress rasane.”

“Sing ngekehno ibadah ta Man.”

“Gak kok kongkon aku yo wis sembahyang. Tapi mosok kate patlikur jam sembahyang terus.”

“Ibadah iku lak yo gak sembahyang thok, se Man. Ngekehno amal, ngekehno pitulung, ngekehno pitutur nang liyan soal barang bender, soal kasabaran.”

“Sopo sing nggugu wong nganggur?”

“Man Gondo. Ojok diwolak-walik. Asline kit biyen, ancene yo gak patek ono sing nggugu peno. Padahal peno dadi Kepetengan. Polane opo? Polane peno gandheng renteng karo Sumo Gambar, makelar perkoro iku.”

“Ojok sirik koen, Sut.”

“Sing sirik iku peno karo Sumo. Wis njabat, kepingin ngicaki kancane, digae ancik-ancik kanggo menek jabatan sing luwih dukur. Senenge ngriwuki urusane liyan. Saiki wayahe entek, gak trimo.”

“He he he… Lapo aku kok lok-elokno?”

“O, Sumo Gambar. Wis oleh dagangan ta, kok isuk-isuk mrene?”

“Dagangan opo, Man?”

“Perkoro.”

“Ooo, lambemu tak gae ungkal, kapok engku. Gak pok-kapok ae.”

“Guyon, Mo.”

“Aku iki dagang rosokan.”

“Aku rosokno, Mo. Kiro-kiro payu piro?”

“Apane riko Man sing dirosokno?”

“Aku iki lak rosokan pamong, rosokan Kamituwo.”

“Iyo, Sut. Aku mrene ki maeng, kate ngomong mbarek awakmu.”

“Soal opo Cak Sumo?”

“Soal pamanmu. Aku iki dadi koncone pamanmu iki kit biyen. Tulungenlah, jok dilereni. Iki pamane bojo sing kok royok. Rusmini tak ikhlasno. Tapi pamanmu jok dipulosoro.”

“Aturan, Cak Sumo.”

“Jok ku-kaku.”

“Paman iki gak leren, tapi wis wayahe purna bhakti. Wis wayahe arek nom-nom sing ngganti.”

“Podo ae.”

“Ambakan paman kan gak ijen. Polo Paeran, Mataulu Dolah yo purna bhakti. Sekolahe sing nom-nom cekne kanggo.”

“Tapi malih gak mangan ganjaran. Mangan opo aku?”

“Yo mangan sego, Man. Ojok athik ngomong ganjaran. Ganjaran peno lak kedol tahun-tahunan, gak tau moleh. Kit biyen mangan yo bareng Rusmini karo aku. Peno mari iki tanggunganku seratus persen, Man.”

“Aku durung jompo, Sut. Melok awakmu sido gak dowo umurku. Jare kok kongkon amal, kate njaluk awakmu ta? Jare kok kongkon tutur-tutur, sido malah bendino kok tuturi. Aku gak tau bendher nduk ngarepmu.”

“Gak ngunu, Man.”

“Gak ngunu apane?”

“Tolong peno toto ati peno. Ikhlasno. Opo se, jabatan ae kok. Jabatan malah dadi beban, soale jabatan iku amanah.”

“Wis, wis, wis, sak karepmu. Tak leren ae, aku.”

“Lha, lak ngunu. Mari iki peno isok tenang. Nek kepingin melok mbangun Desa, jik akeh dalane. Nek kabeh mufakat, peno isok dadi anggota Lembaga Pembangunan utowo Lembaga Musyawarah nduk Desa. Minimal melok Rembug Desa.”

“Sak karepmu, Sut, sak karepmu.”

“Gak ngunu, sing penting, ati peno ilo trimoo.”

“Aku trimo, Sut.”

“Ikhlaso, Man Gondo.”

“Aku Ikhlas, Mo.”

“Temen ta?”

“Demi Allah, gak njabat gak bongko ae kok.”

“Iku kait cocok dadi pamane bojoku, yo pamanku sing hebat.”

***

“Ealah… Kulakan pencit, kabeh wis tuwek. Peleme gadhung jelas legine.”

“Sopo Man Gondo sing kulakan pencit?”

“Yo aku Mo. Lapo ngomongno liyan. Ealah…budal nang masjid, awak wis tuwek. Barang sing wis kadhung, akeh jelas rugine.”

“Dungaren, Man. Jik akeh perkoro nduk desa kene. Betah ta peno gak melok ngurus? Malah ngurus pencit.”

“Tak ngurus awakku dhewe ae Mo. Tak pikir-pikir bendher omongane Besut. Ngenceki awakku dhewe ae gak mari-mari, olaopo ngurus wong liyo. Jabatan lak amanah, wayahe dijaluk, kudu eklas. Timbangane makelaran perkoro, tak makelaran pencit ae.”

“Ngen-angenen maneh Man Gondo. Awak peno bungkring ngunu, kuat ta sung-usung pencit sak rengkek? Nek mbendherno perkara lak cumak bondho lambe.”

