E-PUPNS
“Noopo Gerdhu Papak Dik Carik? Jare wong tuwek, biyen Gerdhu Papak digawe haltene sepur thruthuk.”
“Kulo mireng nggih ngoten. Malah Mbah Hasyim Asy’ari sering ngentosi sepur ten ngriku, jamane mondok ten pesantrene Kyai Umar ten Gedangan Ngudirejo. Tapi kulo wau mboten ngoten maksute…”
“Lha terus?.”
“Gak tepak nggih kudu ditepakno.”
“Soal opo, Dik Carik?”
“Nggih soal EPUPENES sing Njenengan bejani riyin…”
“Oh masalah E-PUPNS niku ta? Napane sing gak tepak? Niku lak trobosan apik, Dik Carik.Jarene E-PUPNS niku jalan tol langsung nang pusat. Gak perlu ngliwati undag-undagan birokrasi sing seret, nyanthol-nyanthol, akhire pangkat mangkrak.”
“Sae karepe, lemot nyatane. Nglebetaken data setunggal mawon jam-jaman. Sing antri sak dabrek. Padahal pun dibagi dintene.”
“Nggih kedah sabar, Dik Carik.”
“Nggih pun mboten karuan sabare. Kulo rewangi bengi gak turu, tasik gagal mawon. Awan ngeten niki malih ngantuk pol. Barakan, carik lawasan koyok kulo ngeten, internetan nggih grothal-grathul.”
“Oalah, nggih ditleteni Dik Carik. Mbok awan ngeten niki mawon, cek mboten nglowo. Mangkane malih ngantukan, tak kira polane tambah lemu iki.”
“Olehe lemu, melek dalu dados nggrami, sak entene panganan diemplok mawon.”
“Oalah… Tapi la kok milih bengi yoopo nalare?”
“Dalu sepi, mboten royokan.”
“Tapi nek kabeh ta akeh sing nduwe pikiran koyok sampean, yoopo? Kabeh royokan bengi, akhire penuh, malah awan sing kothong.”
“Awan kathah penggawean. Nopo malih nglintuni melekan bengi, nggih disempataken tilem.”
“Cobak engkok sampean jajal awan.”
“Kulo cobine. Nek guru eco.”
“Podho PNS-e, yo podho enake…”
“Nek guru lak pun biasa online-online-an. Lha kulo cari tasik wingi.”
“Sami mawon Pak Carik. Kathah-kathahe guru nggih sambat. Nyeken lan koneke lomot. Nek kebendheran 3 jam, angsal sak data. Padhahal ngoten kathahe sing dipun kirim.”
“Kedahe digilir jam utawi dinten-e Pak Guru…”
“Sampun Pak Lurah Besut. Jombang Mojokerto niki diparingi wekdal kalih dinten. Sedaya nggih pun patuh. Tapi pancet mawon. Kadose jaringanipun kirang .”
“Saget jaringane utawi kapasitase mboten nyukupi. Lha tiyang sak Indonesia. Masio dijadual.”
“Padahal wulan Oktober niki Kedahipun beres sedaya…”
“Olehe ngukur wekdal kurang elmune. Itungan ten ndukur meja kalian ten prakteke tebih.”
“Niate ngoten sae. Sedaya bala PNS supados saget akses langsung. Tapi nggih niku, malah kroso morat-marit.”
“Tapi menawi niate sae ngoten nggih insyaallah pengeran nderek tanggung jawab. Percoyo mawon, Mangke lak wonten dalane sing gampil.”
“Kapan?”
“Pengeran sing semerap. Sing penting, mboten gsmpsng nyalahaken. Nek kabeh maido thok nggih tambah ruwet. Sabar mawon.”
“Wak sabar pun tilar Pask Besut.”
“Maksud kulo mboten usah menthentheng. Ditlateni mawon. Wonten wekdal, duko siang, sonten, nopo dalu; dilebetaken mawon datae. Angsal setunggal data, disyukuri mawon. Pun gupuh misuh-misuh. Msio sampean pisuhi yo pancet lan operatore mboten mireng. Bathi duso sampen.”
“Nhenengan mboten nderek nglampahi pak besut. Mboten ngrasakno jengkele ati.”
“Nopo kuo sampesan angkat dados PNS sak niki?”
“Ha ha ha…”
“Kok mbujeng?”
“Lha kulo dados PNS mawon nembelas tahun tes nembe ketrami. Sak niki Njenengan kengken ngangkat.”
“Lho sorone ngunu. Nembelas tahun kawit ketrimo. Sabar temen sampean biyen.”
“Lha kajenge mboten sabar yoknopo, masalah nasib. Pados pendamelan sakniki mboten gampil.”
“Akhire mulyo se nek sabar…”
“Nggih Pak Besut.”
“Sak niki kantun mbaleni. Sabar tahap 2. Sabar ndadosaken subur. Sabar niku maknane nrimo. Nrimo niku roso syukur. Sinten sing syukur, nikmate ditambah Allah. Niku janjine Allah. Mosok Gusti Allah nggesah?”
“Nggih mboten.”
“Lha nggih. Mangkane sabar mawon, ditelateni mawon. Terose pak Kyai, nek tiyang mboten purun syukur, diduduhi llah niku perih. Mosok awake dhewe kepingin nasibe awak tambah perih? Ngoten ta Pak Guru? Ngunu ta, Dik carik?”
“Leres Pak Besut.”
“Nggih Pak lurah.”
“Lha mankane. Enjoy ae. Nek perlu anak sampean dikon ngewangi nglebokno. Sopo ruh awake dhewe sing tuwek iki yo lomot koyok jaringane. Kaste mitek a kliru s, lan sak piturute.”
“Nek kulo pikir-pikir leres Njenengan. Pancen masalahe lak kewetan ngaploud data (scan) ingkang dados bukti fisik lerese carane ngisi. Kadang awak pun mulai udzur ngeten, klira-kliru pencet.”
“Aku malih melok mikir. Pemrentah kok gak gae model lokalisir per provinsi. Dadi semi sentral. Nek provinsi beres, kawit diuncalno nang pusat klawan online yoan.”
“Leres Pak Besut. Umpami tiyang maem ngoten lak wonten batese amote weteng.’
“Utowo umpomo dianggep antri ngunu, diakehno lokete. Nduk provinsi yo ditangani wong pusat sing didekek provinsi. Utowo lak onok lembaga-lembaga pusat sing perwakilane nduk provinsi.”
“Nggih pak Lurah. Sak niki kathah lembaga pusat sing perwakilane ten propinsi, tapi kirang pendamelan, utawi pendamelane gak jelas, tumpang tindih karo liyane sing podho teko pusate. Timbangane eman mbayari wong nganggur utowo kurang penggawean.”
“Maksude?”
“Tasik jamane rame-ramene Kurikulum 2013 riyin, diklat mawon tumpuk undhung, silang sengkarut. Bingung kabeh. Barang apik jane K-13 iku, tapi kesusu-susu malih kesikut-sikut, digawe bancaan, padhahal umpomo sego ngunu jik nglethis. Akhire gak jelas.”
“Tapi PU-PNS iku lak nggih sae se Pak Guru.”
“Sae.”
“Lha kok dadi ngene yo…”
“Nggih kesusu niku.”
“Akhire grusa-grusu.”
“Olehe ngukur kirang presisine. Wilayah garape kedahe dilingkari kaleh jongko, mungkin kaleh lepek.”
“Jane kabeh kebijakan iku yo kudu mundhut pelajaran sing wis-wis. Ojok mbaleni kesalahan.”
“Keledai mawon nek mari kejeglong, titen mboten purun kejeglong ten nggen sing sami. Padahal keledai iku sak goblok-gobloke kewan. Lha awake dheweniki menungso, twbih luwih cerdas timbangane keledai. Tapi kok mbolan-mbaleni nggih. Entek-enteki abab, entek-enteki bondho, entek-enteki nafsu.”
“Yo ojo ngunu Dik Carik. Ngguk ndukur ngunu nggone wong pinter. Tiap bagian onok konsultane sing super pinter, paling nggak lukusan S2.’
“Tapi gonta-ganti wong, akhire kurang pengalaman terus.”
“Wis, wis, wis Dik Carik, Pak Guru. Ojok ditutuk-tutukno mbakas barang nduk pusat. Kepethiten. Kapasitase awake dhewe iki sifate lokal, gak nutut nek mbakas maslahan sing kapasitase nasional. Kelenggak engkok.”
“Leres Pak Besut.”
“Sing nyawang gampang. Sing maido gak usah kulakan. Entek ngamek kurang nggolek. Tapi gak tambah marekno masalah.”
“Enggih Pak Besut.”
“Saiki fokus nang awake dhewe-dhewe, Konsentrasi nang tugase dhewe-dhewe. Maido lan ngoreksi salahe awake dhewe-dhewe ae.”
“Nggih.”
“Soale nggoleki salahe liyan iku gak perlu sekolah. Gampang pol. Tapi ngrgo jithoke dhwe iku angel, masio nggone cidhek.”
“Nggih.”
“Opo maneh niate kliru. Kepingin nibakno liyan. Utowo niat kepingin ngunggulno awake dhewe. Iso kualat tibo mburi.”
“Nggih.”
“Nek iso, awake dhewe iku digoleki lan dibutuhno wong soal kaapikan, gak masalah kaelekan. Nek iso awake dhewe iki nguncalno empati nang liyan, supoyo awake dhewe oleh simpati. Ojok sak walike, engko malah oleh antipati.”
“Ngoten nggih Pak Lurah.”
“Lha yo, aku isuk-isuk kok kakehan omong. Sepurane nek sampean mblenger Pak Guru, Dik Carik.”
“Mboten nopo-nopo Pak. Saget kulo gae tutur-tutur anak.”
Plandi, 21 Oktober 2015