CakNun.com

Ajar Gak Pormal Ojok Diremehno

Nasrul Ilah
Waktu baca ± 4 menit

Nang kali nggolek iwak wader
Digowo mulih, bojo sing ngolah
Nang kene iki sekolah wis mblader
Tapi jik akeh arek gak sekolah.

“Arek gak sekolah ngunu diwolak-walik sing salah yo wong tuwane. Niat nggawe anak, kok gak diurus.”

“Yo salah areke. Endi onok wong tuwo kepingin anake bodo.”

“Sing salah yo sekolahane. Arek wis sekolah kok isok sampek mothol.”

“Sing salah yo Dikbud…eh..opo saiki…Dinas Pendidikan lan Kebudayaan. Masalah ngene iki lak urusane…”

“Sing salah yo Lurahe. Onok rakyate gak sekolah kok gak ndang ruh.”

“Yo wis, aku ae sing salah. Dadi Lurah kok jik onok wargane sing gak sekolah.”

“Lha lapo peno ngaku salah, Cak Besut? Kurang opo peno ojok-ojoki wong tuwane? Ancena areke gak karep sekolah, ambakan wong tuwane yo kurang nyereng. Padahal soal biaya, gak kurang sekolah sing sanggup nampung siswa teko keluarga gak mampu. Opo maneh asale wis sekolah, malih leren sak karepe dhewe… ”

“Timbangane rame, Dik Rusmini. Kabeh kit wingi gak nok sing ngreken, bah arek sekolah bah arek gak sekolah. Barang onok berita akeh arek gak sekolah, gupuh nyalahno liyan. Nek ditakoni yo gak ruh, piro nduk desane dhewe iki sing gak sekolah.”

“Lha awakmu ruh ta Lurahku Besut?”

“Yo ruh Cak Sumo. Kabehe songo. Songo iku sing asli gak nerusno nang SMP/MTs cumak arek loro, Trimin anake Trimo karo Tumini anake Tumirah. Sing limo ndaftar tapi gak dileboni; Gimin anake Guk Gimo, Jayadi anake Wak Joyo, Gumbrek anake Wak Gambreng, Umar anake Cak Amir, ambek Sikun anake Solikun. Onok sing mothol kelas pitu, Siam anake Wak Saeh. Sing mothol kelas wolu Sati anake Cak Satak.”

“Termasuk gak akeh. Tapi awakmu kok ruh sak jumlah sak jeneng-jenenge?”

“Rakyatku kok gak ruh se, Guk.”

“ Berarti awakmu gak salah, Lurah Besut.”

“Nek diarani salah ngunu yo kabeh salah. Tapi nek diarani gak salah, yo kabeh gak salah.”

“Kok bingung aku.”

“Gak usah bingung. Masalah iku mesti teko. Sing penting ayo diatasi bareng-bareng. Tapi sing penting maneh gak usaha gampang nyalahno sopo ae. Durung ruh temenan, entheng ae ngelokno.”

“Bender Cak Besut.”

“Lha terus yoopo arek sing wis kadung gak sekolah iku?”

“Nek iso yo disekolahno neh. Cek balik nang sekolahane.”

“Yo gak gelem areke.”

“Dipekso.”

“Sekolah kok dipekso. Kang Lurah Besut, nok ndi areke saiki?”

“Sing akeh yo klonthang-klanthung. Sing tak kuatirno akhire ngglupek nduk bilyat. Nek wis nduk kunu akhire totoan, klebu judi, ngombe-ngombe, ngoplo. Terutama sing lanang. Sing wedol ketoke nyambut gawe. Wong tuwane yo dadi bingung.”

“Lapo kabeh podho ngung-bingung, timbangane areke thang-klanthung, cek melok aku ae nyambut gae.”

“Dadi tukang rosok ta?”

“Po-o ngrosok, yo iso sugih. Aku contone. Timbangane tukang ngomong. Idune muncrat gak dadi duwik.”

“Olehmu sugih ngrosok campur mbijuk…”

“Wis, wis, wis… Gak nok paedahe tukaran. Balik saiki ngrembug arek sing gak sekolah maeng. Ayo diurut masalahe. Nomer siji. Lapo arek-arek iku kok gak gelem sekolah?”

“Yo gak karep. Wegah nyandhak buku.”

“Pikirane kendo, bandhane kurang nyukupi.”

“Mungkin gak cocok karo sekolahan utowo gurune.”

“Tukaran karo kancane.”

“Kepingin kerjo, ndang iso mbantu Wong tuwane.”

“Kabeh gak salah. Saiki nomer loro. Arek-arek iki sakjane lak durung wayahe nyambut gawe. Tapi nyatane sebagian nyoto-nyoto wis nyambut gawe. Yoopo enake? Mosok awake dhewe ngejarno generasi nom-noman sekolahe budhel. Paling nggak lulus SMP, MTs, ta mondok. Paling elek pengetahuan lan kemampuane arek-arek iki cek setara karo lulusan SMP ta MTs.”

“Bengi ae arek-arek iku diwulangi.”

“Mosoo gelem?”

“Nek modele koyok sekolahan yo gak gelem.”

“Lha terus?”

“Gak mungkin awake dewe nggagas sampek tuntas. Wong tuwane perlu dijak omong-omong bareng. Nek wis nemokno oyot masalahe karo wong tuwane, anak-anake dikumpulno. Tapi yoopo carane cek gak curigo, supoyo gak wedi nglumpuk.”

“Liyane yo diundang, digawekno acara liyane.”

“Nek ngunu sing ngundang Karang Taruna ae.”

***

“Assalamualaikum.”

“Waalaikum salam. Ngalap kebendheran Pak Guru.”

“Wonten nopo Pak Lurah?”

“Niki pas mbakas lare desa ngriki sing mboten tetag sekolahipun. Nggih mboten nerus utawi mothol.”

“Problem niku ten pundi-pundi, mboten wonten desa ngriki mawon.”

“Lha pemanggih Njenengan dos pundi, supados lare-lare tetep saget sekolah malih?”

“Lare ngaten pun kathik diaban-abani sekolah. Pun rade alergi, malah mboten wonten kasile.”

“Lajeng dos pundi?”

“Intine lare-lare niki supados tetep saget belajar.”

“Mboten kantuk ngomong sekolah, tapi belajar. Lak sami mawon?”

“Benten Man Gondo. Nek sekolahan niku lak blegere jelas. Wonten gedunge, Kepala Sekolahe, kelas-kelas, guru-guru, buku-buku, upacara, tata tertib, lan sak piturute.”

“Ten sekolah lak nggih belajar?”

“Leres. Wonten sekolahan kegiatanae belajar. Tapi lare belajar mboten kedah ten sekolahan. Ten ngandhape wit asem, tanggul pinggir kali, utawi ten gubug sawah nggih saget belajar. Tapi sing belajar mboten perlu diarani sekolah.”

“Lha gurune?”

“Saget kancane, saget dereke, tanggane, nggih saget guru. Namung carane belajar benten kalian ten sekolahan. Guyon-guyon parikeno.”

“Lha mosok saget angsal ilmu?”

“Kadang malah luwih kathah tinimbang ten sekolahan.”

“Kok saget?”

“Soale antara sing belajar kalian sing ngajar koyok mboten wonten jarak, koyok konco raket. Akhire mboten wedi takon, mboten wedi mbantah, kadang biasa lok-lokan.”

“Lak gak diajeni gurune?”

“Ketoke gak diajeni, tapi malah diregani. Gablok-gablokan, tapi luwih hormat lan nganut.”

“Mosok se?”

“Sing ditrapno iku metodene gak podo. Nduk sekolahan biasae diarani paedagogy, gae ndidik arek-arek.. Nek nduk njobo sekolah maeng gae metode andragogy. Andragogy jane digawe pendidikan wong sing kawak, wis dewoso. Wong kawak iku wis akeh pengalamane uripe. Akeh wong gak iso moco nulis tapi wani nguyang. Deke iso ngepingno bobote pari karo regane. Iso ngitung duwik. Iso nyusuki. Lha mulang wong kawak iku gak perlu diglontor ilmu pengetahuan. Cukup diudek ilmu lan pengalaman sing wis dilakoni.”

“Lha ijazahe?”

“Lha niki. Kulo sering sumpeg mikir niku. Kathah lare lan tiyanag niku sing dipadhosi ijazahe, senes ilmune.”

“Lha nggadah ilmu mboten nggadah ijazah lak nggih percuma.”

“Leres, kedahe nggadah ijazah sing setara kalian ilmune. Nggadah ijazah tapi ilmune kopong nggih kedusan. Nggadah ilmu tanpa ijazah nggih sak repotan menawi pas mbutuhaken.”

“Kajeng kulo ngeten Pak Guru. Yok nopo lare-lare mangke angsal ilmu, nggih nggadah ijazah.”

“Nggih nderek Kejar Paket mawon. Wonten Paket A, Paket B, kalian Paket C lintang PKBM.”

“Lha niku maksud kulo Pak Guru. Man Gondo kalian Sumo Gambar riyen nggih lulusan Kejar Paket B. Tapi nggene tebih, ten Kecamatan lintu.”

“Tumbu angsal tutup, Pak Lurah. Kulo ngriki wau nggih bade rembagan kalian Njenengan bab PKBM. Desane awake dewe niki pun betah. Sak lintune lare-lare wau, lak nggih kathah bapak ibu imgkang dereng lulus SD/MI, nopo malih SMP/MTs.”

“Alhamdulillah Gusti Pengeran, Njenengan utus malaikat nuntun Pak Guru niki wau. Mugio enggal kelaksanan.”

“Mugi-mugi mawon Pak Lurah.”

“Tapi PKBM-e pun kados sing nglulusno Man Gondo kalian Sumo Gambar.”

“Lha lanopo?”

“UNAS jawabane di-SMS kalian pamong belajare. Bijine apik tapi tetep gak enthos opo-opo.”

“Wah, lha pancen kadhang kathah sing jarang mlebet. Pun sepuh pisan, mboten nyanthol.”

“Tapi nyanthol 25% nggih pun lumayan.Pak Guru. Nggih kulo setuju ndamel PKBM sing sae.”

Plandi, 24 April 2017

Lainnya

Mbulete Utang

Mbulete Utang

Nduk njero blumbang akeh iwak sepate.
Onok bethik siji, gak tumon ngambang
.”

“Jik yahmene wis bakas iwak.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah
Gak Njabat Gak Bongko!

Gak Njabat Gak Bongko!

Kelopo kopyor, Sut, jare kenek digae obat.”

“Loro opo, Man?”

Kepalaku kopyor, Sut, jare kenek babat.”

“Babat damen ta, Man?”

“Dapako.

Nasrul Ilah
Nasrul Ilah