“Iku arane gak mbendherno perkara Mo, tapi makelaran perkara. Moh aku! Kapok gak ilok.”

“Kapok lombok ta?”

“Ogak, aku kapok temenan. Sak jeke melok awakmu ngurusi perkarane pejabat desa, perkarane tangga teparo, aku ancene oleh duwik sak mbrek.”

“Lha lapo kathik leren?”

“Gak mbarokahi, Mo. Duwik gampang olehe, tapi yo luwih cepet amblase, gak nok rupane.”

“Mosok se Man? Peno iku nok-onok ae. Gak nok hubungane iku.”

“Awakmu gak titen. Ilingo wulan rejeb wingi. Awake dhewe oleh tabokan teko lurah sebelah limang yuta. Awakmu petang juta, aku kok kei sak juta. Rupo opo? Gak iling ta? Anakmu kenek urusan Pulisi, polane nabrak wong. Gae nambakno wonge sepuluh juta kurang. Durung urusan Pulisi mbarek riwa-riwimu.”

“Seje uruse iku Man. Lumayan oleh limang juta, dadi gak kabeh ngelong duwik dagangan.”

“Ancene awakmu gak oleh hidayah. Ngertio Mo. Iku munu kualat arane. Nek wonge trimo lan lilo, Pengeran sing gak trimo.”

“Wis, wis, ojok bakas iku. Balik nang pencit ae. Piro bathi peno?”

“Alkamdulillah Mo, nek sak wulan oleh dagangan limang rengkek ae, jik luwih akeh dibandhing mulang SD Swasta sak wulan.”

“Mokal Man. Guru saiki les-teles, gak koyok biyen.”

“Teles iku lak sing negri, sing sertipikasi. Lha nek guru swasta nyel gak tau nyandhak sak juta.”

“Koen iku ngenyek. Dik guru MI tanggaku iku ketoke gak tau sumpeg iku, sam-mesem nek budhal, karo bojone yo kun-rukun ae. Paling bayarane yo ndhukure telung juta.”

“Pak Rukun ta? Bayarane gak jangkep sak juta setengah. Yoiku jenenge rejeki barokah. Nrimo bayaran thithik atine eklas, tetep disyukuri. Pengeran sing nambah, dadi maler tur mulur.”

“Lur-mulur… Anggit peno toko bangunan ta?”

“Ojok ngunu koen. Aku melok awakmu, nek tak itung yo gak thithik olehe. Tapi endi? Awakku tetep kuru, bendino jik ngonthel, sakku iki gelek kosonge.”

“Peno sing gak isok ngatur, Man Gondo.”

“Lha saiki awakmu ae contone. Rejeki akeh, pinter ngatur, ditambah watekmu sing mleki pol. Penggaweanmu bendino kudu muring-muring ae. Anakmu gak tau waras teko gudhiken, ngantek bores kabeh. Iku polane sing kok pekso ngekei duwik awakmu gak eklas, nggremeng, malah mungkin ndungakno awakmu sak elek-eleke. Gak ilok lho Mo.”

“Gak nok santri mangan pelok.”

“Omonganmu rusah thok. Mangkane Mo, aku leren ae. Tak golek rejeki sak madya. Aku percoyo Sing Ngendhek Cukule Idep; mesthi melok tanggung jawab nang uripku. Nyatane atiku saiki dadi ayem. Jare Bung Karno, kahanan adhem ayem kadya siniram banyu wayu sewindu lawase.”

“Nango mejid kono nek ceramah.”

“Ancene, wis seminggu aku jamaah terus nang mejid. Kapan awakmu sobo mejid?”

“Durung kober Man. Rosokan tekone gak ruh magrib.”

“Nuruti ndunyo, amblas akhiratmu.”

“Aku nunut peno sik ae, Man.”

“Kirim salam nang Pengeran ngunu ta, karepmu? Neroko Jahannam koen kok.”

“Peno neroko opo?”

“Mugo-mugo nang suwargo. Misale nduk neroko polane katut awakmu, yo nduk pinggire ae, jik oleh keluke masakan suwargo. Bekne ono sing muncrat lumayan. Ancene dusaku wis akeh. Sing penting tobat. Neroko suwargo urusane Gusti Allah.”

Plandi, 27 Agst. 2014

Lainnya

Mbulete Utang

Mbulete Utang

Nduk njero blumbang akeh iwak sepate.
Onok bethik siji, gak tumon ngambang
.”

“Jik yahmene wis bakas iwak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Puli ta Pungli?

Puli ta Pungli?

“Lha yo, ngguk ndi-ndi ngomongno pungli. Iku lho barang kawak.”

“Yo cek onok jladrenane wong cangkrukan, wong ngopi sing mblader sak paran-paran, wong WA-an, wong BBM-an, lan liyane.”

Krupuk puli rasane gurih,
Sopo sing nglarang gak ruh rasane
Duwik pungli rasane gurih
Sopo sing nglarang gak ruh rasane

“Bendher Cak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah