CakNun.com

Cekne Payu Ayo Diayu-ayu

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 3 menit

“Sir kusir, mbang kombang, sumonggo mampir, nang tlatah Jombang.”

“Gak ngunune se, Sut. Kit jaman Mbah Joyo ngantek jaman Mbah Gugel, nawakno kutho Jombang terus. Gak lecek ta, lambemu?”

“Lha nek gak awake dhewe, kate sopo maneh sing kate ngelem, ngepik-ngepik, barek nawak-nawakno Jombang? Kate dijarno mangkrak ta, Man Gondo?”

“Nawakno yo nawakno, tapi apane sing pantes ditawakno? Nggone piknik yo gak nok sing monyos, gak nok sing kenek diwasno, opo maneh diparani. Panganan khas yo gak jelas. Oleh-oleh liyane yo opo?”

“Lha mosoko gendheng aku, Man? Kabeh wong nek kepingin mayokno prawane ae, yo dipaesi. Opo maneh nawakno amanate rakyat sing arane Kabupaten Jombang, peno delok Tirta Wisata mulai diayu-ayu.

“Tapi nyatane opo? Wis dibangun kios-kios, pager, panggung, malahan dikei montor muluk; pacet sepi se, pancet gak payu se?”

“Mangkane awake dhewe melok nawak-nawakno.”

“Kemoncolen, Sut. Kemlinthi kok koen iku. Kadare awakmu iku mok dadi Lurah, cumak dadi Kades. Karuane nek awakmu dadi Bupati ngunu, tak bendherno lambemu. Pikiren desamu dhewe ae, kait puk.”

“Pikiran peno kuwalik, Man Gondo. Jombang iki duduk mok tanggung jawabe Bupati. Kabeh rakyat Jombang elok nduweni, yo elok tanggung jawab. Opo maneh Kades, panutane wong sak desa. Yo kudu elok mikir yoopo majune Jombang. Nek Jombang maju, desane dewe yo melok maju. Sak walike, nek kabeh desa maju, Kabupaten Jombang yo sak mestine ae, katut maju.”

“Tapi lambemu Jombang terus munine. Kapan desamu?”

“Desa gak perlu tak omongno, tak lakoni.”

“Alasanmu onok ae.”

“Man Gondo, Man. Peno nglilir krinan ae kakehan komentar. Peno delok awake Cak Besut, ireng keleng-keleng.”

“Lha nek wis ruh mesum gak keramut ngunu, lapo awakmu gelem dadi bojone, se Rus? Sumo Gambar sing jelas-jelas gagah, klemis, tur sugih; olaopo kok tolak? Rusmini! Mulai getun ta awakmu saiki dadi bojone Besut?”

“Irenge Cak Besut ngunu polane kenek srengenge. Keleng-kelenge Cak Besut, polane kringet, Man. Aku yo tambah seneng.”

“Lha nek ruh awakmu seneng barang lengur, lebus, amis ngunu; biyen Sumo Gambar tak kongkon ngambokno keleke sing kecut, cekne awakmu kebimbang. Kilo nek arep ababku basin.”

“Ancene peno gak nyautan kok, Man. Aku seneng Cak Besut ngunu, Man Gondo, gak polane ambune. Bab kringete Cak Besut, aku bangga, soale metu polane ngajak bareng-bareng warga desa kene gotong royong, gugur gunung, bendhung susuk. Kileng-kilenge kulit polane gak peduli panase srengenge. Enak gak enake ambune. Gak urusan, malah bangga.”

“Ambu gak enak kok bangga. Ngunu iku ta sing kok arani bendher? Iwak mambu Rus, arane banger; pikiran ngunu iku Rus, arane keblinger.”

“Bantheng Tracak Kencono Man, duweke Surontanu; ponakan peno gak nyongko Man, peno iso parikan ngunu.”

“Mangkane ojo ngenyek. Elek-eleko pamanmu iki jebolan ludruk.”

“Kabeh yo ruh, Man nek peno biyen ngludruk, peran spesialis mata-matane Bangsa Walandha, penggaweane adu-adu. Man Gondo, jan-jane istilah peno yo cukup akeh lho, sayange maknane menclek kabeh. Paribasane bender Cak Besut ambune gak enak, tapi nek polane gak gigu karo banyu peceren, tujuane cek lancar miline, got cek gak mampet; gak masalah, Man. Didusi ilang ambu gak enake. Tapi nek kecute keleke Sumo Gambar lan basine iler peno iku teko njero, iku asline; dadi gak iso ilang. Terus terang ae, Man. Nek iler sing peno produksi karo turu gak tangi-tangi, jujur ae aku jembek.”

“Tapi Rus…”

“Tapi opo? Mikir desa? Ngomongno desa? Gak usah peno kandani. Kabeh rakyat ruh nek Cak Besut mikir desane. Ogrok-ogrok patusan ae dilakoni, opo maneh liyane. Kanggo desane, Cak Besut gak mok mikir, langsung nyuntuhi kaapikan.”

“Ancene nggolek lem.”

“Wis Rus, ojok dilawei. Sawaten karo genthelut kono, engkuk lak meneng-meneng dewe.”

“Tuman Cak Besut, lambene Paman…”

“Wis talah, nek cangkeme jik krasa kecut durung emplok-emplok, yo terus ngomong. Sarapane ae.”

“Hm. Besud nggolek lem, cek gak tak gunem.”

“Kilo sarapan karo kopi peno!”

“Lak ngunu. Iki jenenge ponakan sing ngabukti,”

“Gak butuh lem-leman peno, Man.”

“Glani! Ngelokno salah, ngelem salah.”

“Aku karo Cak Besut ngunu Man, gak perlu nggolek lem-leman. Nyambut gawe nglaksanakko kewajiban, mikul amanah. Lem-lemane wong metu teko atine dewe-dewe, penghargaan gak tahu diarep-arep, moro-moro dewe.”

“Mbok aku nempil lem-lemane thithik.”

“Lambe rusak! Isok-isok peno mati mene-mene polane lambe kok, Man.”

“Dungamu elek Rus.”

“Peno dadi wong tuwek, kudune tutur-tutur, ojok malah ancur-ancur. Kudune peno nyuntuhi tatacara sing bendher, ngringkes perkoro cek gak tambah kedowo-dowo. Ee… malah makelaran perkoro. Nek peno terus-terusno, ojo getun nek dadi intipe neraka.”

“Dadi opo jaremu? Intipe neraka? Suwarga Neraka iku urusane sing nggawe urip.”

“Lho peno yo ruh ngunu lho. Ploso Kerep Man, klebu tlatah Sumobito; nek awake dhewe nduwe karep Man, omongan latah kudu pada ditoto.”

“Eeeee… embuh, Rus.”

Lainnya

Ri-Uri Wayang Topeng

Ri-Uri Wayang Topeng

“Man Gondo, Man.”

“Lapo se Rus, tokan-takon barang?”

“Gak takon aku, cumak nyopo.”

“Lapo nyopa-nyopo, barang?”

“Aku ilo melok pegel ndelok peno, Man.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah